Asem sulpat

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Asam sulfat)
Asam sulfat
Gambar
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [7664-93-9]
Nomer EINECS 231-639-5
Nomer RTECS WS5600000
Sifat
Rumus molekul H2SO4
Massa molar 98,08 g/mol
Panampilan cuwèran bening, ora ana warnané, ora mambu
Densitas 1,84 g/cm3, cair
Titik leleh

10 °C, 283 K, 50 °F

Titik umob

337 °C, 610 K, 639 °F

Kelarutan dalam air kacampur penuh
Kaasaman (pKa) −3
Viskositas 26,7 cP (20 °C)
Bahaya
MSDS ICSC 0362
Klasifikasi EU Korosif (C)
EU Index 016-020-00-8
NFPA 704
0
3
2
W
Frasa-R Cithakan:R35
Frasa-S (S1/2), Cithakan:S26, Cithakan:S30, S45
Titik murub tak ternyalakan
Senyawa kagandhèng
Asam kuwat kagandhèng Asam selenat
Asam klorida
Asam nitrat
Senyawa kagandhèng Asam sulfit
Asam peroksimonosulfat
Sulfur trioksida
Oleum
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam sulfat duwé rumus kimia H2SO4, wujud asem mineral (anorganik) kang kuwat. Dat iki larut sajeroning banyu ing kabèh pabandhingan.[1] Asam sulfat duwé kagunan akèh banget. Mupangat utama kalebu pamrosèsan bijih mineral, sintèsis kimia, pamrosèsan banyu limbah lan ngilangi lenga. Réaksi hidrasi (pelarut sajeroning banyu) saka asem sulfat ya iku réaksi èksotèrm kang kuwat. Yèn banyu ditambah asem sulfat pekat, bakal dadi umob.[1]

Bebayané asem sulfat[besut | besut sumber]

Asam sulfat pancèn mbebayani yèn kena jaringan kaya ta kulit, èfèk kang diakibataké akibat sipat asem sulfat minangka senyawa korosif lan panarik banyu kang kuwat bisa nyebapaké kulit kaya kena geni. Tatu kobong akibat asem sulfat bisa ngakibataké luwih medèni ketimbang tatu kobong kang diakibataké asem kuwat liyané, bab iki amarga anané tambahan rusaké jaringan amarga senyawa H lan O saka jaringan ditarik minangka H2O (dhéhidrasi) lan uga bakal ngakibataké rusaké tèrmal sékundhèr akibat uculé panas déning réaksi asem sulfat kanthi médhia banyu.[2]

Bebaya ngenani asem sulfat bakal mundhak padha karo mundhaké konsèntrasi asem sulfat. Nanging, asem sulfat èncèr (kira-kira 1M, 10%) bakal bisa ngakibatakè dhéhidrasi kertas yèn tètèsan asem sulfat mau dinengaké ing sajeroning wektu kang suwé. Mula saka iku, larutan asem sulfat kang padha utawa punjul 1,5M diwènèhi labèl CORROSIVE (korosif), lan larutan punjul 0,5 M lan luwih cilik saka 1,5M diwènèhi labèl IRRITANT (iritan). Saliyané mbebayani kanggo kulit utawa jaringgan, jinis asem sulfat pekat kemebul (oleum) bisa mbebayani kanggo saluran napas. Oleum ngetokaké abluk wujud gas SO2 kang réaktif banget. Gas iki bisa ngrusak paru-paru yèn kasedhot irung, réaksi karo banyu kadadéan kaya mengkéné:

SO2 + H2O → H2SO4.[2]

Yèn kadadéan kacilakan ya iku kapapar asem sulfat ing kulit (kadadéan iki kerep yèn ana ing laboratorium) kudu dilakokaké pananganan kang rikat lan trep. Perawatan pisanan kang standhar sajeroning nangani wutahé asem sulfat ing kulit ya iku kanthi ngumbah kulit mau karo banyu sak akèh-akèhé (banyu kudu mili). Kulit kang kena asem sulfat anggoné ngumbah karo banyu kurang luwih 10 nganti 15 menit supaya ngatisaké jaringan kang ana ing sisihé tatu kobong lan kanggo ngéndhani rusaké kulit kang sipaté sékundhèr. Klambi kang kakontaminasi déning asem sulfat kudu dicopot kanthi rikat lan banjur kulit kang nèmpèl ana ing klambi dikumbah uga kanthi resik.

Tingkatan bebaya kang dhuwur kanthi kadadéan kang kerep kadadéan disebapaké amarga senyawa iki ora bisa digantèkaké fungsiné ing laboratorium utawa indhustri, sipat fisik lan sipat kimia asem sulfat kas lan wigati banget kanggo réaksi kimia. Sanajan iku mbebayani ora mesthi kudu wedi makarya kanthi nggunakaké asem sulfat, amarga kanthi pananganan kang trep, kacilakan bisa dièndhani.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b Asam Sulfat[pranala mati permanèn], (Kaundhuh 31/10/12).
  2. a b c Bahaya Asam Sulfat Archived 2020-09-29 at the Wayback Machine., (Kaundhuh 1/11/12).