Menyang kontèn

Dhini Aminarti

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dhini Aminarti
LairDhini Aminarti Maulana
29 Mèi 1983 (umur 43)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Presenter
BojoDimas Seto

Dhini Aminarti (lair ing Jakarta, 29 Mèi 1983; umur 43 taun) ya iku aktris lan presenter Indonesia.[1]

Jeneng Dhini Aminarti misuwur kanthi perané dadi Wulan ing sinétron kang irah-irahané Wulan.[1] Bocah wadon kang dhuwure 173 cm (5 ft 8 in) iki kerep meranaké paraga protagonis kang tumindaké apik.[1] Nanging dhèwèké uga nduwéni kepenginan kanggo main dadi paraga antagonis utawa dadi wong édan.[1] Sinetron kang tau dibintangi Dhini Aminarti ya iku Siapa Takut Jatuh Cinta, Cewek Macan, Bule Masuk Kampung 3, Si Cecep, Roda-Roda Cinta, Si Cantik dan Si Buruk Rupa, Maha Kasih 2, Kembang Surga, Wulan, Maha Cinta, lan Serial TV Jomblo.[1] Dhini Aminarti uga main ing Layar Lebar produksi Trans TV kang irah-irahane Dunia Lain (2006).[1] Saliyané main ing sinétron, Dhini Aminarti uga dadi modhél Sari Ayu lan Konika filem.[1]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Nalika tanggal 12 Dhésèmber 2009, Dhini Aminarti nikah karo Dimas Seto.[1]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]
  • Siapa Takut Jatuh Cinta
  • Pencopet Cinta
  • Tutur Tinular (1999) minangka Tribhuwana Wijayatunggadewi
  • Cewek Macan
  • Bule Masuk Kampung 3
  • Si Cecep
  • Roda-Roda Cinta
  • Si Cantik dan Si Buruk Rupa
  • Maha Kasih 2
  • Kembang Surga
  • Wulan minangka Wulan
  • Maha Cinta
  • Serial TV Jomblo
  • Setinggi Bintang
  • Putri Duyung Marina (2010) minangka Marina (barengan karo Dhimas Seto)
  • Surga Untukmu (2010)
  • Kemilau Cinta Kamila 2 (2010) minangka Alya
  • Lagu Cinta Nirmala minangka Sassa
  • Anugerah sabagai Wulan
  • Anugerah Episode Malaysia Ottawa
  • Saudara Oesman
  • Sayang
  • Abadi
  • Awas Ada Sule 2
  • Tante Sonya
  • Dunia Lain (2006)

Presenter

[besut | besut sumber]
  • Kabar-Kabari

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 [ Profil ing KapanLagi.com Archived 2010-04-07 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 9 Juli 2011)