Bronkitis

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Februari 2012)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Paru-paru lan bronkus kang kaserang bronkitis

Bronkitis yaiku salah sawijiné panyakit amarga ana peradangan ing bronkus (saluran hawa menyang paru-paru). [1] Panyakit iki padatan nduwèni sifat ringan lan ing pungkasané bisa mari kanthi sampurna. [1] Bronkitis kadadèn amarga ana infèksi, kayata radang tenggorokan, campak, lan watuk rejan. Panyakit iki disebabaké virus lan baktèri.[1]

Peradangan selaput lendir ing saluran bronkial paru-paru nuwuhaké iritasi ing lapisan tipis arupa mèmbran ing saluran bronkial kasebut.[2] Banjur aboh lan dadi gedhé, saéngga nyiutaké lan bisa nutupi saluran hawa saka trakéa tumuju paru-paru.[2] Ciuté saluran napas iki nuwuhaké dahak lan lendir sing ngrangsang watuk minangka réspon refleks sing kerja kanggo ngresiki cairan utawa lendir saka paru-paru.[2]

Ing padatan, bronkitis asring kadadèn amarga pilek utawa infèksi napas liyané.[3] Sawetara bronkitis kronis kahanané luwih parah, yaiku iritasi utawa peradhangan ing bronkus.[3] Kasenengan ngrokok dadi salah siji jalaran utaman kena penyakit bronkitis.[3]

Bab lan Paragraf

Jenis [sunting]

Miturut suwé kadadéyané, penyakit bronkitis dipérang dadi loro, yaiku:

  • Bronkitis akut, perdhangan paru-paru kang suwéné seminggu nganti telung minggu. Padatan disebabaké infèksi virus lan baktèri, sarta bahan kimia kayata mbako.[2]
  • Bronkitis kronis, yaiku gangguan kang suwé ing endi peradhangan lan prodhuksi dahak bisa kadadéyan paling sedhéla telung sasi ing wektu setaun. Padatan bronkitis kronis dialami pecandu rokok berat.[2]

Sabab [sunting]

Padatan bronkitis dijalari dèning infèksi-infèksi paru-paru. Kira-kira 90% saka infèksi kasebut asalé saka virus, 10% saka baktèri.[4] Bronkitis kronis bisa dijalari siji saka sawatara faktor.[4] Serangan-serangan kang bola-bali saka bronkitis akut bisa nglemahaké lan ngiritasi saluran-saluran hawa bronkial lumantar wektu, bisa njalari dadi bronkitis kronis. Sabab liyané yaiku polusi indhustri.[4] Bronkitis kronis ditemokaké ing awak para pekerja tambang, bakul wiji pari-parian, wong nggawé cetakan metal, lan wong-wong liya kang terus kena bledhug.[4] Nanging, sabab utamané yaiku ngrokok kang abot lan suwé kang pungkasané ngiritasi tabung-tabung bronkial lan njalari paru-paru ngasilaké lendir kang akèh.[4] Gejala-gejala saka bronkitis kronis uga bisa tambah parah amarga ana sulfur dioksida lan polutan-polutan liya ing atmosfer.[4]

Gejala [sunting]

  1. watuk ana riyaké (dahak) uga bisa nganti ngandhut getih (ing dina sepisan menawa watuk garing)[5]
  2. rasa lara ing dhadha[5]
  3. rasa kesel[5]
  4. ngelu[5]
  5. awak krasa lara[5]
  6. panas dhuwur (demam)[5]
  7. mripat ngoyos[5]
  8. tenggorokané lara[5]
  9. ambegané seseg lan cendhak-cendhak[5]

Pangobatan [sunting]

Cara nambani kanthi konvensional kanggo bronkitis yaiku mawa cara-cara kang prasaja, kayata ngaso kang akèh, akèh ngombé ciran-cairan, ngindhari abluk rokok lan abluk-abluk, lan menawa éntuk resep kanggo inhaled bronchodilator utawa sirup watuk.[6] Ing kasus kang abot saka bronkitis akut, steroid-steroid kang diisep utawa oral kanggo ngelongi peradhangan utawa suplemen oksigen kang diprelokaké. [6]

Madu lan jeruk lemon uga bisa dadi tamba penyakit bronkitis amarga bisa ngènthèngaké watuk amarga bronkitis lan isa ngadhemaké tenggorokan.[7] Madu lan jeruk lemon uga migunani banget kanggo nglonggaraké saluran ambegan kang macet amarga watuk lan gangguan liya amarga bronkitis.[7]

Cathetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c Seputar Bronkitis(diundhuh 20 September 2012)
  2. ^ a b c d e (id)Penyebab penyakit bronkitis kronis dan akut(diundhuh 24 September 2012)
  3. ^ a b c (id)Bronkitis(diundhuh 22 September 2012)
  4. ^ a b c d e f (id)Informasi tentang Bronkitis(diundhuh 24 Januari 2013)
  5. ^ a b c d e f g h i (id)Bronkitis-Paru-paru Basah(diundhuh 24 Januari 2013)
  6. ^ a b (id)Penyakit Pernapasan (bronkhitis)(diundhuh 21 Februari 2013)
  7. ^ a b (id)Cara Mengobati Bronkitis(diundhuh 21 Februari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Bronkitis&oldid=834423"