Menyang kontèn

Dimas Seto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dimas Seto
LairDimas Setowardana
23 Juli 1979 (umur 46)
Jakarta, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis
Taun aktif1998 - saiki
BojoDhini Aminarti

Dimas Setowardana misuwur kanthi jeneng Dimas Seto (lair ing Jakarta, 23 Juli 1979; umur 46 taun).[1] Dimas Seto iku salah sijiné juru main filem lan sinétron Indonesia.[1]

Dimas Seto miwiti kariré ing donya hiburan sawisé dadi jawara pamilihan Top Guess 1998 Majalah Aneka.[1] Kamenangan iki maragaké Dimas Seto dadi bintang iklan warna-warna produk.[1] Saka bintang iklan, Dimas Seto banjur njajal akrir kanthi akting ing sinétron.[1] Sinétron kang tau dibintangi Dimas Seto kaya ta "ABG", "Jamilah Binti Selangit", "Kutunggu Cintamu", "Mukjizat Allah", "Jangan Pergi Dariku", "Cintaku Berat di Ongkos" lan "Penjaga Hati".[1]

Dimas Seto uga akting ing layar lebar kanthi dadi bintang ing filem "Buruan Cium Gue".[1] Nanging filem iki banjur dilarang awit nggawé kontroversi.[1] Sawisé iku Dimas Seto uga akting ing filem kang judhulé "Pesan Dari Surga"kang dibintangi aktris Luna Maya.[1] Dimas Seto uga main ing filem kang judhulé "Selamanya" bareng karo Julie Estelle lan Masayu Anastasia.[1]

Kauripan pribadi

[besut | besut sumber]

Dimas Seto tau pacaran kang suwené sangang taun karo anak nomer loro promotor Adri Soebono, Cristy Soebono.[2] Nanging leloroné banjur putus nalika taun 2006.[2] Sawisé putus karo Cristy, Dimas Seto dikabaraké cerak karo aktris lan penyanyi kang jenenge Ussy Sulistiawaty.[2] Nanging leloroné uga putus.[2] Ing akir taun 2008, Dimas Seto dikabaraké cerak karo artis Dhini Aminarti.[2] Leloroné uga ngakoni yèn lagi cerak. Malah Dimas Seto nerangaké yèn Dimas apa déné Dhini Aminarti lagi prosen ngenal siji lan sijiné.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggl 31 Juli 2011)
  2. 1 2 3 4 5 6 cumicumi.com/celebrities/dimas-seto/profile.html cumicumi.com/celebrities(dipunundhuh tanggal 31 Juli 2011)