Menyang kontèn

Azis Gagap

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Azis Gagap
LairMuhammad Azis
22 Dhésèmber 1973 (umur 52)
Jakarta Indonesia
PakaryanPelawak, Artis

Muhammad Azis (lair ing Jakarta, 22 Dhésèmber 1973; umur 52 taun biyasa dikenal kanthi jeneng Azis Gagap) ya iku pelawak lan artis Indonesia.[1]

Azis Gagap miwiti karir dadi pelawak ana ing panggung lenong saka kalurahan tekan kalurahan liya.[1] Banjur, ing taun 1999 Azis Gagap miwiti nyambut gawé bareng Bagito ing acara Paviliun 21 ing TVRI.[1] Azis nglawak bareng Bagito banjur kenalan karo Patrio.[1] Kanggo nyukupi kabutuhan kulawarga, Azis uga tau dadi kontraktor yasan.[1] Nanging amarga rumangsa jiwané ana ing komèdhi, banjur Azis balik manèh ana ing donya hiburan ya iku donya komèdhi mligi lan ninggal perusahaan kontraktor yasan.[1]

Wiwit taun 2008 karier Azis Gagap wiwit mundhak wiwit nglawak ing Opera Van Java bareng Parto, Sule, Andre Taulany, lan Nunung.[2] Azis uga duwé rencana ngrambah donya nyanyi karo gawé album.[2] Saiki Azis uga wiwit ngrambah dadi pambyawara ing acara tivi, ya iku Beauty And Azis bareng karo Rianti Cartwright lan Derings bareng karo Sandra Dewi.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 tabloidbintang.com Archived 2010-02-03 at the Wayback Machine.(10 Juli 2011
  2. 1 2 3 4 poskota.co.id Archived 2011-01-20 at the Wayback Machine.(10 Juli 2011)