Zürich

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Zürich
Zurich
Ch zh wappen stadt.gif
Lambang Zürich
Karte Schweiz.png
Lokasi Zürich
Data dhasar
Kanton: Kanton Zürich
Luas: 91,88 km²
Penduduk: 371.767 jiwa (Maret 2007)
Situs web resmi: www.stadt-zuerich.ch
Politik
Walikutha: Elmar Ledergerber


Pemandhangan kutha Zürich

Zürich (kadhangkala ditulis Zurich, tanpa umlaut) kuwi kutha paling gedhé ing Swiss lan ibukutha saka Kanton Zürich. Kutha iki dipanggoni déning 364.558 jiwa ing taun 2002 yèn diétung karo dhaérah urbané dadi 1.091.732 jiwa. Zürich kuwi pusat dagang ing Swiss lan dadi salah siji kutha sing wigati banget ing donya bebarengan karo Jenewa. jeneng Romawi kanggo kutha iki yakuwi Turicum déné ing dhialèk Jerman Zürich dikenal minangka Züri.

Transportasi [sunting]

Zürich kuwi salah siji pusat patemon lalu lintas sepur, dalan bébas hambatan, lan montor mabur. Ing Zürich ana sawetara stasiun sepur kaya Zürich Hauptbahnhof, Zürich Oerlikon, Zürich Stadelhofen, lan Zürich Altstetten. Kutha iki uga diliwati déning sepur kacepetan dhuwur TGV. Kanggo transportasi jero kutha, jaringan transportasi publik ZVV nduwèni jaringan sing cukup padhet kanthi telung rupa moda: S-Bahn, trem, lan bis. Rumor sing ana yakuwi ora ana lokasi ing dhaérah pusat kutha sing adohé luwih saka 150 meter saka stopan bis, trem, utawa sepur.

Zürich dilayani déning bandhara paling gedhé ing Swiss, Bandhara Internasional Zurich ing Kloten, watara 10 km sisih wétan-lor kutha.

Pendhidhikan [sunting]

Ing Zürich dumunung universitas/institut kaloka ing Swiss: ETH Zürich. Institut teknologi iki wis ngasilaké luwih saka 20 panampa Bebungah Nobel. Albert Einstein tau sekolah lan banjur dadi profesor ing kéné.

Pranala njaba [sunting]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Zürich&oldid=814784"