Séndhok
Séndhok yaiku piranti kanggo mangan. Sendhok biyasané digunaké kanthi pasangan karo garpu.[1] Séndhok nduwèni bentuk oval utawa bunder rada lonjong, ananging séndhok nduwèni gowakan ing tengahé.[1] Gowakan iki gunané kanggo wadhah panganan kang bakal dicidhuk.[1] Saliyané nduwèni bunderan rada lonjong ing sisih liyané sendhok duwéni gagang.[1] Gagang séndhok gunané kanggo nyekeli nalika séndhok lagi dianggo.[1] Ing Indonésia séndhok umumé dicekel ing tangan tengen kanggo njupuk panganan saka piringutawa mangkok.[1] Séndhok kanggo njupuk panganan banjur lebokaké ing cangkem.[1] Déné tangan kang kiwa nyekeli garpu. Garpu duwéni fungsi kanggo mbiyantu nglebokaké lan nata panganan ing séndhok.[1] Séndhok bisa digawé saka logam. [1], ananging uga kena digawé karo matèri utawa bahan liyané. Nalika jaman biyèn séndhok digawé saka kayu.[1] Saliyané iku ana uga séndhok kang digawé saka plastik.[1] Séndhok uga kena kanggo terapi. Terapi iki gunané kanggo kaséhatan.[2]
Jinis séndhok [sunting]
Tembung séndhok umumé nduwèni teges séndhok kang kanggo mangan.[1] Ananging saliyané iku ana jinis sèndhok liyané.[1] Jinis sèndhok iki dibagi miturut gunané sèndhok.[1]
- Séndhok banyu yaiku sèndhok kang khusus digawé kanggo njupuk banyu.[1] Sendhok banyu iki diarani gayung.
- Séndhok bèbèk yaiku sèndhok kang gagangé cekak, bagéyan ngarep sendhok luwih cekung kaya sendhok biyasa.[1] Sèndhok iki bentuké kaya cucuk bébék. Sendhok bébék gunané kanggo mangan bubur, stup buah, ès campur.[1]
- Séndhok sega yaiku sendok kang gunané kanggo nyendhok sega.[1] Sendhok iki bentuké rada lonjong lan luwih amba tinimbang sendhok liyané.[1] Sendhok sega gagangé rada cekak.[1] Sendhok sega uga diarani énthong.[1]
- Séndhok pengedang yaiku sendhok kang digunaké kanggo nyidhuk banyu panas saka tembikar.[1]
- Séndhok sayur yaiku sendhok kang gunané kanggo nyendhok sayur kayata sop.[1] Sendhok jinis iki nduwéni gagang dawa lan bentuké bunder lan rada ledhok.[1]
- Séndhok tèh yaiku sendhok cilik kang gunané kanggo ngudheg ombénan kayata tèh.[1] Saliyané tèh sendhok iki uga kena kanggo ngudheg ombénan liyané kayata kopi, kopi susu, wédang jaé, lan liya-liyané.[1]
- Séndhok semèn yaiku sendok kang digunakaké tukang bangunan kang nggawé rabuk.[1]
Cathetan suku [sunting]
|
|||||||