Menyang kontèn

Yovie Widianto

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yovie Widianto
LairYovie Widianto
21 Januari 1968 (umur 58)
Bandung, Jawa Kulon, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanMusisi
BojoDewayani
AnakMuhammad Arsy Widianto
Nadhira Tiara

Yovie Widianto (lair ing Bandung, Jawa Barat, 21 Januari 1968; umur 58 taun) dikenak dadi anggota saka grup musik Kahitna kang nyekel posisi keyboard, Yovie Widianto kang lair ana ing kutha kutha krajan Jakarta, 21 Januari 1968.[1] Saliyané dadi kang ngréka lagu, Yovie iku salah sijiné personel lan pendiri grup musik Kahitna kang nyekel intrumen keyboard lan grup musik The Nuno kang diwangun tanggal 2001.[1] Yovie wis sukses ngorbitaké pirang-pirang penyanyi liwat lagu-lagu ciptaané, ing antarané Rio Febrian, Audy, Rida Sita Dewi, Rita Effendi, Yana Yulio, Pinkan Mambo, Delon, Astrid lan akèh panyanyi-panyanyi liyané.[1]

Kajaba iku, mantan juri Indonesian Idol iki nglakoni solo karir, karo albume A Potrait of Yovie kang dirilis ana ing taun 2005 lan album anyaré, Kemenangan Hati kanggo Kemenangan Hati iki dinyanyiké bebarengan karo Dearly Dave Sompie lan Ghea Dahliana Oktarin.[1] Priya kang tau diisyuké njalin gayutan karo aktris Asti Ananta iku, tau nggelar konser A Mild Live The Magical Journey Of Yovie Widianto, ing ngendi moment mau didadekaké peringatan 23 taun dhèwèké berkarier ing donya musik.[1]

Musikalitas Yovie ing bermusik ora diragukaké manèh, apamanèh ing ajang AMI Awards 2009, dhèwèké ngeraih nominasi paling akèh, 6 nominasi ing antarané bareng karo Yovie and Nuno lan liyané nominasi pribadi.[1]

Dina Minggu, tanggal 22 Mèi taun 2011, Yovie ngadakaké acara kanggo ngerayakaké ulang tauné grup musik Yovie and he Nuno bareng karo pangagumé.[2] Ulang taun kaping 10 iku istimewe, kabèh dilakoni kanggo para pangemaré, Kebersamaan lan kesuksesane tekan iki diakoni pancen ora adoh saka peran sarta para penggemare.[2]

Diskografi

[besut | besut sumber]

Kahitna

[besut | besut sumber]

Yovie & The Nuno

[besut | besut sumber]

Konser Sala

[besut | besut sumber]
  • The Magical Journey of Yovie Widianto (2006)

Karya-karya

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 biografi yovie widianto dipununduh tanggal 20 Juli 2011
  2. 1 2 gosip yovie widianto dipununduh tanggal 20 Juli 2011