Albumin

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Struktur sèrum albumin

Albumin (Basa Latin: albus, putih) yaiku aran kang digunakaké kanggo ngrujuk tumuju kabèh jinis protein monomer kang larut ing banyu lan ing larutan uyah. Albumin ngalami koagulasi nalika kena panas. Substansi kang ngandhut albumin kayata putih endhog kang diarani albuminoid. Ing manungsa, albumin dikasilaké déning retikulum endoplasma ing njero ati kanthi wangun proalbumin, banjur diiris déning badan Golgi kanggo disèkrèsi kanggo nggenepi kira-kira 60% cacahé serum getih kanthi konsèntrasi antarané 30 nganti 50 g/L. Albumin kuwi jinis protein kang paling akèh ing njero awak lan duwé kagunan wigati kanggo awak.[1] Albumin dikasilaké déning ati lan duwé wektu paro 20 dina.[1]

Albumin duwé bobot molekul udakara 65 kD lan kawangun saka 584 asam amino tanpa karbohidrat. Gen kanggo albumin dumunung ing kromosom 4, kanthi dawa udakara 16.961 nukleotida lan 15 ekson kang kapérang ing telung dhomain simètris. Saéngga diprakirakaké albumin kuwi triplikasi saka dhomain primordhial kang tunggal (siji). Saben dhomain kapérang manèh dadi 2 sub-dhomain.

Mutasi ing gèn iki bisa njalari manéka jenis protein kanthi kagunan kang ora tumata. Mula owah-owahan sipat ing dhomain pencerap, kayata spesi reaktif oksigen, spesi reaktif nitrogen, lan kasil saka réaksi biomolekul liya (kaya kasil saka peroksidasi lipid) kadadèn kanthi cara fisiologi lan patofisiologi kanthi anané albumin.[2]

Kagunan[sunting | sunting sumber]

  1. Njaga tekanan onkotik. Tekanan onkotik kang dituwuhaké déning albumin bakal njaga kagunan ginjal lan ngelongi edema ing saluran pancernan,[3] lan digunakaké kanthi métodhe hemodilusi kanggo nangani panandhang serangan stroke akut.
  2. Ngusungi hormon tiroid
  3. Ngusungi hormon liya, mliginé kang bisa larut ing lemak
  4. Ngusungi asam lemak tumuju ati
  5. Ngusungi obat-obatan lan nyendhakaké wektu paro obat kasebut
  6. Ngusungi bilirubin
  7. Nalèni ion Ca2+
  8. Minangka larutan panyangga
  9. Minangka protein radang fase-akut négatif. Konsèntrasi albumin mudhun minangka tandha fase akut rèspon kakebalan awak sawisé infèksi, nanging tegesé awak ora lagi ing kahanan kurang nutrisi.

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)Albumin(diundhuh 25 Januari 2013)
  2. ^ (en)"Physiological and pathological changes in the redox state of human serum albumin critically influence its binding properties". Institute of Physiological Chemistry, Center of Physiological Medicine, Division of Gastroenterology and Hepatology, Department of Internal Medicine, Medical University of Graz; K Oettl dan R E Stauber. http://www.ncbi.nlm.nih.gov/pmc/articles/PMC2013999. Retrieved 2011-08-22.
  3. ^ (en)"Small-volume resuscitation with hyperoncotic albumin: a systematic review of randomized clinical trials". Klinik für Anästhesiologie, Ludwig-Maximilians-Universität, Klinikum Grosshadern, Hygeia Associates, Physiologisches Institut – Vegetative Physiologie, Ludwig-Maximilians-Universität; Matthias Jacob, Daniel Chappell, Peter Conzen, Mahlon M Wilkes, Bernhard F Becker, dan Markus Rehm. http://www.ncbi.nlm.nih.gov/pmc/articles/PMC2447554. Retrieved 2011-08-21. "hyperoncotic albumin preserved renal function and reduced intestinal edema"
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Albumin&oldid=863744"