Gedhung Saté

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Gedhung Satè
Gedhung Satè yèn disawang saka mburi

Gedhung sate iku gedhong sing diyasa kanthi karakteristik ornamén ana kaya sunduk satè ing dhuwuré yasan.[1] Gedhung satè kalebu yasan kang duwé sajarah ing kutha Bandung.[1] Gedhung satè iki kalebu yasan kang kuna ing kutha Bandung. Sanajan manggon ing Bandung nanging akèh wong saka kutha liya kang marani gedhong iki sarana kepéngin klenceran.[1] Gedhung satè kabangun ing taun 1920.[1] Gedhung satè dadi ciri utawa maskot kutha Bandung, Provinsi Jawa Barat.[1] Gedhung Satè dadi idèntitas utawa landmark kutha Bandung.[2]

Nalika jaman pamaréntahan kolonial, Gedhung Satè dikuasai karo Gouvernements Bedrijven utawa GB.[1] Nalika gedhong satè diyasa kang nyéléhaké watu kang sepisanan ya iku Johanna Catherina Coops,dhèwèké putri pambarep Walikota Bandung kang jenengé B. Coops.[1] Johanna Catherina iku bojoné Petronella Roelofsen. Gedhung satè diresmekaké Governor-General ing Batavia, J.P. Graaf van Limburg Stirum nalika tanggal 27 Juli 1920.[1] Gedhung satè diyasa tim Ir. J. Gerber, arsitèk kanthi jeneng Technische Universiteit Delft in the Netherlands, Ir. Eh. De Roo lan Ir. G Hendriks, insinyur saka Bandung.[3] Gedung Satè diyasa ing taun 19201924 ing Wihelmina Boulevard kang saiki dirani Jalan Diponegoro no.22 Bandung.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Nalika diyasa gedhong satè ngentékaké béya kang cacahé enem yuta Gulden.[4] Saka angka enem kang nuduhaké entéké béya kanggo yasa iki disimbolaké kanthi enem wiji satè kang katusuk kang manggon ing puncak gedhong ing menara sentralé.[4] Vèrsi liya nerangaké yèn ornamèn kang mirib satè iku enem wiji jambu wer utawa mlathi.[4]

Konstruksi[besut | besut sumber]

Kurang luwih ana 2000 wong kang yasa Gedhung Satè.[1] 150 wong duwé katrampilan kang apik ing ngèlmu yasan, saliyané iku Gedhung Satè uga diyasa déning tukang kayu saka nagara China ya iku saka Konghu lan Kanton.[1] Gedhung Satè uga diyasa déné tukang kayu lan tukang batu saka Bandung.[1] Tukang-tukang iki manggon ing désa saka Kampung Sekeloa, Kampung Coblong Dago, Kampung Gandok lan Kampung Cibarengkok.[1] Dhèwèké sinau ing yasan Gedong Sirap ing kampus Technische Hoogeschool Bandoeng kang saiki diarani Institut Teknologi Bandung, saliyané iku tukang-tukang iki uga sinau saka Gedong Papak, city hall Bandung.[1] Sawisé patang taun diyasa, ing sasi September taun 1924 yasan kanggo Gouvernements Bedrijven dadi.[1] Saliyané iku kantor kanggo PTT (Post, Telefoon en Telegraaf, Mail, Telephone and Telegraph) lan pabukon uga wis dadi.[1]

Gedung Satè diyasa ing lahan kang ambané 27.990,859 m2.[4] Ambané yasan 10.877,734 m2 ya iku Basement kanthi amba 3.039,264 m2, Lantai I ambané 4.062,553 m2, tèras lantai I ambané 212,976 m2, lantai II ambané 3.023,796 m2, téras lantai II ambané 212,976 m2, menara 121 m2 lan tèras Menara 205,169 m2.[4] Gedung Satè duwé fasade (tampak depan) kang pancèn sengaja diyasa madhep ing Gunung Tangkuban Perahu ing pérangan utara.[4]

Arsitektur[besut | besut sumber]

Asitéktur Gedhung Satè digarap déning Ir. J. Gerber lan tim kang ngarancang design lan disempurnakaké déning arsiték Walanda kang misuwur ya iku Dr. Hendrik Petrus, dhèwèké nggunakaké arsitéktur tradhisional Indonésia ing rancangan arsitékturé.[5] Gedhung Satè diyasa kanthi arsitéktur lan struktur yasan kang monuméntal lan unik.[5] Gedhung Satè kalebu yasan kanthi arsitéktur perpaduan Indo-European.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o indahnesia.com(dipununundhuh tanggal 31 Mèi 2011)
  2. ^ a b bandung.go.id(dipunundhuh tanggal 31 Mèi 2011)
  3. ^ archipeddy.com(dipunundhuh tanggal 31 Mèi 2011)
  4. ^ a b c d e f dnaberita.com(dipunundhuh tanggal 31 Mèi 2011)
  5. ^ a b c buletin.melsa.net.id(dipunundhuh tanggal 31 Mèi 2011)