Menyang kontèn

Bertrand Antolin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bertrand Antolin
Lair14 Juli 1980 (umur 46)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Penyanyi, Presenter, Model, Para politisi
Wong tuwaThierry Robert Juhel (Ayah), Jennonica Vernorita (Ibu)

Bertrand Antolin (lair ing Jakarta, 14 Juli 1980; umur 46 taun).[1] Bertrand Antolin duwé katurunan Cina lan Prancis. Bertrand Antolin ing donyaning hiburan Indonesia, luwih ditepungi dadi présènter, juru main sinétron lan juru main filem.[1] Saliyané iku, Bertrand Antolin uga ditepungi dadi modhèl.[1]

Bertrand Antolin wiwit ditepungi nalika dadi présènter ing acara Clear Top 10 bareng karo Dewi Sandra.[1] Sinétron kang sangsaya nggawé jenengé misuwur ya iku sinétron kanthi jeneng Sephia.[1] Bertrand uga tau akting ing layar amba lumantar filem kang judhulé Apa Artinya Cinta?.[1] Nalika taun 2009, Bertrand Antolin nggawé single kang sepisanan. Single iki duwé judhul "Bubar".[1] Single kang sepisanan digawé Bertran iki tau éntuk top 20.[1]

Film kang tau dibintangi Bertrand Antolin ya iku filem kang judhulé Apa Artinya Cinta.[1] Ing filem iki, Bertrand Antolin main karo Samuel Rizal lan Shandy Aulia.[1] Saliyané main filem, Bertrand Antolin uga main sinétron.[1] Sinétron kang tau dibintangi ya iku sinétron kang judhulé Aku Bukan Untukmu, Pangeran Kampus, Itu Kan Cinta, Dara Manisku, lan liya-liyané.[1]

Mantan pacar Dhini Aminarti iki tau digosipaké pacaran tunggal jinis ya iku karo aktor Indra Bruggman.[1] Leloroné uga digosipaké nikah ing Walanda.[1] Nanging Bertrand apa déné Indra nerangaké yèn pawarta iku ora bener.[1]

Suwé ora tau ngetok ing tivi, nalika September 2009, Bertrand Antolin nggawé single kang sepisanan.[1] Single iki judhulé Bubar. Iki mratandhakaké Bertrand Antolin uga ngrembakakaké kariré kanthi nyanyi.[1] Fans-fans Bertrand Antolin kang kangen ndeleng aktingé Bertrand ing tivi padha seneng nalika Bertrand main manèh ing sinétron kang judhulé "Aura".[1]

Kanggo njaga awaké supaya ora lemu,[2] Bertrand Antolin kang nalika cilik seneng mangan babi saiki wis ora tau mangan babi nalika riyaya dina Imlek.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Film kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]

Sinétron

[besut | besut sumber]

Sinétron kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]

FTV kang dibintangi Bertrand Antolin.[1]

Diskografi

[besut | besut sumber]

Album kang digawé Bertrand Antolin.[1]

  • Bubar, Single (2009 - 2010)

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 selebriti.kapanlagi.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)
  2. 1 2 hot.detik.com(diundhuh tanggal 18 Juli 2011)