Garpu
Garpu (Basa Portugis: Garfo), yaiku piranti kanggo mangan.[1] Garpu uga nduwèni bagéyan kang mèmper karo untu.[1] Biyasané garpu nduwèni bagéyan kang mèmper untu kang cacahé 4 nganti 5, ananging ana uga garpu kang nduwéni bagéyan kang cacahé mung 2. [1]Bagéyan kang mèmper untu iki ndhuwèni mupangat kanggo nggampangaké njupuk panganan[1] Bagéyan iki gunané kanggo nyunduk panganan. Garpu biyasané digawé saka logam utawa waja anti karat.[1] Saliyané digawé saka logam, garpu uga ana kang digawé saka plastik lan kayu.[1]
Garpu biyasané dianggo sepasang karo séndok.[1] Panganan kang mbutuhaké garpu yaiku ing antarané mi godhog, mi gorèng, bakso, soto lan liya-liyané. Garpu akèh modhèlé.[1] Jinis garpu iki miturut gunané.[1]
Jinis garpu[sunting]
Jinis garpu miturut ukuran lan gunané yaiku:[2]
Garpu iki digunaké kanggo njupuk daging kang diiris cilik-cilik.[2] Garpu daging bentuké kaya garpu biyasa ananging bagéyan kang kaya untu bentuké rada gedhé lan rada melengkung menjaba.[2]
Garpu iki digunaké kanggo mangan puding utawa bolu. [2] Garpu iki khusus digawé kanggo mangan makanan penutup.[2] Garpu iki duweni garis kang kaya untu cacahe 3.[2] Garpu iki ukurané luwih cilik tinimbang garpu liyané.[2]
Garpu kang digawé khusus kanggo mangan salad.[2]
Garpu pie yaiku garpu kang digawé kanggo mangan pie.[2] Garpu iki bentuké mirip garpu kang kanggo mangan bolu utawa cake.[2]</ref>
Cathetan suku[sunting]
|
|||||||