UNEF II

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Perang Arab-Israèl taun 1973

United Nations Emergency Forces II (UNEF II) diadegaké déning PBB dhedhasar Resolusi PBB 340 (1973), kanggo ngawasi gencatan senjata antara wadyabala Mesir lan Israèl ing pungkasaning Perang Yom Kippur War utawa October War, lan magepokan karo pasetujon tanggal 18 Januari 1974 lan 4 September 1975, ngawasi panggelaran wadyabala Mesir lan Israèl lan ngontrol tlatah penyangga PBB (buffer zones). Mandat UNEF II ya iku ngawasi implementasi Resolusi Dewan Keamanan PBB nomer 340, kang ngarepaké supaya wadyabala Mesir lan Israèl rikat nganakaké gencatan senjata kang tuntas lan diawasi déning PBB lan kaloro pihak kang ngayahi perang mundur manèh menyang posisiné ing jam 1650 GMT tanggal 22 Oktober 1973. Pasukan PBB iki ngupayakaké supaya nyegah anané pertempuran, lan supaya bisa ngayahi tugasé mau wadyabala PBB bisa nyambut gawé bebarengan karo pengamat militèr saka United Nations Truce Supervision Organization (UNTSO). UNEF II uga bisa nyambutgawé bebarengan karo International Committee of the Red Cross (ICRC) ing tlatah mau. Mandat UNEF II kang wiwitané disetujoni kanggo enem sasi, nganti 24 April 1974, sabanjuré dianyaraké kaping wolu.[1]

Dhaérah panugasan[besut | besut sumber]

Dhaérah panugasan UNEF II ya iku ing sèktor Terusan Suez lan ing Sinai, kanthi markas ing Kairo (Oktober 1973 nganti Agustus 1974) lan Ismailia (Agustus 1974-Juli 1979).

Pimpinan[besut | besut sumber]

  • Letnan-Jenderal Ensio P. H. Siilasvuo (Finlandia) (Oktober 1973-Agustus 1975)
  • Letnan-Jenderal Bengt Liljestrand (Swedia) (Agustus 1975-November 1976)
  • Major-Jenderal Rais Abin (Indonesia) (Dhésèmber 1976-September 1979).

Negara penyumbang wadyabala[besut | besut sumber]

Kontributor personil militèr yakuwi saka nagara-nagara:: Australia, Austria, Kanada (logistik), Finlandia (wadyabala), Ghana (wadyabala), Indonesia (wadyabala), Ireland, Nepal, Panama, Peru, Polen (logistik), Senegal lan Sweden (wadyabala).

Kakuwatan[besut | besut sumber]

  • Maksimum, Fèbruari 1974

6,973 personil militèr, dijurung déning staf sipil internasional lan lokal

  • Wektu pangunduran, Juli 1979

4,031 personil militèr, dijurung déning staf sipil internasional lan lokal

Uga delengen[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]