Jenéwa
Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi
| Jenéwa Genève |
|
|---|---|
| Info dhasar: | |
| Negara: | Swiss |
| Kanton: | Jenéwa |
| Dhistrik: | Kutha Jenéwa ora dipérang ing dhistrik |
| Dhuwur: | 375 méter sadhuwuring segara |
| Jembar: | 15.86 km² |
| Pedunung: | 185.893 (31 Desember 2006) |
| Situs wèb resmi: | www.ville-ge.ch |
| Péta | |
Jenéwa (Prancis: Genève, Jerman: Genf, Italia: Ginevra, Reto-Roman Genevra) yakuwi kutha paling padhet kaloro ing Swiss (sawisé Zürich), dumunung ing pinggir Tlaga Jenewa kang mili menyang Kali Rhône. Kutha iki minangka ibukutha saka République et Canton de Genève. Kutha iki uga misuwur minangka Kutha Air Mancur ning Negara Swiss
Bab lan Paragraf |
[sunting] Geografis
Kutha Jenewa iku ana ning negara Swiss, luwih tepaté ning Kanton Jenewa. Kanton Jenewa diwatesi negara Prancis ing sisih kulon lan sisih kidul. Ning sisih lor lan lor-wétan, Kanton Jenewa diwatesi déning Kanton Vaud. Ing tengah-tengahe ana telaga, jenengé tlaga Leman, sing uga dadi duwèké negara Prancis.
[sunting] Demografi
Senadyan kutha Jenewa dikenal ing ngendi-endi, sakjané kutha iki kutha cilik, amarga cacahing jiwa sing netep ning kutha iki ora luwih saka 180.000 wong. Saka cacah kuwi, kurang luwih 30% wong saka negara liya sing manggon lan nyambut gawé ing Jenewa. Cacah jiwa ing Kanton Jenewa uga sithik, ora luwih saka 430.000 jiwa.
[sunting] Kutha Air Mancur (Banyu Muncrat)
Jenewa kondang lan cukup dikenal amarga:
- Kutha kanggo nyimpen dhuwit. Ana akèh bank-bank umum lan bang pribadi ing kutha iki. Bank Umum iku tegesé bank sing nglayani wong sing nyimpen lan utang dhuwit. Bank pribadi iki tegesé bank sing ngurusi dhuwit pribadi, utamane kanggo urusan investasi. Akèh wong sugih sing nduwèni lan nyimpen dhuwit ing kutha iki, amarga bank-bank ing kéné nduwèni daya kanggo nyimpen data pribadi pelanggané.
- Kutha jam tangan. Jam tangan kaya Swatch, Rado, Pathek Philippe, lan merek-merek liyané pada nduwèni kantor pusat ning Jenewa. Jaman ndisik, pabrik-pabrik jam tangan kuwi nan ning jenewa, nanging saiki ana akèh sing pindah saka kutha iki kanggo duweni panggonan sing luwih jembar lan uga kanggo nyudha reragatan-reragatan liyané.
- Kutha Air mancur. Ning pinggir tlaga Leman, ana banyu muncrat/air mancur, sing ning basa Prancis diarani, "Jet d'Eau". Dhuwuré muncratan banyuné isa tekan 130 meter. Banyu puncratan iku dijupuk saka banyu tlaga sing direwangi ngganggo mesin. Banyu iku muncrat mung mangsa musim panas, utawa pas ana srengéngé. Mangsa bediding, mesin sing dienggo muncratké banyu ora diuripké mergane, puncratan banyuné isa adem banget.
- Kutha PBB. Kantor Pakumpulan Bangsa-bangsa uga ana ning kéné, merga kutha Jenewa iku kutha PBB kaping pindho sakwisé New York. Sak liyané PBB, ana uga 18 kantor organisasi-organisasi internasional.
[sunting] Basa
Negara Swiss nduweni patang (4) basa sing dienggo, yaiku basa Jerman (60-70 persen), basa Prancis (18-20 persen), basa Itali (8-10 persen) lan basa Romanch, kurang luwih 1-2 persen. Kanton-kanton sing nganggo basa Prancis dijenengi kanton Romand (aja kliru karo Romanch). Jenewa iku kutha paling gedhé ding Swiss Romand, lan basa utama sing dienggo yaiku basa prancis. Nanging akeh wong jenewa sing isa ngomong basa Inggris, mergane akeh wong manca negara sing ora isa basa Prancis.
[sunting] Agama
Agama Kristen Protestan aliran Kalvin diwiwiti ning kutha iki. Jenewa uga diarani ibukuthané Protestan Kalvinis. Greja utama ning Jenewa yaiku Katedral Santo Petrus, dhisiké greja katulik, sing saiki dadi greja protestan. Sanadyan, tradisi protestan isih kuwat banget, naging jumlah jiwa sing nduweni gegeman katulik luwih akeh tinimbang protestan, amarga ning wiwitan abad 20 akeh desa-desa katulik Perancis sing cedhak karo Jenewa, melu dileboké ning kanton Jenewa. Uga merga akeh wong-wong Portugal, Spanyol lan Itali sing pindah saka negara-negarané lan netep ning Jenewa. Sakliyané Katulik lan Protestan, uga gampang ditemoni wong-wong sing nggegemi keyakinan Islam, Hindu lan Budha. Akeh uga wong-wong enom sing ora perduli manèh karo agama, lan ora nduwèni agama.
[sunting] Organisasi Internasional
Kutha Jenewa minangka markas saka sawetara organisasi internasional, antara liya:
- Markas PBB ing Eropa
- WHO
- ILO
- UNHCR
- United Nations High Commissioner for Human Rights
- WTO
- WIPO
- ITU
- WMO
- Inter-Parliamentary Union
- International Committee of the Red Cross
- International AIDS Society
- World Economic Forum
- CERN
- ISO
- World Wide Web Virtual Library
- World Council of Churches
[sunting] Transportasi
Kanggo transportasi saka lan menyang kutha Jenewa, ana Bandara Internasional Cointrin Jenewa lan kutha iki uga mlebu jroning jaringan utama sepur Swiss, SBB-CFF-FFS lan Perancis yakuwi sepur TGV.
[sunting] Pariwisata
Obyek pariwisata utama Jenewa kuwi Jet d'Eau (jet-air utawa air mancur) kang dhuwuré 140 meter ing Tlaga Jenewa lan bisa ditonton saka saindhenging kutha. Panggonan wisata liyané antara liya: Flower Clock, Art and History Museum (Museum Seni lan Sajarah), International Red Cross and Red Crescent Museum (Museum Palang Merah lan Bulan Sabit Merah Internasional), sarta Palais des Nations kang dadi markas PBB ing Eropah.
| Artikel perkawis geografi punika taksih arupi seratan rintisan. Panjenengan saged mbiyantu Wikipedia ngembangaken. |