Puter
| Puter | |
|---|---|
Cumbon | |
| Klasifikasi ngèlmiah (disputed) | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Aves |
| Ordho: | Columbiformes |
| Famili: | Columbidae |
| Génus: | Streptopelia |
| Spésies: | S. risoria |
| Jeneng binomial | |
| Streptopelia risoria (Linnaeus, 1758) | |

Manuk Puter utawa The Ringneck Dove (manuk dara kalungan), Ring Dove (manuk dara ali-ali), lan Barbary Dove, Streptopelia risoria, ya iku manuk omahan saka kulawarga manuk dara (Columbidae). Manuk puter wis dadi ingon ingoné manungsa watara 2000-3000 taun amarga lulut (ora giras), gampang rumatané, lan uripé dawa (nganti 12 taun).
Pérangané
[besut | besut sumber]Manuk Puter duwèni ukuran kira-kira sak kepelan tangan, dawané udakara 30 cm (endhas tekan buntut), wuluné soklat enom ing kiwa-tengen endhas lan telih, lan malih dadi klawu ing arah buntut lan uga kang paling kas duwé kalung warna ireng ing gulu.
Papan uripé
[besut | besut sumber]Ing alam, puter lumrahé tinemu ing sawah lan tegalan kaya déné deruk.
Pakané
[besut | besut sumber]Kayadéné lumrahé manuk dara, manuk iki pakané kaya déné jagung, pari, otek/jewawut, canthel lan kacang-kacangan.
Pigunané
[besut | besut sumber]Amarga sipaté kang luliut lan ora giras sarta gampang diingu, manuk puter digunakaké peternak kutut kanggo ngengkremi lan momong piyik kutut.
- Piyik kang umur 2 dina
- Puter putih
- A pair of Ringneck Doves