Wangsa Ayyubiyyah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Wangsa Ayyubiyyah ana ing kajayané

Ayyubiyyah utawa Wangsa Ayyubiyyah ya iku wangsa Muslim saka bangsa Kurdi[1] kang nguwasani Mesir, Suriah, Yaman (kejaba Pegunungan Lor), Diyar Bakr, Makkah, Hijaz lan Irak lor nalika abad ka-12 lan 13.[2] Ayyubiyyah uga dikenali mawa Ayyubid, Ayoubites, Ayyoubites, Ayoubides utawané Ayyoubides.[2]

Wangsa Ayubiyyah diyasa déning Salahuddin Al-Ayubbi kang bareng karo Shirkuh nelukaké Mesir kanggo Raja Zengiyyah Nuruddin saka Damaskus nalika taun 1169.[2] Jeneng iki asalé saka bapaké Salahuddin, Najm ad-Din Ayyub.[2] Nalika taun 1171, Salahuddin nggulingaké Khalifah Fatimiyyah kang pungkasan.[2] Nalika Nur ad-Din mati ya iku taun 1174, Salahuddin nyatakaké perang marang anak, As-Salih Ismail, lan nguwasani Damaskus.[2] Ismail mlayu menyang Aleppo, lan ana ing kana dhèwèké terus berjuwang kanggo nglawan Salahuddin nganti dhèwèké mati taun 1181.[2]

Sawisé iku, Salahuddin njupuk alih kawasan njero nganti tekan Suriah, lan nelukaké Jazirah ing Irak Lor.[2] Panggayuhan kang gedhé dhéwé saka dhèwèké ya iku nalika menang lawan bala salib ana ing Peperangan Hattin lan panelukan Baitulmuqaddis taun 1187.[2] Salahuddin mati nalika taun 1193 sawisé nandhatangani prajanjèn karo Richard I saka Inggris kang mènèhi kawasan pasisir saka Ashkelon nganti tekan Antiokhia marang bala salib.[2]

Sawisé Salahuddin mati, anak lanangé padha rebutan pérangan kakaisaran, nganti tekan 1200, adhiné Salahuddin, Al-Adil, bisa njupuk kakuwasan kakaisaran.[2] Prosès kang padha nalika matiné Al-Adil taun 1218, lan Al-Kamil kang mati nalika 1238, nanging Ayubiyyah tetep kuwat.[2] Nalika taun 1250 Turanshah, Sultan Mesir Ayubiyyah kang pungkasan, dipatèni lan digantèkaké déning jéndral-batur tukon Mamluk Aibek, kang ngedegaké Wangsa Bahri.[2]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]