Gunem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Ciptaning gunem kawayang ing MRI wayah nyata

Gunem utawa wicara (cara Indonésia: wicara, cara Walanda: spraak, cara Inggris: speech) iku wujud komunikasi sing diucapaké, adhedhasar gabungan sintaktis saka lèksikon lan aran, sing ana ing kosa tembung (lumrahé dumadi udakara 1.000 tembung béda-béda). Saben tembung sing diujaraké iku dumadi gabungan fonétis saka saprangkat uni wicara swara lan wyanjana. Kosa tembung, sintaksis sing nata tembung, lan saprangkat uni wicara iku ana manéka warna, mula njalari ana warna-warna basa manungsa nganti cacahé éwon sing ora padha silih paham. Wong akèh-akèhé bisa komunikasi rong basa utawa akèh basa,[1] mono diarani poliglot. Kabisan panywara sing nglantari manungsa bisa geguneman uga minangka sing nglantari manungsa bisa nyanyi.

Komunikasi manungsa ana sing awujud isarat, disebut basa isarat. Basa isarat iki lestari ing golongan tuna rungu. Gunem ing sawenèh budaya dadi dhasaring basa tulis. Basa tulis iku kala-kala béda saka basa lésané ing babagan kosa tembung, sintaksis, lan fonétik, mula banjur ana kahanan sing ingaran dhiglosia. Saliyané dianggo komunikasi, gunem miturut sawenèh sikolog kaya ta Vygotsky iku dianggo ing jero pikiran saperlu nambah lan nata kognisi sarana monolog jeron.

Gunem ditlitèni ing babagan cipta gunem lan persèpsi gunem tumrap uni-uni sing dianggo ing basa lésan. Sajeroning risèt, rembug liyané iku ngenani rambahan gunem, kabisan nyocogaké tembung lésan sing karungu karo panywaran nedya ditembungaké sing wigati tumrap pangambaning kosa tembung bocah, lan cacad gunem. Sawenèh dhisiplin akadhemis sing nyinaoni bab iki nyrambahi akustik, sikologi, patologi gunem, linguistik, kawruh kognitif, kawruh komunikasi, otolaringologi, lan kawruh komputer. Babagan risèt liyané iku piyé manéka babagan ing utek manungsa kaya ta babagan Broca lan babagan Wernicke dadi dhasaring gunem.

Dibandingaké kéwan, kas-orané gunem tumrap manungsa iku kontrovèrsial awit kéwan uga komunikasi sarana panywaran. Masiya ora ana kéwan sing duwé kosa tembung, risèt ngenani kabisan basa tanverbal ing benthung-benthung ajahan kaya déné Washoe lan Kanzi nuduhaké bokmanawa kéwan-kéwan iki uga duwé kabisan iku. Mulabukané gunem ora kaweruhan lan isih dadi wawan gunem sarta pangira-ira.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Tucker, G. Richard (1999). "A Global Perspective on Bilingualism and Bilingual Education." (PDF). Carnegie Mellon University. Dijupuk 23 April 2012.