Jerapah
| Jerapah | |
|---|---|
| Status konsèrvasi | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Mammalia |
| ordo: | Artiodactyla |
| kulawarga: | Giraffidae |
| Genus: | Giraffa |
| Species: | G. camelopardalis |
| Jeneng binomial | |
| Giraffa camelopardalis Linnaeus, 1758 |
|
Jerapah (Giraffa camelopardalis) yaiku kéwan mamalia mawa kuku genep endemik Afrika lan kalebu spesies kéwan kang paling dhuwur kang uripé ing dharat.[1] Jerapah lanang dhuwuré bisa 4,8 nganti 5,5 meter lan boboté nganti 1.360 kilogram.[1] Nanging yèn jerapah wadon biasané luwih cendhèk lan luwih ènthèng tinimbang jerapah lanang.[1]
Jerapah isih kerabat karo menjangan lan sapi nanging saka suku kang béda, yaiku Giraffidae, kang kalebu jerapah lan kerabat paling cedhak, okapi.[1]
Jeneng spesiesé camelopardalis dijupuk saka jeneng latin, amarga dianggep blasteran onta (camel) lan macan tutul (leopard).[1] Jeneng camelopardalis digunakaké déning Plinius senior ing ensiklopedia kang ditulisé.[1] Jeneng iki uga digunakaké kanggo jeneng salah siji rasi lintang.[1] Jeneng "jerapah" dhéwé dijupuk saka jeneng kéwan iki ing basa Arab (الزرافة, zirafah).[1]
Habitat asliné kang kalebu wilayah saka Chad nganti tekan Afrika Kidul.[1]
Subspesies jerapah [sunting]
Ana sanga subspesies[2] kang umum dibédakaké déning werna lan variasi pola:
- Jerapah Somalia (G.c. reticulata) utawa Reticulated Giraffe
- Bercak wernané soklat enom rada abang ana garis mubeng kang warnané putih padhang, gawé pola poligon kaya jala kang gedhé-gedhé.[2] Habitat: Wétan Kenya, Ethiopia, Somalia.[2]
- Jerapah Angola (G.c. angolensis) utawa Smoky Giraffe
- Jerapah Kordofan (G.c. antiquorum)
- Bercak ukurané cilik, ora temata lan uga ana ing sikil bagéyan njero.[2] Habitat: Sudan bagéyan kulon.[2]
- Jerapah Masai utawa Jerapah Kilimanjaro (G.c. tippelskirchi)
- Bercak wangun kaya godhong anggur, warnané soklat tuwa lan pinggiré ora rata, diubengi garis werna kakuningan.[2] Habitat: Kenya bagéyan tengah lan kidul, Tanzania.[2]
- Jerapah Nubia (G.c. camelopardalis)
- Bercak wanguné mèh padha kaya segi papat, warnané soklat padhang ing ndhuwuré ana warnané krèm.[2] Sikil bagéyan njero lan ngisor dhengkul ora ana bercaké.[2] Habitat: bagéyan wétan Sudan, lor-wétan Kongo.[2]
- Jerapah Rothschild, uga diarani Jerapah Baringo utawa Jerapah Uganda (G.c. rothschildi)
- Bercak wanguné segi papat ana gradiasi werna latar warnané krèm ing bagéyan pinggiré.[2] Bercak bisa nganti tekan bagéyan ngisor dhengkul.[2] Habitat: Uganda, Kenya bagéyan tengah nganti wétan.[2]
- Jerapah Thornicroft utawa Jerapah Rhodesia (G.c. thornicrofti)
- Bercak wanguné kaya lintang utawa kaya godhong, nganti tekan sikil bagéyan ngisor.[2] Habitat: Zambia bagéyan wétan.[2]
- Jerapah Afrika kulon utawa Jerapah Nigeria (G.c. peralta)
Cathetan sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i (id)[http://www.creationism.org/indonesian/giraffes_id.htm Jerapah: Hewan yang menonjol daripada yang lain ] (Diaksès tanggal 11 Agustus 2011)
- ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s (id)TAHUKAN ANDA, SEBENARNYA ADA 9 SUBSPESIES JERAPAH DIDUNIA...?? (Diaksès tanggal 11 Agustus 2011)