Menyang kontèn

Dearly Dave Sompie

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dirly Sompie
LairDearly Dave Sompie
10 Dhésèmber 1989 (umur 36)
Manado, Sulawesi Lor, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaDirly "Idol"
PakaryanArtis, Penyanyi
Taun aktif2006 - saiki

Dearly Dave Sompie utawa Dirly (lair ing Manado, Sulawesi Lor, 10 Dhésèmber 1989; umur 36 taun) iku jawara loro Indonésian Idol 3 (2006), dhèwèké iku finalis Indonésian Idol paling enom saka Manado kang nalika mèluni ajang Indonésia Idol dhèwèké isih sekolah SMU.[1] Dhèwèké olèh jejuluk The Manado Baby amarga dhèwèké iku peserta ajang Indonésia Idol kang paling cilik.[1] Kawit cilik, bakaté ing babagan seni swara wis bisa didelok, lumantar penampilané nalika ing sekolahané.[1]

Anané dhèwèké ing ajang Indonésian Idol mangsa katelu sempet gawé gègèr ing masarakat.[1] Akèh pihak kang ngrasa manawa Dirly Sompie mung bisa kondhang amarga modhal tampang kang gagah.[1] Amarga iku mula dhèwèké asring dibandhing-bandhingaké karo Delon idol, jawara loro Indonésian Idol kaping pisanan.[1]

Sanajan ing babak Grand Final, dhèwèké dialem déning para juri amarga nalika tampil dhèwèké iku nengsemaké, nanging Dirly Dave Sompie akiré kalah amarga dhèwèké olèh biji ing polling.[1] Akir saka ajang Indonésia kang kaping loro iku dimenangaké déning Ihsan Tarore nalika benginé Result Show lan dhèwèké mung bisa nahanaké posisi kaping loroné ing ajang Indonésia Idol kaping telu.[1]

Nalika tampil ing Grand Final Indonésia Idol tanggal 12 Agustus 2006 ing Istora Senayan, Jakarta.[2] Dearly nembangaké Akhir Rasa Ini (saka Samson), dhèwèké langsung dialem déning para juri.[2] Nalika tembangan kaping loroné kang judhulé Hampa saka Ari Lasso ditembangaké, Jay Dimas kang dadi juriné mantep manawa Dearly Sompie dadi idola ing Indonésia.[2] Kadadéan sarupa uga ditampa déning dhèwèké nalika nembangaké tembangan kaping teluné, tembangan kang wis dinyanyèkaké déning Ikhsan Idol, juri nganti mrinding anggoné ngrungokaké.[2] Béda karo Ihksan nalika tampil dadi pambuka babak Grand Final Indonésia Idol.[2] Tembangan kaping pisan kang ditembangaké déning dhèwèké iku Izinkan Aku Menyanyangimu (Iwan Fals), Ihksan rada keseléo anggoné nembang.[2] Amarga kadadéan iku mau, Ikhsan olèh komentar ora pénak saka para juri.[2] Sanajan kadadéan iku mau, Ikhsan tetep dadi juwara kaping pisanné lan Dearly Sompie dadi juwara loroné.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinétron

[besut | besut sumber]

Drama musikal

[besut | besut sumber]
  • Gemerlap Keajaiban RCTI Di Negeri Seribu Cinta

Tembang

[besut | besut sumber]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 biografi Dearly Dave Sompie diundhuh tanggal 28 September 2011
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 berita Dearly Dave Sompie diundhuh tanggal 28 September 2011