Songkèt

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Songket Minangkabau, motif segi telu sisih ngisor kang ateges pring utawa bung.

Songkèt iku jinis saka kain rajut tradhisional sing awalipun saka Malaysia[1]. Songket digolongaké ing kulawarga rajutan brokat. Songkèt dirajut klawan tangan nganggo utas saka emas lan pérak. Umumé, songkèt diagem ing acara-acara resmi. Utas logam metalik kang katenun ing latar kain nggawé èfèk kelip-kelip.

Istilah[besut | besut sumber]

Tukang nggawe Songkèt ing Surabaya saka taun 1905

Tembung "songkèt" asalé saka gabungan tembung ing basa Palembang yaiku songsong + teket, kang nduweni arti "mundhakaken" lan "sulaman", iki ana gandhèngané karo métodhe cara nggawéné yaiku nggandhengaké lan njupuk sajumput kain tenun, lan banjur nyelipaké utas emas.[2][3]

Penenun Songkèt ing pesisir kulon Sumatra saka taun 1890

Tembung iku sabanjure diserap ing basa Melayu lan basa Indonesia dadi "sungkit" lan "sangkut", kang tegesè "canthèl".[4][5] Kajaba iku, miturut sabagiane wong-wong, tembung songket uga asalé saka tembung songka, songkok khas Palembang pitados pisanan pakulinan nenun nganggo utas emas.[6]

Proses nenun kanggo gawe Songkèt Minangkabau kanthi pola Siriah Gadang nggunakake piranthi tenun tradisional, kabeh proses nenun ditindakake kanthi manual

Songkèt iku sawijining kain ageng kang adate dinggo nalika kenduren, dina riyaya utawa nalika pesta. Songkèt adate dibebetake ana ing awak kaya déné sarung, disampirake ing pundhak, utawa minangka destar utawa tanjak, hiasan iket. Miturut tradhisi, kain songket mung bisa dirajut déning prawan utawa wong wadon enom; nanging saiki wong lanang uga nenun songket. Maneka warna saka kain songket tradhisional Sumatra nduweni pola kang ngandhut teges tartamtu.

Penenun Songkèt saka Pandai Sikek, Sumatra Kulon digambarake ing mburine 5000 Rupiah sing diterbitake taun 1998-2005, tukang tenun iki digambarake nggawe klambi tradisional Minangkabau sing uga digawe saka Songkèt

Songket saiki[besut | besut sumber]

Ditilik saka bahan, cara panggawe, lan regane; songket kawitane iku kain ageng para bangsawan kang nuduhake kamulyaning drajat lan kawibawan pangageme. Nanging saiki songket ora mung katujokake kanggo golongan masyarakat kang sugih, jalaran regane kang uga werna-werna; wiwit saka kang biasa lan karan murah regane, tumekan kang eksklusif kanthi rega kang larang.

Wiwit jaman biyen nganti saiki, songket dadi pilihan kang misuwur kanggone busana adat pangantenan Melayu, Palembang, Minangkabau, Aceh dan Bali. Kain iki kerep diwenehake dening pangantin kakung marang pangantin putri minangka salah sawijinng gawan mas kawin. Ing jaman saiki, busana resmi kakung Melayu uga kerep manganggo songket minangka kain kang dibebetke ing sandhuwure clana utawa didadekake destar, tanjak, utwa iket sirah. Sawetara iku kanggo putri, songket dibebetake minangka kain sarung kang dipadhanake karo kebaya utawa baju kurung.

Sanajan asale saka pakaryan tradhisional, industri songket iku dadi pakaryan krajinan kang isih urip lan dinamis. Para pangrajin songket utamane ing Palembang saiki ngupadaya motif-motif anyar kang luwih modheren lan pilihan warna-warna kang luwih alus.

Punjer pakaryan Songket[besut | besut sumber]

Tradisional Songket Sasak, Lombok.

Ing Indonesia, punjering pakaryan krajinan tangan tenun songket bisa ditemokaké ing Sumatra, Kalimantan, Bali, Nusa, Lombok lan Sumbawa. Ing pulo Sumatra songket punjering pakaryan kang misuwur lan unggul ana ing wilayah saka Pandai Sikek lan Silungkang, Minangkabau, Sumatra Kulon,[7] uga ing Palembang, Sumatra Kidul. Ing Bali, ing desa pangrajin tenun songket bisa ditemokaké ing kabupaten Klungkung, mligine ing desa Pangandaran lan Gelgel. Sawetara iku ing Lombok, désa Sukarara uga misuwur kalawan sawijining krajinan songkete.[8] Amarga pengaruhe kemaharajaan Sriwijaya, songkèt uga bisa ditemokake inf sanjabane Indonesia, tuladhane yaiku ing Semenanjung Kra[9] lan Brunei.[10]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "UNESCO - Songket". ich.unesco.org (ing basa Inggris). Dibukak ing 2021-12-20.
  2. National Geographic Traveller Indonesia, Vol 1, No 6, 2009, Jakarta, Indonesia, page 63
  3. "Motif Bungo Pacik Pada Tenunan Songket Palembang" (PDF). Sitakara Jurnal Pendidikan Seni dan Budaya (ing basa Indonesia). 2018. Dibukak ing 25 April 2021. |first1= missing |last1= (pitulung)
  4. "Sungkit". kbbi.kemdikbud.go.id. Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Dibukak ing 25 April 2021.
  5. "Sangkut". kbbi.kemdikbud.go.id. Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa, Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan. Dibukak ing 25 April 2021.
  6. Gold Cloths of Sumatra: Indonesia’s Songkets from Ceremony to Commodity, Cantor Art Gallery, Worcester, Massachusetts, 2007, by Susan Rodgers, Anne Summerfield, John Summerfield
  7. Tenun Songket Pandai Sikek (Sumatera Barat - Indonesia)
  8. National Geographic Traveller Indonesia, Vol 1, No 6, 2009, Jakarta, Indonesia, page 62
  9. The Malay handloom weavers: a study of the rise and decline of traditional ... By Maznah Mohamad
  10. Uchino, Megumi (2005). "Socio-cultural history of Palembang Songket". Indonesia and the Malay World. Routledge. 33 (96): 205–223. doi:10.1080/13639810500283985.

Pranala Njaba[besut | besut sumber]