Menyang kontèn

Dewiq

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Infobox orangDewiq
Biografi
Nifas15 Juni 1975 (50 tahun pertal)
Ujung Pandang
Agama PertalIslam
Kegiatan Pertal
PakaryanJuru nyanyi lan penulis lagu (id)
Wayah aktif1996  
Genre PertalMusik pop
Instrumen PertalSwara
Kulawarga
Pasangan nikah PertalPay

Facebook: DewiqOfficial Instagram: dewiq_official Spotify: 0cDHy27P7Ddr8E4sWxzX9i iTunes: 266610768 Musicbrainz: 673121b0-f4ac-4198-b7e9-11799299e296

Cynthia Dewi Bayu Wardhani luwih misuwur kanthi jeneng Dewiq (lair ing Makassar, Sulawesi Kidul, 15 Juni 1975; umur 50 taun).[1] Dewiq ya iku musikus lan penyanyi kang asalé saka Indonésia. Lagu-lagu ciptaané Dewiq luwih misuwur tinimbang kang nyiptakaké.[1] Akèh wong kang ora ngerti yèn lagu iku kang nggawé Dewiq.[1] Dewiq nggawé lagu ing akèh aliran musik.[1] Nanging Dewiq luwih seneng karo aliran musik blues.[1] lagu kang digawé Dewiq luwih misuwur tinimbang Dewiq.[1] Malah-malah akèh wong kang ora percaya yèn lagu-lagu iku gaweyane Dewiq.[1] Dewiq iku mantan bojoné Pay CCD kang dadi gitaris grup musik BIP.[1]

Dewiq iku anak kang pungkasan (ragil) saka pasangan Bambang Yuliarto lan Myrna Amy Nigell (Walanda).[2] Dewiq wiwit cilik pancén seneng musik.[2] Nalika SMP Dewiq sinau main gitar lan nalika SMU Dewiq banjur sinau main drum.[2] Dewiq sekolah SMU ing salah sijiné SMU kang ana ing Jakarta Utara.[2] Dewiq wiwit ngerti musik lan wiwit seneng musik kang duwé aliran rock, Gun n Rose, Black sabath, Metalica.[2] Nalika kuliyah jurusan Sastra Inggris ing STIBA Bandung, Dewiq nggawé grup band Red Rose kang mirunggan main musik Extreme, Mr Big, lan Led Zeppelin.[2] Nanging saking senengé ngeband lan mèlu festival-festival musik ndadékaké kuliyahé ora nutug lan mung tekan semester papat.[2]

Dewiq wiwit pacaran karo Pay nalika lagi nggawé album kang kaping pindho.[2] Sasi Maret taun 2001, Dewiq lan Pay banjur nikah.[2] Leloroné cerai nalika taun 2007.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 hot.detik.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 19 Juli 2011)