Menyang kontèn

Ritus Latin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bagian saking sèri bab
Gréja Katulik
Organisasi

Paus: Fransiskus
Dewan Kardinal
Konsili Ekumenis
Kebijakan Episkopal •  Ritus Latin
Gréja-Gréja Katulik Wétan

Latar Wingking

Sajarah •  Kristianitas
Katulisisme •  Suksesi Apostolik
Papat Ciri Gréja
Angger-angger sepuluh
Panyaliban & Wungu Dalem Yesus
Mekrad •  Maria Dipunangkat dhumateng Swarga
Kritik dhumateng Gréja Katulik Roma

Teologi

Trinitas (Hyang Rama, Hyang Putra, Hyang Roh Suci)
Teologi •  Apologetika
Rahmat Illahi • Sakramèn
Purgatorium •  Kaslametan
Dosa asal •  Para Suci •  Dogma
Kenya Maria •  Mariologi
Maria kagarba mulus tanpa ciri

Liturgi lan Peribadatan

Liturgi Katulik Roma
Ekaristi •  Divinum Officium
Taun Liturgi •  Kanon Alkitab

Ritus

Romawi •  Armenia •  Aleksandria
Bizantium •  Antiokhia •  Syria Wétan

Topik-topik Katulik

Ekumenisme •  Monastisisme
Donga •  Musik •  Seni Rupa

Ritus Latin iku istilah kang digunakaké déning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik kanggo Gréja Katulik Kulon, kang béda karo Gréja-gréja ritus Wétan, kang mawiyar ing Éropah kulon lan Afrika lor, ing ngendi basa Latin wujud basa pendhidhikan lan kabudayan. Istilah kang liya ya iku Gréja Latin, kang digunakaké, tuladhané, sajeroning pambuka kanon saka edhisi 1917 lan 1983 saka Kitab Hukum Kanonik Gréja.

Istilah ritus Latin uga minangka ngrujuk marang siji utawa luwih wangun liturgi suci kang digunakaké ing manéka péranganing Gréja Latin iki. Liturgi-liturgi iki kalebu ritus Roma kang dipigunakaké kanthi wiyar, ritus Ambrosius saka Milano lan wewengkon-wewengkon saubengé, lan ritus Mozarabik, kang digunakaké kanthi winates ing Spanyol, mligi ing Toledo. Ritus-ritus liturgis Latin liyané lumrahé wis ora digunakaké manèh, kalebu akèh-akèhé ritus kang dipraktikaké déning sapérangan ordo kaagaman nganti ora suwé sawisé Konsili Vatikan II.

Sok-sok istilah "Katulik Roma" dianggep sinonim karo "ritus Latin", sanajan tembung iku ora tau digunakaké kanthi resmi sajeroning dhokumèn-dhokumèn Gréja Katulik dhéwé.

Ritus Latin dibédakaké karo kang liya-liyané dudu mung amarga panggunan liturgi-liturgi ritus Latiné, nanging uga déning sipat-sifaté kaya ta tuladhané Sakramèn Krisma mung diwènèhaké sawisé sawijining bocah nggayuh umur nalar (nanging ora kudu nganti pra-remaja), kewajiban selibat kanggo para imam, pangangkatan langsung biskop déning Paus. Nganti wates-wates tinentu, Gréja Katulik ritus Wétan béda karo Gréja Latin sajeroning babagan-babagan iki. Tuladhané, panahbisan imam (nanging ora nganti tingkat biskop) bisa dilakokaké déning wong kang wis palakrama, lan para patriarch Wétan sarta kabiskopan agung utama Gréja-gréja milih para biskop kanggo wewengkoné dhéwé (lan dudu ing sanjabané) lan saka Paus mung olèh surat pangakuan.

Hukum kanon kanggo Gréja ritus Latin dikodhifikasikaké sajeroning Kitab Hukum Kanonik Gréja nalika taun 1917, lan sajeroning edhisi kang anyar kang dirumusaké déning Paus Yohanes Paulus II taun 1983.[1]

Uga delengen

[besut | besut sumber]