Semua Untuk Hindia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Semua Untuk Hindia
Gambar:Semua Untuk Hindia.jpg
Panganggit Iksaka Banu
Pametha Yuyun Nurrachman
Basa Indonésia Indonésia
Gènre Sajarah
Pangecapan Kepustakaan Populer Gramedia
Kala babar
Cetakan: I, Mèi 2014
Kaca 153
ISBN 978-979-91-0710-7

Semua Untuk Hindia ya iku kumpulan carita cekak karya Iksaka Banu kang diterbitake ing wulan Mèi 2014 déning Kepustakaan Populer Gramedia. Buku kang kandele 153 kaca kanthi nomer ISBN 978-979-91-0710-7 iki jalari Iksaka éntuk Pangaji-aji Kusala Sastra Khatulistiwa kanggo kategori prosa, ing taun 2014.[1][2]

Latar kawuryan[besut | besut sumber]

Semua Untuk Hindia minangka kumpulan cerkak kang kekadeyane ana nalika Indonésia isih dadi Indhiya Nèderlan. Carita-caritane wiwit saka tekané Cornelis de Houtman ing 1596 nganti mangsa-mamgsa wiwitane Indonésia mardika. Sudut pandang tokoh-tokoh utamanne manéka warna, wiwit saka juru warta perang, pulisi, wadya, pastor, administratur pakebonan tembakau, dhokter wadya, nganti Nyai. Kang narik kawigaten saka carita-carita ing buku iki ya ikue meh kabèh konflik kang dialami tokoh-tokohe gegayutan karo prastawa-prastawa lan tokoh-tokoh sajarah kang tau kedadeyan ing mangsa kolonialisme. Kaya déné ing cerkak Semua untuk Hindia kang didadèkaké irah-irahan buku iki. Ing cerkak iki, pamaos disuguhi carita ngenani juru warta Walanda kang kekancan karo prawan cilik kulawarga Puri Kesiman kang candhaké nekakake patine ing Perang Puputan ing Bali. Ing cerkak iki nyritakake kepriye si Juru warta delengi gegirisine Perang Puputan.

Saliyané prastawa perang puputan ing Bali, Iksaka Banu uga nyuguhake carita kanthi irah-irahan Bintang Jatuh, kanthi latar pemberontakan ètnis Tionghoa gedhé dhéwé ing Indhiya Nèderlan ing 1740. Dicaritakake, tokoh baku, sawijining perwira menengah Hindhia éntuk tugas rahasia ya iku matèni Gustaff van Imhoff, saingane gubernur Jenderal Indhiya Nèderlan, Adriaan Valckenier. Ing cerkak iki, pamaos ora mung éntuk gambaran kepriye konflik batin tokoh baku lan kepriye pemberontakan entis Tionghoa, nanging uga gambaran kaanan pulitik ing Indhiya Nèderlan nalika iku, ya iku anané persaingan lan perseteruan rong kubu elite Walanda antarané Gubernur Jenderal Adriaan Valckenier karo saingane, Gustaaf Willem van Imhoff.

Saliyané nampilake tokoh-tokoh Walanda kondhang kang jenenge karekam ing sajarah, Iksaka uga nudhuhake jeneng-jeneng pahlawan Nuswantara nalika semana kaya ta Pangéran Dipanegara lan Untung Surapati. Pangéran Dipanegara sekilas ana ing cerkak kanthi irah-irahan Pollux kang kajupuk saka jeneng kapal layar kang ngeterake ing papan panggonan pengasingane, ing Manado. Ing cerkak kang jupuk sudut pandang sawijining tawanan perang Walanda kanthi kebangsaan Bèlgi iki, nuduhaké kepriye Sang Pangeran, wiwit saka ditawan ing Balai kutha (Stadhuis) Batavia, nganti nalika arep mangkat ing Manado, diistimewakake déning wadya kraton Walanda. Ing kéné uga ana konflik antarané Bèlgi lan Walanda kang kedadeyan nalika iku.

Déné Untung Surapati éntuk porsi lumayan akèh ing cerkak Penunjuk Jalan. Cerkak iki nyritakake sawijining dhokter wadya Walanda kang kesasar ing alas karo kancané kang nandhang tatu. Ing tengahing alas, sawijining tokoh ketemu karo sawijining wong kang kenalan kanthi jeneng Pangeran Kebatinan kang pranyata Untung Surapati. Lumantar parembugan, dhokter karo Untung Surapati kadungkap, kepiye Walanda nyoba yasa Batavia minangka Walanda ing laladan tropis kang pranyata duwé dhampak ala ing sanitasi kutha.

Carita liyané isih kawungkus sajarah Indonésia ing jaman kolonial, bisa tinemu ing telulas cerkak kang saben-saben irah-irahane diweneni ilustrasi ireng putih karya Yuyun Nurrachman. Saliyané ngenani peperangan, ana uga carita humanis kaya déné carita administratur pakebonan mbako Deli kang kepeksa nundhung gundik lan anak-anak kang ditresnani nyedhaki tekané bojone (Racun untuk Tuan), Carita Nyai kang disayang bendharane nanging selingkuh (Stambul Dua Pedang), lan liya-liyané.

Komentar tokoh[besut | besut sumber]

  • "Iksaka Banu ‘'peniup ruh' ’ kang jitu nguripake mangsa jaman semana. Carita kanthi latar sajarah, kadungkap kanthi apik, rinci, lan dramatik."Kurnia Effendi
  • "Carita-carita ing kumpulan iki ngiring pamaos ing era kolonialisme kang jarang kadungkap déning juru nulis Indonésia modhèren. Kanthi panaliten temen lan tliti, Iksaka Banu nyritakake ngenani tresna, keintiman, kemesraan lan uga pengkhianatan lan kekejian ing antarané tokoh-tokoh pribumi lan Walanda."Leila S. Chudori

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Pee, diakses 23 Juni 2015
  2. Parcel Buku, diakses 23 Juni 2015