Arifin Siregar
| Arifin Siregar | |
|---|---|
| Mantri Dagang Indonésia ka-24 | |
| Linggih 21 Maret 1988 – 17 Maret 1993 | |
| Présidhèn | Soeharto |
| Kang sadurungé | Rachmat Saleh |
| Kang sawisé | Satrio Budihardjo Joedono |
| Gubernur Bank Indonésia ka-8 | |
| Linggih 1983–1988 | |
| Kang sadurungé | Rachmat Saleh |
| Kang sawisé | Adrianus Mooy |
| Rerincèn dhiri | |
| Lair | 11 Fèbruari 1934 |
| Bangsa | Indoneésia |
| Agama | Islam |
Arifin M. Siregar (lair ing Medan, Sumatra Lèr, 11 Fèbruari 1934; umur 92 taun)[1] inggih punika salah satunggalipun politisi Indonésia.[2] Panjenenganipun njabat dados Mantri Perdagangan ing Kabinèt Pembangunan V lan naté njabat dados Gubernur Bank Indonésia nalika tanggal 23 Maret 1983.[2] Salajengipun Arifin njabat dados Duta Besar Luar Biyasa lan gadhah kakuaosan penuh kanggé Amérikah Sarékat lan Grenada, minangka gantosipun Abdul Rachman Ramly (Agustus 1993-Fèbruari 1998).[2]
Pendidikan
[besut | besut sumber]Sasampunipun lulus SMA, Arifin ngrantau dhateng Éropah.[1] Bapakipun, Maskud Siregar, punika tilas pangusaha èkspor impor.[2] Panjenenganipun kuliyah kanthi nyambi nyambut damel.[2] Nalika Fèbruari 1960 Arifin kasil pikantuk gelar dhoktor ing babagan ékonomi, kanthi yudisium magna cum laude, saking Munster Universitat, Jerman Kilen.[1] Dhisertasinipun ingkang irah-irahanipun Die Asussenwirtschaft und wirtschaftliche Entwicklung Indoneisens (Perdagangan mancanegari lan pangrembakan ékonomi Indonésia). Satunggal taun salajengipun, 1961, karya kasebat dipundamel buku.[2]
Karier
[besut | besut sumber]- Research Worker ing Institut fur Industriewirtschaftliche Forschung ing Universitas Munster, Jerman Kilèn (1960-1961),
- Economic Affairs Officer ing United Nations Bureau of General Economic Research and Policies ing New York (1961),
- madegaken lan ngawontenaken babagan Ékonomi United Nations Economic and Social Office, Beirut (1963),
- Economist Asian Department IMF, Washington DC (1965),
- Wakil IMF ing Laos minangka Penasihat Keuangan/Moneter Pamaréntah Laos (1969-1971),
- Direktur Bank Indonésia (1971),
- Alternate Governor of IMF kanggé Indonésia (1973-1983),
- Gubernur Bank Indonésia (1983-1988),
- Alternate Governor of IDB kanggé Indonésia (1983),
- Mantri Perdagangan Kebinet Pembangunan V (1988-1993),
- Duta Besar Luar Biyasa lan Berkuasa Penuh kanggé Amérikah Sarékat lan Grenada (Agustus 1993-Fèbruari 1998).[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- 1 2 3 Arifin M Siregar Pemimpin Bertangan Dingin Archived 2011-08-28 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
- 1 2 3 4 5 6 7 Arifin M. Siregar[pranala mati permanèn] dipunundhuh tanggal 4 Oktober 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]Arifin M. Siregar[pranala mati permanèn]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |