Menyang kontèn

Reynold Panggabean

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Reynold Panggabean
Reynold Panggabean
Latar wuri
Jeneng lair Reynold Panggabean
Lair 23 Januari 1951 (umur 75)
Jakarta, Indhonésia Indonésia
Pakaryan penyanyi, aktor, musisi
Pasangan Camelia Malik (bercerai)
Anna Tairas
Anak Kevin Reyan

Reynold Panggabean (lair 23 Januari 1951; umur 75 taun).[1] Reynold Panggabean punika salah satunggaling komposer, juru main filem, saha penyanyi.[1] Reynold Panggabean punika ugi dados mantan anggota group The Mercy's.[1] Kajawi punika, Reynold Panggabean ugi dados pimpinan kelompok musik Tarantulla.[1] Reynold Panggabean wonten Tarantulla menik ngasilaken lagu-lagu dhangdhut kanthi musik dhangdhut "fusion" inggih punika campuran musik rock lan jazz.[1] Musik punika saged nembus pasaran musuk ing pasar Jepang.[2] Nalika taun 2005, Reynold dados penasihat Kontes Dangdut wonten ing TPI.[2] Pernikahan Reynold kang sepisanan inggih punika kaliyan aktris kang diorbitaken piyambak ingkang namanipun Camelia Malik.[1] Pungkasanipun Camelia Malik nikah kaliyan Harry Capri nalika taun 1988.[1] Reynold Panggabean banjur nikah karo aktris cantik Anna Tairas.[1] Saking pernikahan punika, Reynold Panggabean patutan ingkang namanipun Kevin Reyan.[1] Nanging sasampunipun nikah dangunipun 11 taun, Reynold saha Anna Tairas banjur cerai nalika taun 2001.[1] Nalika sasi Oktober 2005 Reynold dikabaraken merkosa pembantu rumah tangga.[1] Punika amargi wonten pembantu rumah tangga ingkang nglaporaken Reynold wonten ing kantor pulisi kanthi tuduhan pelecehan sèksual saha perkosaan.[1] Nanging tuduhan punika boten dipunakeni Reynold.[1] Reynold ugi gadhah kasus dugaan ngrusak kodhak kagunagnipun salah satunggaling acara infotainment.[1] Pungkasanipun, nalika wulan Désémber 2005, Reynold dados tersangka wonten ing dugaan pencabulan tumrap pembantunipun inggih punika Tiah saha Wiwin.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 24 September 2011)
  2. 1 2 metrosiantar.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 24 September 2011)