Menyang kontèn

Sanoesi Pane

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sanoesi Pane
PakaryaPenulis, sastrawan
Warga nagaraIndhonésia Indonésia

Sanoesi Pane inggih punika salah satunggaling sastrawan ing Indonésia ingkang miyos wonten ing Muara Sipongi, Mandailing Natal, Sumatera Utara ing tanggal 14 Novèmber 1905 lan séda wonten ing Jakarta tanggal 2 Januari 1968. Sanoesi Pane inggih kalebet sastrawan angkatan Pujangga énggal ingkang karya-karyanipun kathah dipunwedalaken ing antawisipun taun 1920-nan ngantos taun 1940-nan.[1]

Kulawarganipun

[besut | besut sumber]

Sanoesi Pane inggih punika putra saking Sutan Pangurabaan Pane, ingkang makarya dados guru lan seniman Batak Mandailing ing Muara Sipongi, Mandailing Natal. Saking wolung sedherekipun ing kulawarganipun, kejawi Sanoesi Pane, ingkang ugi dados tokoh nasional ing antawisipun wonten Armijn Pane ingkang ugi dados sastrawan lan Lafran Pane ingkang minangka pengadeg organisasi nom-noman Himpunan Mahasiswa Islam.

Pendhidhikanipun

[besut | besut sumber]

Nalika taksih enèm, Sanoesi Pane sampun naté ngrampungaken sekolah pendhidhikan formal ing HIS lan ELS ing Padang Sidempuan, Sumatera Utara. Salejengipun piyambakipun nerasaken sinau ing MULO ing Padang lan Jakarta, ingkang dipunrampungaken ing taun 1922. Sasampunipun lulus, Sanoesi Pane lajeng nerasaken sinau ing Kweekschool (sekolah guru) ing Gunung Sahari, lan rampung ing taun 1925. Sasampunipun lulus saking sekolah guru punika, Sanoesi Pane lajeng mucal ing sekolah kasebat saderengipun dipunpindhah dahteng Lembang, Bandung, Jawa Kulon lan dados HIK. Piyambakipun ugi sampun naté kuliah ing Rechtshogeschool lan sinau bab ontologi. Ing antawisipun taun 1929-1930, piyambakipun pikantuk kalodhangan kanggé dhateng India ingkang salajengipun saged paring pangaribawa dhateng karya-karya ingkang dipunasilaken salajengipun.[2]

Padamelanipun

[besut | besut sumber]

Sasampunipun kondur saking India, Sanoesi Pane dados redaksi majalah "Timbul" ingkang mawi basa Walanda. Piyambakipun wiwit nyerat manéka warna karangan kesusastraan, filsafat lan pulitik, lan ing wekdal punika ppiyambakipun tetep mucal dados guru. Amargi int taun 1934 piyambakipun dados anggota ing PNI, lajeng piyambakipun dipunpecat dados guru. Lajeng, piyambakipun dadis pandhega sekolah saha ngrangkep dados guru ugi ing sekolah-sekolah kagunganipun Perguruan Rakyat ing Bandung lan Jakarta. Ing taun 1936, Sanoesi Pane dados pemimpin ariwarta Tionghoa-Melayu "Kebangunan" ing Jakarta, lan ing taun 1941, piyambakipun dados redaktur Balai Pustaka. Ing babagan sastra, Sanoesi Pane asring dipunanggep kosok wangsulipun saking Sutan Takdir Alisjahbana.[3] Sanoesi Pane pados gagasan kanggé seratanipun saking jayaning budayan Hindhu-budha ing Indonésia ing wekdal kepengker. Pangrembakaning filsafat ing gesangipun punika, ndugekaken ngantos sintesa wétan lan kulon, manunggaling jasmani lan rohani, dunya lan akherat, saha idealisme lan materialisme, ingkang punika sadaya kagambar wonten ing karyanipun "Manusia Baru", ingkang dipunwedalaken déning balai pustakan ing taun 1940.

Asiling Karya

[besut | besut sumber]

Sanoesi Pane kagollong produktip kanggé ngasilaken karya sastra, ing antawisipun inggih kados makaten:

  • Pancaran Cinta (1926)
  • Prosa Berirama (1926)
  • Puspa Mega (1927)
  • Kumpulan Sajak (1927)
  • Airlangga (drama mawi basa Walanda, 1928)
  • Eenzame Caroedalueht (drama mawi basa Walanda, 1929)
  • Madah Kelana (1931)
  • Kertajaya (drama, 1932)
  • Sandhyakala Ning Majapahit (drama, 1933)
  • Manusia Baru (drama, 1940)
  • Kakawin Arjuna Wiwaha (karya Mpu Kanwa, pertalan basa Jawa Kuna, 1940)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1] Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. Sastrawan Pujangga Baru (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  2. [2][pranala mati permanèn] Seniman Sastra: Sanoesi Pane (dipunundhuh tanggal 26 Januari 2013)
  3. Sambodja, Asep, Dua 'Kiblat' dalam Sastra Indonésia, artikel pada Harian Umum Republika, Minggu, 21 Novèmber 2004. © 2007 Hak Cipta olèh Republika Online