Menyang kontèn

Yahya Muhaimin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yahya Muhaimin
Mantri Panggulawenthah Nasional ke-23
Linggih
23 Oktober 1999  23 Juli 2001
PrésidhènAbdurrahman Wahid
Kang sadurungéJuwono Soedarsono
Kang sawiséAbdul Malik Fadjar
Rerincèn dhiri
Lair17 Mèi 1943 (umur 82)
Jepang Bumiayu, Brebes, Jawa Tengah, Masa Pendudukan Jepang
AgamaIslam

Dr. Yahya Muhaimin (lair ing Bumiayu, Brebes, Jawa Tengah, 17 Mèi 1943; umur 82 taun) inggih punika Mantri Pendidikan Nasional Républik Indonésia ing wekdal Kabinét Persatuan Nasional.[1] Panjenenganipun pikantuk gelar sarjana ing taun 1971 saking Universitas Gadjah Mada lan gelar dhoktor saking Massachusetts Institute of Technology nalika taun 1982.[1] Sadèrèngipun dipunangkat dados mantri[2], panjenenganipun dados dhosén ing Fakultas Ilmu Sosial lan Ilmu Pulitik ing Universitas Gadjah Mada.[1]

Pendidikan

[besut | besut sumber]

Yahya Muhaimin miwiti sekolahipun ing SRI Bumiayu nalika taun 1956.[1] Salajengipun nglajengaken ing SMI Bumiayu ing taun 1959.[1] Panjenenganipun sekolah SMA ing Purwokerto ing taun 1962.[1] Sasampunipun lulus SMA, panjenenganipun nglakengaken dhateng Central Community High School, De Witt, Iowa, Amérikah Sarékat ing taun 1963.[1] Taun 1971 panjenenganipun kuliyah ing Fakultas Ilmu Sosial lan Ilmu Pulitik ing Universitas Gadjah Mada Yogyakarta.[1] Panjenenganipun naté kuliyah ing IAIN Sunan Kalijaga, Yogyakarta nanging boten rampung. Salajengipun Yahya Muhaimin kuliyah mendhet gelar dhoktor ing Institut Teknologi Massachussets, Amérikah Sarékat ing taun 1982.[1]

Kariér

[besut | besut sumber]

Panjenenganipun dados dhosén Ilmu Sosial lan Ilmu Pulitik UGM saking saking taun 1973.[1] Panjenenganipun ugi dados pengelola program S2 Fakultas Ilmu Sosial lan Ilmu Pulitik UGM saking taun 1982 ngantos 1984.[1] Ing taun 1996 ngantos dumugi 1999, Yahya Muhaimin dados Kepala Pusat Studi Keamanan lan Perdaméan UGM.[1] Panjenenganipun ugi naté dados Konsulat Pendidikan ing Washington DC. Taun 1999 ngantos 2001 panjenenganipun dados Mantri Pendidikan Nasional Républik Indonésia.[1]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

A. Yahya Muhaimin Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 A. Yahya Muhaimin Archived 2010-12-24 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 22 September 2011)
  2. Biografi: Pak Yahya Muhaimin dipunundhuh tanggal 22 September 2011)