Asam klorida

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Asam klorida
Gambar
Identifikasi
Nomor CAS [7647-01-0]
PubChem 313
Nomer EINECS 231-595-7
Nomer RTECS MW4025000
Sifat
Rumus molekul HCl sajeroning banyu (H2O)
Massa molar 36,46 g/mol (HCl)
Panampilan Cuwèran tanpa warna
nganti tekan kuning pucet
Densitas 1,18 g/cm3 (variabel)
Titik leleh −27,32 °C (247 K)
larutan 38%
Titik umob 110 °C (383 K),
larutan 20,2%;
48 °C (321 K),
larutan 38%.
Kelarutan dalam air Kacampur penuh
Kaasaman (pKa) −8,0
Viskositas 1,9 mPa·s ing 25 °C,
larutan 31,5%
Bahaya
MSDS External MSDS
Klasifikasi EU Korosif (C)
EU Index 017-002-01-X
NFPA 704
NFPA 704.svg
0
3
1
COR
Frasa-R Cithakan:R34, Cithakan:R37
Frasa-S (S1/2), Cithakan:S26, S45
Titik murub Tak ternyalakan.
Senyawa kagandhèng
Anion liyané F-, Br-, I-
Asam kagandhèng Asam bromida
Asam fluorida
Asam iodida
Asam sulfat
Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo
ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa)

Sangkalan lan referensi

Asam klorida ya iku dat utawa larutan kang korosif, kang arupa sajinis asam kuwat saka gas hidrogen klorida (HCL). Cuwèran dat asam klorida mèh padha karo dat asam kang ana ing jero tabung, amarga asam klorida kanthi gampang ngrusak dat liyané, mula anggoné nyimpen kudu butuh katalitènan. Asam klorida duwé peranan wigati ing sajeroning indhustri amarga akèh minangka gawé dat utawa senyawa-senyawa liyané.[1]

Asam nitrat tau dadi dat kang wigati banget lan kerep dugunakaké ing awal sajarahé. Asam nitrat tinemu déning alkimiawan persia Abu Musa Jabir bin Hayyan watara taun 800. Senyawa iki digunakaké sakdawané abad patengahan déning alkimiawan sajeroning nggolèki watu filsuf, lan banjur digunakaké uga déning èlmuwan Èropah uga kalebu Glauber, Priestley, and Davy sajeroning adicara yasa pengetauan kimia modhèren.[2] Kawit Révolusi Indhustri, senyawa iki dadi wigati lan minangka manéka tujuan. Prodhuksi masal senyawa kimia organik kaya ta vinil klorida kanggo nggawé plastik PVC lan MDI utawa TDI kanggo poliuretana. Kagunan cilik liyané njangkep panganggoan sajeroning pangresik omah, prodhuksi gelatin, lan aditif panganan. Watara 20 yuta ton gas HCL diprodhuksi saben tauné.[2]

Sajarah[besut | besut sumber]

Asam klorida pisanan tinemu watara taun 800 sak wisé masèhi déning ahli kimia Jabir bin Hayyan (Geber) kanthi nyampuraké natrium klorida karo asam sulfat ("vitriol"). Jabir nemu akèh senyawa-senyawa kimia wigati liyané, lan nyathet penemoné ing sajeroning punjul 20 buku. Penemon Jabir ngenani banyu raja kang bisa nglarutaké emas ngandhut asam klorida lan asam nitrat.[2]

Kimia[besut | besut sumber]

Hidrogen klorida (HCL) ya iku asam monoprotik, kang artiné yèn dhèwèké bisa silih disosiasi ngeculaké siji H+ mung sepisan. Sajeroning asam klorida, H+ iki nggabung karo molekul banyu mbentuk ion hidronium, H3O+: HCl + H2O → H3O+ + Cl− Ion liya kang kabentuk ya iku ion klorida, Cl-. Asam klorida amarga iku bisa minangka gawé uyah klorida, kaya ta natrium klorida. Asam klorida ya iku asam kuwat amarga dhèwèké silih disosiasi penuh ing banyu. Asam monoprotik duwé siji tetapan disosiasi asam, Ka, kang ngindhikasikaké tingkat disosiasi dat mau ing banyu. Kanggo asam kuwat kaya ta HCL, pangaji Ka cukup gedhé. Pira-pira usaha pangétungan téoritis wis dilakokaké kanggo ngétung pangaji Ka HCL. Nalika uyah klorida kaya ta NaCl ditambahké ing larutan HCL, dhèwèké ora bakal ngowahi pH larutan kanthi signifikan. Iki ngindhikasikaké yèn Cl- ya iku konjugat basa kang lemah lan HCL kanthi penuh silih disosiasi sajeroning larutan mau. Kanggo larutan asam klorida kang kuwat, asumsi yèn molaritas H+ padha karo molaritas HCL cukup apik, kanthi ketetepan nyandhak 4 digit angka kang duwé makna.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]