Fabales
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Fabales | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales Bromhead |
Fabales iku salah siji bangsa tetanduran ngembang sing klebu jroning klad eurosids I, rosids, core eudicots, lan eudicots (Sistem klasifikasi APG II). Bangsa iki uga diakoni minangka takson jroning sistem klasifikasi Cronquist lan kacakup jroning anak kelas Rosidae, kelas Magnoliopsida.
Jroning Sistem klasifikasi APG II, bangsa iki nyakup suku-suku:
- Fabaceae (Leguminosae) - suku polong-polongan utawa legum
- Quillajaceae
- Polygalaceae
- Surianaceae
Ing sangisoré sistem klasifikasi Cronquist sing luwih suwé, sapérangan suku sing klebu jroning bangsa Fabales dilebokaké jroning bangsa liyané. Polygalaceae jroning bangsa Polygalales lan sing liyané jroning bangsa Rosales.