Menyang kontèn

Pis kucing

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mimosa pudica
(Mimosa pudica)Putri malu
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Fabales
Famili: Fabaceae
Subfamili: Mimosoideae
Génus: Mimosa
Spésies: M. pudica
Jeneng binomial
Mimosa pudica
L.

Putri malu (Mimosa pudica) yaiku tuwuhan perdhu cendhèk anggota suku polong-polongan sing gampang dimangertèni amarga godhongé sing bisa mingkup dhéwé utawa alum kanthi rikat nalika didemèk.[1] Sanadyan sawatara anggota polong-polongan bisa mingkup kaya mangkono, réaksi putri malu luwih rikat tinimbang jinis tuwuhan liyané.[1] Jeneng liya saka putri malu yaiku si kejut, rebah bangun (Minangkabau), akan kaget, riyud, daun kaget (Manado).[2] Déné ing nagara liya kaya ta putri malu diarani Han xiu cao (China), shame palant, puahilahila (Inggris), lan makahiya (Filipina).[3]

Ciri-Ciri

[besut | besut sumber]
Godhong putri malu sing saya mingkup
Woh saka tuwuhan putri malu (Mimosa pudica)

Ciri mirunggan saka putri malu yaiku nutupé godhong kanggo ngayomi dhiri saka kéwan sing panganané tetuwuhan (hèrbivor) sing péngin mangan putri malu.[4] Werna godhong pérangan ngisor tuwuhan putrin malu luwih pucet, saéngga kéwan sing péngin mangan ngira yèn tuwuhan iku wis alum amarga wernané sing pucet.[4]

Putri Malu asring tinemu ing sawah, kebon, lan sesuketan.[5] Tuwuhan iki kalebu tuwuhan herba mènek utawa mlumah ing kadhuwuran 0,3-1,5 m. Tuwuhan alasan putri malu urip ing papan tarbuka.[5] Putri malu sing asalé saka Amérika tropis iki tinemu sepisanan ing papan sing dhuwuré 1200 m saka lumah sagara.[5]

Morfologi

[besut | besut sumber]

Godhong

[besut | besut sumber]

Godhong putri malu wujud godhong majemuk menyirip ganda dua sing sampurna.[6] Gunggungé anak godhong saben sirip yaiku 5-26 pasang.[6] Anak godhong dhapuré ndawa kaya lanset, pucuké lancip, bongkoté bunder, pinggiré rata, lumah dhuwur lan ngisor lunyu, dawané 6–16 mm, ambané 1–3 mm, wernane ijo, padatan pinggir godhong awerna ungu.[6] Yèn kedemèk langsung nglengkuk, siripé nglumpuk kanthi dawa 4-5,5 cm.[6]

Wangun gagangé bunder, ana rambute, lan eri sing padha nèmpèl.[6] Gagangé kanthi rambut sikat arahé miring mangisor.[6]

Oyod putri malu wujud oyod pena sing kuat tumancep ing lemah.[6]

Kembang

[besut | besut sumber]

Wujud kembang putri malu bunder kaya bal, ana gagangé, awerna ungu utawa abang[6]. Kelopaké cilik banget kaya selaput putih. Tabung makutha cilik, ana tajuné 4.[6]

Wujud wohé kaya polong, gèpèng, kaya garis.[6]

Wijiné bunder lan gèpèng.[6]

Obahé Tuwuhan

[besut | besut sumber]

Ciri-ciri sing khas saka putri malu yaiku nalika godhongé didemèk bakal mingkup kanthi rikat. Obahé godhong putri malu iki diarani obah tigmonasti.[7] Tigmonasti yaiku obah nasti sing disebabaké déning rangsangan mékanis wujud sénggolan utawa dipenèt.[7] Tembung tigmonasti iki asalé saka basa Yunani, yaiku thigma sing tegesé sénggolan.[7] Obah tigmonasti iki uga diarani sèismonasti.[7] Mingkupé godhong putri malu iki amarga kena sénggolan. Rèspon mingkup (kaya alum) bakal kadadèn rikat banget watara 1-2 detik.[7] Kanggo mbalik manèh, putri malu merlokaké wektu watara 10 menit.[7] Mékanisme obah iki uga amarga prabawa éwahé tekanan turgor ing jero sèl yaiku ing pérangan persendian godhong.[7]

Kandhutan Godhong Putri Malu

[besut | besut sumber]

Kandhutan sing ana ing godhong putri malu yaiku Mimosine.[8] Sifat kimiawi lan èfèk farmakologis yaiku manis, astringen, rada atis, nenangaké (tranquiliser), sedative, peluruh dahak (expectorant), anti watuk (antitusive), ngudhunaké panas (antipiretic), anti radang (anti-inflammatory), sarta ngluruhaké banyu uyuh (diuretic).[8]

Khasiat

[besut | besut sumber]

Akèh banget khasiat saka godhong Putri malu, yaiku kanggo nambani sawatara lelara, kaya ta:

Carané yaiku godhong putri malu watara 30-60 gram digodhog banjur banyu godhogané diombé.[8] Bisa uga kanthi cara nyampuraké 15 gram godhong putri malu karo 15 gram godhong sawi langit (vemonia cinerea) lan 30 gram godhong calincing banjur digodhog.[8] Banyu godhogané diombé.[8]

Carané yaiku oyod putri malu 60 gram dicampur karo 600 cc banyu, banjur digodhog nganggo geni cilik.[8] Saéngga dadi 200 cc banjur dibagi kanggo diombé ping pindho.[8]

Oyod tuwuhan putri malu watara 10-15 gram digodhog banjur diombé banyuné.[8]

15 gram oyod putri malu dikum ing arak putih 500 cc nganti 2 minggu.[8] Banjur ditèmplèkaké ing pérangan awak sing lara.[8]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b "Khasiat Putri Malu". Diarsip saka sing asli ing 2012-09-01. Dibukak ing 2012-09-19.
  2. Putri malu Archived 2011-08-21 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 September 2012)
  3. Mimosa pudica(diundhuh 23 September 2012)
  4. a b Ciri khusus Putri malu Archived 2017-04-25 at the Wayback Machine.(diundhuh 22 September 2012)
  5. a b c Karya Ilmiah Putri Malu(diundhuh 26 September 2012)
  6. a b c d e f g h i j k Morfologi, Anatomi, dan Fisiologi Mimosa pudica L. Archived 2016-03-05 at the Wayback Machine.(diundhuh 26 September 2012)
  7. a b c d e f g Gerak pada Tumbuhan Archived 2013-02-23 at the Wayback Machine.(diundhuh 21 September 2012)
  8. a b c d e f g h i j k l m n o p q Khasiat Daun Putri Malu Archived 2012-09-14 at the Wayback Machine.(diundhuh 20 September 2012)