Tari Seblang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jogèd Seblang, Banyuwangi

Ritual Seblang inggih punika salah satunggaling ritual masarakat Using ingkang namung saged kapanggihaken ing kalih désa wonten ing lingkungan kacamatan Glagah, Banyuwangi, inggih punika désa Bakungan lan Olihsari. Ritual punika dipunadani saperlu kapreluan "bersih désa" lan tolak bala, supados désa tetep ing kondhisi aman lan tentrem. Ritual punika sami kados ritual Sintren ing wewengkon Cirebon, Jaran Képang, lan Jogèd Sanghyang ing Bali.[1]

Penyelenggaraan jogèd Seblang ing kalih désa mau ugi béda wekdalipun, ing désa Olihsari dipunadani satunggal minggu sabibaripun Idul Fitri, déné ing désa Bakungan ingkang sisihan, dipunadani satunggal minggu sabibaripun Idul Adha. Para penarinipun dipunpilih kanthi supranatural déning dhukun setempat, lan limrahipun penari kedah dipunpilih saking keturunan penari seblang saderengipun. Ing Désa Olihsari, penarinipun kenya ingkang dèrèng akil baliq, déné ing Bakungan, penarinipun kedah kenya kanthi yuswa 50 taun minggah ingkang sampun boten haid (menopause).[1]

Jogèd Seblang punika sajatosipun minangka tradhisi ingkang sepuh sanget, saéngga boten gampil dipunpadosi asal-usulipun. Nanging cathetan sajarah nedahaken bilih Seblang pisanan dipunmangertosi minangka Semi, ingkang ugi dados pelopor jogèd Gandrung wanita pisanan (séda taun 1973). Sabibaripun mari saking penyakitipun, minangka nazar ibunipun (Mak Midah utawi Mak Milah) kedah dipunjangkepi, Semi dados seblang nalika taksih alit dumugi nalika remaja wiwitan dados penari Gandrung.[2]

Jogèd Seblang punika dipunwiwiti kanthi upacara ingkang dipunbikak déning sang dhukun désa utawi pawang. Sang penari dipuntutup mripatipun déning para ibu-ibu ingkang wonten ing wingkingipun, sinambi nyepeng tempeh (nampan bamboo). Sang dhukun ngasepi sang penari kanthi asep dupa sinambi maos mantra. Sabibaripun sang penari kesurupan (boten sadhar utawi kejiman wonten ing tembung lokal), kanthi tandha dhawahipu tempeh wau, saéngga pertunjukan dipunwiwiti. Si seblang ingkang sampun kejiman wau nari kanthi obahan monoton, mripat merem llan ndhèrèk arahan sang pawang utawi dhukun sarta irama gendhing ingkang dipunmainkan. Kadang kala ugi mubengi désa sinambi nari. Sabibaripun nari, lajeng si seblang hambalang slendhang ingkang dipungulung tumrap penonton, penonton ingkang kénging slendhang mau kedah kersa ndhèrèk nari kaliyan si Seblang. Manawi boten, bakal dipunoyak-oyak déning Seblang ngantos kersa nari. Musik pengiring Seblang namung kasungsun saking satunggal kendhang, satunggal kempul utawi gong lan kalih saron. Déné ing Olihsari dipuntambah kaliyan piyul minangka penambah efek musikal.[2]

Saking segi busana, penari Seblang ing Olihsari lan Bakungan wonten sakedhik bedanipun, mliginipun ing pérangan omprok utawi makutha.[3] Ing penari Seblang ing désa Olihsari, omprok limrahipun kadamel saking pelepah gedhang ingkang dipunsuwir-suwir saéngga nutup sapérangan praupan penari, déné ing pérangan inggilipun dipuntambahi kembang-kembang seger ingkang limrahipun dipunpendhet saking kebon utawi papan sakana kiringipun pasaréan, lan dipuntambah kaliyan sawijining kaca alit ingkang dipunsukakaken ing pérangan tengah omprok.[3] Ing penari seblang wewengkon Bakungan, omprok ingkang dipunagem mirib kaliyan ingkang dipunagem ing pertunjukan Gandrung, nanung bahan ingkang dipundamel saking gedhang lan dipunhiasai kembang-kembang seger déné boten kathah penari seblang ing Olihsari. Kajawi unsur mistik, ritual Seblang punika ugi maringi panglipuran tumrap para pangunjung punapa déné warga setempat, ing pundi kathah adegan-adegan lucu ingkang dipuntingalaken déning sang penari seblang punika.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]


Cithakan:Indo-jogèd-stub