Paus biru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Paus biru[1]
Paus biru diwasa di Samodra Pasifik.
Perbandingan ukuran paus biru dengan manungsa.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Cetacea
Subordho: Mysticeti
Famili: Balaenopteridae
Génus: Balaenoptera
Spésies: B. musculus
Jeneng binomial
Balaenoptera musculus
(Linnaeus, 1758)
[[File:cetacea_range_map_Blue_Whale.PNG

Lsksmismsjis|240px]]

Penyebaran baus biru

Paus Biru (Balaenoptera musculus) inggih punika mamalia laut ingkang kalebet ing subordo paus balin. Panjangipun saged langkung saking 33 mèter saha gadhah bobot 181 ton metrik utawi saged ugi langkung. Kéwan punika dipunpercaya minangka kéwan ingkang paling ageng ingkang naté wonten.[3][4]

Dawa lan langsing, badanipun Paus Biru saged manéka macem kateduhan klawu saemu birunipun.[5] SAkedhikipun wonten tiga pambéda subspesies: B. m. musculus Atlantik lèr lan Pasifik lèr, B. m. intermedia, Samodra kidul lan B. m. brevicauda (ugi diunkenl minangka paus biru kerdil) kapanggihaken ing Samodra Hindia lan Samodra Pasifik Selatan. B. m. indica kapanggihaken ing Samodra Hindia, kadospun dados subspesies sanès. Kados déné paus balin sanès, pola nedhinipun ingkang pokok crustacea alit ingkang ugi dipunkenal minangka krill, ingkang saénipun sami kaliyan iwak alit lan nus.

Paus biru kathah sanget, saged kapanggihaken saben samodra dumugi abad 20. Kirang langkung 40 taun paus-paus mau dipunburu dumugi nyaketi angka kepunahan, kanthi wntenipun perburuan paus, paus sapunika dipunlindungi déning komunitas internasional wiwit taun 1966. Sawijining palaporan ing taun 2002 ngira-ngira wonten 5.000 dumugi 12.000 paus biru ing saintering dunya[6] ingkang lokasinipun kapérang paling sakedhik gangsal kelompok. Kathah-kathahipun riset sapunika maringi kawigatosan tumraping subspesies paus biru kerdil ingkang mungkin sampun ing ngandhap prakiran.[7] Sadèrèngipun perburuan paus, populasi paling ageng dumunung ing tlatah Antartika, kanthi cacah kinten-kinten 239.000 (saged 202.000 dumugi 311.000).[8] Sisanipun ingkang naumung sapérangan alit (antawis 2.000) mengkonsentrasaikan ing saben kelompok Pasifik timur laut, Antartika, lan Samodra Hindia. Wonten langkung saking kalih kelompok ing Samodra Atlantik lèr lan sakedhikipun kalih ing Sisih kidul.

Taksonomi[besut | besut sumber]

Cithakan:Deleng uga Paus biru minangka rorqual (famili Balaenopteridae), famili ingkang wonten ing salebeting inggih punika Paus bungkuk, Paus sirip, Paus Bryde, Paus Sei lan Paus Minke.Famili Balaenopteridae dipunpitadosi gadhah bedanipun kaliyan famili paus sanès saking subordo Mysticeti ingkang sami dangunipun kaliyan pertengahan Oligocene. Éwadéné makaten, bab punika boten dipunmangertosi éwadéné kelompok famili mau bènten kaliyan sanèsipun. Paus biru limrahipun dipunklasifikasikaken minangka salah satunggal saking pitung spésies paus ing génus Balaenoptera; satunggal otoritas ingkang mapanaken paus punika ing génus monotypic kapisah Sibbaldus,[9] ananing boten dipunsarujuki ing papan sanès.[1] Analisis karuntut DNA nedahaken bilih paus biru kanthi Filogenetik caket aliyan Paus bungkuk (Megaptera) lan Paus Kelabu (Eschrichtius) lajeng kaliyan spésies Balaenoptera sanès. Manawi panalitén ingkang langkung saged mengkonfirmasi wontenipun kekerabatan, mbok manawi badhé dipunbetahaken saperlu mengkalsifisasikaken ulang rorqual. [[Berkas:Rorqual phylogenetic tree.svg|ki|jmpl|250px|Pohon filogenetik hewan yang berhubungan dengan paus biru.]]

Sekedhikipun wonten 11 dokumetasi kasus persilangan paus biru / paus sirip diwasa ing alam alasan. Aranson lan Gullberg ngandharaken jarak genetik antawis paus biru lan paus sirip minangka kesamaan kados ta antawising manungsa lan gorila.[10] Persilangan paus biru / paus bungkuk ugi dipunmangertosi.

Nama spesifik musculus minangka basa Latin lan saged ateges "berotot", nanging ésaged ugi dipuntafsiraken minangka "tikus alit".[11] Linnaeus, ingkang nyukani nama spésies punika wonten seminaripun Systema Naturae taun 1758,[12] mbok manawi sampun mangeértosi punika lan mbok manawi kanthi maksud pengertian ganda ingkang ironis.[13] Spesies punika ugi dipunsebut Dasar-Sulfur déning Herman Melville wonten novelipun Moby-Dick ingkang gegayutan kaliyan sakedhik coklat oren utawi kuning ing bagéyén andhap saking filem diatom ing kulitipun. Nama umum sanès kanggéé paus biru kados ta Rorqual Sibbald (sabibaring Sir Robert Sibbald), paus biru raksasa lan rorqual utara raksasa. Nama mau sampun dipuntilar lan boten dipunanggé malih ing satunggal dékade sapunika.

Otoritas mengklasifikasikaken spésies punika ing salebeting tiga utawi sekawan subspesies: B. m. musculus, paus biru utara kasungsun saking populasi Atlantik utara lan Pasifik utara, B. m. intermedia, paus biru selatan Samodra Selatan, B. m. brevicauda, paus biru kerdil kapanggihaken ing Samodra Hindia lan Pasifik Selatan,[14] lan B. m. indica, Rorqual Hindia Besar ingkang langkung prakawis, ugi kapanggihaken ing Samodra Hindia lan éwadéné kababar langkung wiwitan mbok manawi dados subspesies ingkang sami minangka B. m. brevicauda.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c Cithakan:MSW3 Mead
  2. Cetacean Specialist Group (1996). Balaenoptera musculus. 2006 IUCN Red List of Threatened Species. IUCN 2006. Diakses 11 Mèi 2006. Entri basis data mencakup yustifikasi panjang mengapa spésies ini terancam
  3. "Animal Records". Smithsonian National Zoological Park. Diarsip saka sing asli ing 2016-08-01. Dibukak ing 2012-12-08.
  4. "What is the biggest animal ever to exist on Earth?". How Stuff Works. Dibukak ing 2012-12-08.
  5. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng factsheet
  6. "Assessment and Update Status Report on the Blue Whale Balaenoptera musculus" (PDF). Committee on the Status of Endangered Wildlife in Canada. 2002. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 14 June 2007. Dibukak ing 14 December 2012. {{cite web}}: Unknown parameter |accessdaymonth= ignored (pitulung)
  7. Alex Kirby, BBC News (2003). "Science seeks clues to pygmy whale". Dibukak ing 14 Novèmber 2012.
  8. T.A. Branch, K. Matsuoka and T. Miyashita (2004). "Evidence for increases in Antarctic blue whales based on Bayesian modelling". Marine Mammal Science. 20: 726–754.
  9. Barnes LG, McLeod SA. (1984). "The fossil record and phyletic relationships of gray whales.". Ing Jones ML; et al. (èd.). The Gray Whale . Orlando, Florida: Academic Press. kc. 3–32. ISBN 0123891809. {{cite book}}: Explicit use of et al. in: |editor= (pitulung)
  10. A. Arnason and A. Gullberg (1993). "Comparison between the complete mtDNA sequences of the blue and fin whale, two species that can hybridize in nature". Journal of Molecular Ecology. 37: 312–322.
  11. Simpson, D.P. (1979). Cassell's Latin Dictionary (édhisi ka-5). London: Cassell Ltd. kc. 883. ISBN 0-304-52257-0.
  12. Cithakan:LA Linnaeus, C (1758). Systema naturae per regna tria naturae, secundum classes, ordines, genera, species, cum characteribus, differentiis, synonymis, locis. Tomus I. Editio decima, reformata. Holmiae. (Laurentii Salvii). kc. 824.
  13. "Blue Whale Fact Sheet". New York State Department of Environmental Conservation. Diarsip saka sing asli ing 2017-01-18. Dibukak ing 29 Juni 2007.
  14. Ichihara T. (1966). The pygmy blue whale B. m. brevicauda, a new subspecies from the Antarctic in Whales, dolphins and porpoises Page(s) 79-113.