Lémon
| Lémon | ||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Lémon |
||||||||||||
| Klasifikasi Ilmiah | ||||||||||||
|
Lémon yakuwi salah sawiji jinising jeruk. Ana sawetara jinis lémon antara liya Eureka, Lisbon lan Meyer. Wit lémon bisa tuwuh nganti 6 meter. Lémon tuwuh ing daerah iklim tropis lan sub-tropis sarta ora tahan hawa adhem. Suhu ideal kanggo lémon supaya bisa thukul kanthi apik yakuwi anata 15-30 °C (60-85 °F). Lémon bisa ditemokaké ing Spanyol, Portugal, Argentina, Brasil, Amerika Serikat lan negara-negara liyané ing saubengé Segara Tengah. Lémon minangka tuwuhan kang dipigunakaké kanggo masak, nanging bisa uga kanggo kaperluan saliyané masak-memasak. Wohé, utamané dipurih duduh (jus)é, nanging daging woh, kulité uga uga migunani kanggo masak lan bumbu. Jus lémon udakara nagndhut 5% asam, kang mènèhi rasa kecut, lan pH watara 2 nganti 3. Bab iki kang nyebabaké jus lémon minangka zat asam kang murah kanggo èksperimèn jroning ngèmu sains.
Bab lan Paragraf |
Sajarah[sunting]
Lémon wis kasebut ing literatur wiwit abad ka-10 ana ing risalah basa Arab ngenani tetanèn, senajan tuwuhan iki mbokmanawa pisanan ditandhur ing Assam, India. Lémon dianggo tanaman hias ing kebonan nalika jaman Islam kuna. Lemonade manawa wiwit dikenal ing Mesir jaman abad pertengahan. [1] Jeneng lémon disilih saka basa Arab līmūn لیمون liwat basa Italia & Pranceis kuna.[2][3][4]
Ing taun 1747, èksperimèn James Lind tumrap pelaut kang nandang lara radhang gusi migunakaké Vitamin C jroning panganan nganggo jus lémon. [5]
Kanggo Masak[sunting]
Lémon dianggo ngganwé lemonade, lan minangka campuran kanggo garnish ombénan. Es teh, soft drink lan banyu sering disuguhké nganggo irisan lémon ning gelas utawa ning lambé gelas.
Rata-rata siji woh lémon ngandhut telung sendhok mangan jus. Lémon kang diumbaraké ing suhu kamar utawa diangeti ing mikrowave sawetara wektu luwih gampang diperes duduhé.. Lémon kang ora dilebokaké ing lemari ès kanggo wektu sing rada suwé bisa ndadèkaké njamur.
Iwak biasané diolès dhisik nganggo lémon kanggo ngilangake ambu amisé. Zat asam lémon nétralaké zat amine saka iwak lan ngrubah dadi uyah ammonium.
Jus lémon, utawa campuran karo jus liyané, dipigunakaké kanggo mbumboni daging sadurungé dimasak: zat asam saka lémon sabagéan nyairaké serat collagen jroning daging, saéngga bisa ngempukaké daging kang arep dimasak..
Piguna kanggo kaséhatan[sunting]
| Nilai nurtrisi per 100 g (Cithakan:Convert/oz)</noinclude> | |
|---|---|
| Energi | 121 kJ (Cithakan:Convert/kcal)</noinclude> |
| Karbohidrat | 9 g |
| - Gula | 2.5 g |
| - Serat pangan | 2.8 g |
| Lemak | 0.3 g |
| Protein | 1.1 g |
| Air | 89 g |
| Vitamin C | 53 mg (88%) |
| Citric acid | 5 g |
| Persèntase ngrujuk saka rékomendasi Amérika Sarékat kanggo wong diwasa. |
|
Sawetara sumber mratelakaké yèn lémon ngandhut campuran flavonoid unik kang nduwèni zat anti oksidan lan anti kanker. [6] Bab kuwi kang bisa nyegah tuwuhing sèl kanker. Lemonin kang ditemokaké jroning lémon bisa dadi zat anti-carcinogen.
Amarga dhuwuré kandhungan Vitamin C, lémon didadèkké obat alternatif minangka tonic kanggo obat sistim pencernaan, sistim kakebalan, lan kulit.[rujukan?] Ana kapercayan jroning pangobatan Ayurvedic yèn secangkir tèh lémon bisa nguataké ;lan ngresiki liver. Ing sawijining study Jepang bab effect aromatherapy, saka lémon essential oil sing awujud keluk dismpulaké bisa ngurangi stres tumraping tikus.[7]
Piguna liyané kanggo kaséhatan[sunting]
- Bateré Lémon - kanggo èksperimèn ing sekolah, kanthi nancepké elektroda bisa nuwuhaké listrik.
- Semir Rambut Lémon - Jus Lémon kanggo semir rambut alamiah, supaya wernané luwih cerah.
- Insekticida - D-lemonene jroning lémon digunakaké kanggo insektisida kang ora ngandhut racun.
- Obat kukul - lémon uga biasa kanggo ngobati kukul.
- Pemutih kulit - Jus lémon uga dipercaya bisa mutihaké kulit.[8] The effectiveness, however, is largely a subject of debate.
- Lémon uga biasa dianggo masker rai kanggo nyegeraké kulit
Referensi[sunting]
- ^ http://www.cliffordawright.com/history/lemonade.html
- ^ http://www.bartleby.com/61/55/L0115500.html
- ^ http://food.oregonstate.edu/faq/janfaq/lemon2.html
- ^ http://www.m-w.com/dictionary/lemon
- ^ http://www.kcl.ac.uk/depsta/iss/library/speccoll/exhibitions/skilsail/scurv.html
- ^ Healthiest foods
- ^ "lemon oil vapor causes an anti-stress effect via modulating the 5-HT and DA activities in mice.". PubMed.gov. 2006-06-15. http://www.ncbi.nlm.nih.gov/entrez/query.fcgi?db=pubmed&cmd=Retrieve&dopt=AbstractPlus&list_uids=16780969&query_hl=6&itool=pubmed_docsum. Retrieved 2007-04-26.
- ^ http://www.makeuptalk.com/forums/f12/lémon-juice-applied-topically-59182.html
Pranala jaba[sunting]
- (en) Brief sketches of the history and botany of lemons and other citrus
- (en) (Purdue University) Morton, Julia F. 1987. "Lemon". pp. 160–168, in Fruits of warm climates. (Julia F. Morton, Miami)
- (en) Complete nutritional info
- Andrew M. Watson, 1983. Agricultural Innovation in the Early Islamic World: The Diffusion of Crops and Farming Techniques, 700-1100. (Cambridge: Cambridge University Press) pp 42-50
- (en) Clifford A. wright, "Did you know? History of Lemonade"
Galeri[sunting]
-
UnripeLemon4.jpg
Lémon yang belum masak
|
|||||||||||||||||
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.