Menyang kontèn

Candhi Pendhem

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
candhi pendhem
sumur candhi pendhem
tangga candhi pendhem
makara ing candhi pendhem ingkang dèrèng rampung dipundamel
rerenggan ing tangga candhi
antefiks candhi
relief gana ing candhi pendhem

Candhi Pendhem inggih punika salah satunggaling candhi agami Hindhu. Candhi Pendhem dumunung ing Dhusun Candhi Pos, Désa Sengi, Kacamatan Dukun, Kabupatèn Magelang.[1] Candhi pendem sengi inggih salah satunggaling candhi ingkang dumunung ing kompleks candhi ing Sengi. Wonten kalih candhi sanès ingkang ugi dumunung kompleks punika, inggih punika candhi Asu saha candhi lumbung. Candhi ingkang tilaran agami Hindhu punika jarakipun namung 100 mèter saking candhi asu sengi. Kangge dugi ing candhi pendem kedah liwat blusukan sawah warga amargi candhi punika dumunung ing tengah sawah kirang langkung 2-3 metew ing ngandhap pérangan sawah.

Sujarahipun

[besut | besut sumber]

Dipunsebat candhi pendhem amargi candhi punika papanipun wonten ing ngandhap, udakara tigang mèter sangandhapipun siti.[2] Kala rumiyin candhi punika sampun naté kependhem amargi wlahar gunung merapi mila kasebat candhi pendhem.[2] Sanajan candhi punika mapan wonten ing sangandhaping sabin, nanging kanggé njagi kawontenanipun yasan candhi sampun dipundamelaken kalèn alit kanggé saluran mbucal toya ing dhasar candhi punika.[2] Dadosipun manawi wonten jawah, candhi punika boten badhé kelelep.[2]
Ukuranipun candhi pendhem punika radi ageng, langkung ageng tinimbang Candhi Asu Sengi lan gadhah lawang ingkang madhep kulon.[3] Ing tengah candhi wonten satunggal sumur ingkang langkung ageng lan langkung jero tinimbang sumur ingkang wonten ing Candhi Asu Sengi.[3] Ing sakitering candhi wonten relief gana ingkang saged dados salah satunggaling titikan bilih candhi punika kalebet candhi mawi latar wuri agami Hindhu.[3]

Arsitektur

[besut | besut sumber]

Candhi Pendem gadhah arsitèktur ingkang sami kaliyan arsitèktur candhi Asu lan Candhi Lumbung.[4] Candhi-candhi kasebat gadhah gaya arsitèktur motif-motif geometris kados ta meander, pilin, tumpal, lan sapanunggalanipun.[4] Motif-motif kados makaten inggih kalebet motif rupa hias ingkang paling sepuh wiwit jaman prasajarah. Lajeng, nalikanipun kagunan klasik ing jaman ngrembakanipun agami Hindhu mlebet Indonésia, rupa hias geomètris ngrembaka dados wujud rupa hias organis kanthi titikanipun wonten jinis arsitèktur kados sulur-suluran, tetedhahan, wit-witan, saha kembang-kembang. Rupa hias kanthi motif punika wonten ingkang asipat simbolis utawi namung kanggé isènan satunggaling babagan kémawon.[4] Ningali motif-motif rupa hias candhi-candhi kasebat ingkang sampun wonten wiwit saking abad VII dumugi abad XV Masehi punika, nedahaken bilih sajatosipun motif-motif rupa hias geometris ngrembaka dados motif rupa hias organis.[4]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1](dipundhuh tanggal 30 Novèmber 2012)
  2. a b c d [2](dipunundhuh tanggal 30 Novèmber 2012)
  3. a b c [3][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 30 Novèmber 2012)
  4. a b c d [4][pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 30 Novèmber 2012)