Urfa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Urfa
Geminte métropolitan
Şanlıurfa
Urfa kapernah ing Turki
Urfa
Urfa
Koordhinat: 37°09′30″N 38°47′30″E / 37.15833°N 38.79167°E / 37.15833; 38.79167Koordhinat: 37°09′30″N 38°47′30″E / 37.15833°N 38.79167°E / 37.15833; 38.79167
NagaraTurki
ProvinsiŞanlıurfa
Pamaréntahan
 • WalikuthaNihat Çiftçi (Justice and Development Party (Turki))
Laladan[1]
 • Dhistrik3.668,76 km2 (141,652 sq mi)
Élepasi477 m (1,565 ft)
Cacah warga (2012)[2]
 • Urban526.247
 • Dhistrik788.956
 • Dhistrik density2,2/km2 (5,6/sq mi)
Situs wèbwww.sanliurfa.bel.tr

Urfa, uga ajejuluk Şanlıurfa (pronounced [ʃanˈlɯuɾfa]; Arab: الرها‎‎ ar-Ruhā; Kurdhi: Riha‎), lan ing jaman kuna dikenal mawa jeneng Edessa, ya iku sawijining kutha kanthi padunung cacag 561.465 wong[3] ing Turki Kidul-Wétan, lan minangka kutha krajané Provinsi Şanlıurfa. Akèh-akèhé padunung ing kutha iki wong Arab, wong Kurdhi, lan wong Turki. Urfa dumunung ana ing sawijining bacira (plain) udakara wolung kilomèter sawétané Kali Euphrates. Iklim ing Urfa panas banget, apa manèh nalika mangsa panas, iklimé uga garing lan ing mangsa salju iklimé adhem lan rada teles.

Sajarah[besut | besut sumber]

Sandhangané wanita-wanita sugih ing Urfa nalika abad ka-20.

Sajarahé Urfa kacathet saka abad ka-4 SM, nanging titimangsané udakara 9000 SM, amarga akèh bukti-bukti sajarah ing sana ana sakupengé Duru, Harran lan Nevali Cori.[4] Ing papan sajeroning kutha iki, ana sana néolitik cacah telu ya iku: Göbekli Tepe, Gürcütepe lan kuthané iku, papan patemoné reca "Urfa" sing digawé saka watu gamping lan saukuran manungsa. Reca iki ditemokaké nalika ékskavasi Balıklıgöl.[5] Kutha iki salah sawijining kutha sing prenahé ana ing udhik kali Euphrates-Tigris, papan sing lendha lan papan mula bukané anané kagiyatan tetanèn.

Miturut sajarah Islam lan Yahudi, Urfa iku Ur Kasdim, ya iku tanah wutah getihé Abraham. Panganggep iki dibantah déning Leonard Woolley, juru èkskavasiné kutha Sumeria ing Ur ing taun 1927, déné para sujana isih ndhebataké bab iki. Urfa uga salah sawijining kutha sing nduwé tradhisi sing gegayutan marang Job (Ayub).

Kanggoné wong Arménia, Urfa dianggep minangka wewengkon kang suci amarga ana panganggep yèn aksara Arménia diréka ing kono.[6]

Ing sadawané sajarah, Urfa wis makaping-kaping diteluk lan didunungi déning bangsa sing béda-béda, kaya ta wong Ebla, Akkadia, Sumeria, Babylonia, Hittite, Arménia, Hurri-Mitanni, Suryani, Medes, Pèrsi, Makédonia Kuna (sangisoré kakuwasané Alèksander Agung), Seleucid, Aram, Néo-Asyur Osrhoen, Rum, Sassanid, Byzantin, lan Arab.

Pulitik[besut | besut sumber]

Ing pamilihan lokal taun 2009, Ahmet Eşref Fakibaba, sawijining calon sing indhepèndhen kasil kapilih dadi walikutha.[7]

Olah-olahan[besut | besut sumber]

Olah-olahan sing ana ing Urfa iku wujud saka amalgamasi saka manéka warna bangsa sing uwis tau ndunungi wewengkon iki. Olah-olahan sing ana, uga duwé jeneng ing manéka basa kaya ta basa Kurdhi, Arab, Aram, lan basa Turki, lan akèh-akèhé olah-olahané iku pedhes. Salah sawijining olah-olaha sing jenengé Raw Kibbé (Çiğ Köfte), miturut carita, digawé dhéwé déning Nabi Ibrahim.[8]

Angkutan[besut | besut sumber]

Papan anggegana Şanlıurfa GAP dumunung udakara 34 km (21 mil) ana sisih lor-wétané kutha iki lan duwé jadwal montor mabur marang Istanbul, Ankara, lan Izmir.

Iklim[besut | besut sumber]

Urfa nduwèni iklim Mediterania sing panas banget nalika mangsa panas (miturut panggolongan iklim Köppen). TNalika mangsa panas, suhuné ngancik 39 °C (102 °F). Ing mangsa panas arang banget ana udan. Déne ing mangsa salju, iklimé adhem lan teles, kala-kala uga ana udan salju. Nalika mangsa semi, lan mangsa rontok, iklimé sedhengan lan uga teles.

Gladri[besut | besut sumber]

Wong sing kondhang[besut | besut sumber]

  • Matthew of Edessa – Ahli sajarah
  • Yusuf Nabi – Juru gurit Osmani saka abad ka-17
  • Aysel Özakın - Panganggit katuunan Turki-Inggris, lair ing taun 1942
  • Corinna Shattuck (1848-1910), misionaris Amérika ing Urfa
  • İbrahim Tatlıses (Ibo) – Penyanyi Kurdhi
  • Seyyal Taner- penyanyi pop Turki

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Area of regions (including lakes), km²". Regional Statistics Database. Turkish Statistical Institute. 2002. Dibukak ing 2013-03-05.
  2. "Population of province/district centers and towns/villages by districts - 2012". Address Based Population Registration System (ABPRS) Database. Turkish Statistical Institute. Dibukak ing 2013-02-27.
  3. "Turkey: Major cities and provinces". citypopulation.de. Dibukak ing 2015-02-08.
  4. Segal, J. B. (2001) [1970]. "I. The Beginnings". Edessa:'The Blessed City' (édhisi ka-2). Piscataway, New Jersey, United States: Gorgias Press. kc. 5. ISBN 0-9713097-1-X. It is certainly surprising that no obvious reference to Orhay has been found so far in the early historical texts dealing with the region, and that, unlike Harran, its name does not occur in cuneiform itineraries. This may be accidental, or Orhay may be alluded to under a different name which has not been identified. Perhaps it was not fortified, and therefore at this time a place of no great military significance. With the Seleucid period, however, we are on firm historical ground. Seleucus I founded—or rather re-founded—a number of cities in the region. Among them, probably in 303 or 302 BC, was Orhay.
  5. Image
  6. Öktem, Kerem (2003). Creating the Turk's Homeland: Modernization, Nationalism and Geography in Southeast Turkey in the late 19th and 20th Centuries (PDF). Harvard: University of Oxford, School of Geography and the Environment, Mansfield Road, Oxford, OX1 3TB, UK. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2013-11-09. Dibukak ing 2017-11-14. For Armenians, the city has a great symbolic value, as the Armenian alphabet was invented there, thanks to a group of scholars and clergy headed by Mesrop Mashtots in the 5th century
  7. "Kurds in Southeast Anatolia celebrate DTP's boost in votes". Today's Zaman. 2009-03-31. Diarsip saka sing asli ing 2014-04-08. Dibukak ing 2013-02-07.
  8. From Kâtib el Bağdadî in p.196Urfa'da Pişer Bize de Düşer, Halil & Munise Yetkin Soran, Alfa Yayın, 2009, Istanbul ISBN 978-605-106-065-1
  9. The World's First Temple

Pranala njaba[besut | besut sumber]