Baung

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Iwak Baung)
Iwak Baung
Kalamangsa: Late Miocene–Recent
Mystu plani 080519 9414 ckoep.jpg
Hemibagrus planiceps
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Siluriformes
Famili: Bagridae
Génus: Hemibagrus
Bleeker, 1862
Type species
Bagrus nemurus
Valenciennes, 1840
Sinonim
  • Macropterobagrus
    Nichols, 1925
  • Brachymystus
    Fowler, 1937

Baung punika nama golongan iwak ingkang kalebet dhateng marga Hemibagrus, suku Bagridae [1]. Ulam punika nyébar wonten ing India, Cina kidul lan Asia Tenggara. Namanipun ulam baung saben dhaérah punika bènten-bènten kados iwak eri, baong, baon (Mly.), bawon (Btw.), senggal utawi singgah (Sd.), tagih utawi tageh (Jw.), niken, siken, tiken, tiken bato (Kalteng), lan sanèsipun. Ulam baung taksih satunggal kerabat kaliyan iwak lélé, nami marganipun Hemibagrus ingkang saking Basa latin Hemi ateges setengah lan bagrus ingkang dipunpendhet saking pelafalan Muhazab ''bagre'' awit pituturan Yunani pagros (nama jinising ulam laut) [1].

Morfologi[besut | besut sumber]

Wujudipun ulam baung punika dawa, lunyu, boten kagungan sisik, kepala ageng lan depres kanthi tigang pasang sungut ing kiwa tengen tutuk lan sepasang malih ing lubang pernafasan. Kejawi punika dawanipun sungut rahang nginggil dumugi sirip dubur. Wonten ing sirip dhadha lan punggung kagungan eri patil. Ulam baung kagungan sirip lemak(adipose fin) ing sakwingkingipun sirip punggung [1].

Panyebaran[besut | besut sumber]

Distribusi ekologis ulam baung punika perairan tawat, kali utawi lèpèn, tlaga ugi wonten ing muara lèpèn lan padatanipun kapanggihaken wonten ing dhaérah banjir. Ulam baung ugi saged gesang wonten ing kolam kanthi dhasaripun arupi wedhi lan watu. Ing Jawa Kulon, ulam baung kathah kapanggihaken wonten ing Lepen Cidurian lan Jasinga Bogor amargi toyanipun cethèk ( 45 meter ) kanthi kecerahan 100 % [1].

Ulam punika remel damel gerombolan wonten ing dhasaring perairan lan damel sarang arupi bolongan ingkang lunak kanthi ilining toya ingkang kalem. Ulam baung remen ugi kaliyan papan-papan ingkang boten katingal lan boten aktif medal saking sarang sadèrèngipun dinten peteng. Nalika sampun dalu, ulam punika pados mangsa ananging namung wonten ing sekitar sarang. Distribusi geografis ulam baung punika wonten perairan Indonesia, Hindia Timur, Indocina, lan Thailand[1].

Jinis kelamin[besut | besut sumber]

Jinis kelamin ulam baung punika saged katingal kanthi cara nyigar weteng lan ningali gonad lan ciri-ciri morfologis. Gonad ulam baung betina lan ulam baung ingkang jantan mapan wonten ing rogga weteng pérangan dorsal intestin. Gonad ulam ulam saged katingal manawi ukuran ulam punika kirang langkung 20 cm. Awit saking punika ulam baung ingkang langkung alit saking ukuran kasebut saged kabédakaken kanthi ningali lubanging genital.

Penyakit[besut | besut sumber]

Penyakit ingkang asring nyerang ulam baung punika ichthyopthirius multifiliis utawi langkung kawentar kanthi nama white spot (bintik putih) [1].

Panganan[besut | besut sumber]

Kebiasaan mangan ulam baung punika asifat noktural, inggih punika aktivitas kagiyatan gesangipun langkung kathah wonten ing wanci dalu, Kejawi punika, ulam baung remen ndelik wonten ing liang-liang pinggirin lèpèn papan gesangipun. WOnten ing alam, ulam baung kalebet kéwan pemakan menapa kemawon utawi omnivora. Ananging wonten ugi ingkang nglebetaken ulam punika dhateng golongan kéwan ingkang mangan daging (karnivora) amargi ulam punika langkung kathah mangan kéwan-kéwan alit kados ta ulam-ulam alit, urang-urang alit, remis, insekta, moluska, lan suket.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f [1], Ikan baung (dipun-akses tanggal 07 Dhésèmber 2012). Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "internet1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda