Nh. Dini

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nh. Dini
LairNurhayati Sri Hardini Siti Nukatin
(1936-02-29)29 Fèbruari 1936
Semarang, Jawa Tengah
Tilar donyaDhésèmber 4, 2018(2018-12-04) (umur 82)
Indhonésia Semarang, Indonesia
PakaryanSastrawan , novelis
Taun aktif1956-2018
PasanganYves Coffin (1960-1984; bercerai)
AnakMarie-Claire Lintang Coffin
Pierre-Louis Padang Coffin
Wong tuwaRM. Saljowidjojo
Kusaminah

Nurhayati Sri Hardini Siti Nukatin utawi langkung kondhang kanthi cekakan Nh. Dini, lair 29 Fèbruari 1936 ing kitha Semarang, Jawa Tengah, punika satunggiling sastrawan penulis Indonesia ingkang prodhuktif. Satamatipun saking SMA jurusan sastra taun 1956, piyambakipun tumut kursus Pramugari Darat Garuda ing Jakarta. Salajengipun ndhèrèk kursus B-1 jurusan Sajarah taun 1957. Piyambakipun boten namung remen nyerat cariyos cekak kémawon, nanging ugi nyerat sajak, naskah sandhiwara radhio lan novèl. Taun 1960, Dini dipunsunting déning pemudha Prancis, Yves Coffin, Konsul Prancis ing Kobe, Jepang lan ngantos sapunika patutan kalih, Marie-Claire Lintang lan Pierre Louis Padang. Putra pambarep sapunika lenggah wonten ing Kanada, déné ingkang wuragil wonten ing Prancis. Wiwit tanggal 16 Dhésèmber 2003, Nh. Dini ngalih saking Semarang, salajengipun manggèn wonten kompleks Graha Wredha Mulya, Sinduadi, Mlathi, Sléman, Yogyakarta.[1]

Nyerat ing kalawarti[besut | besut sumber]

Wiwit taun 1951 Nh. Dini sampun miwiti nyerat, lan ing taun 1953 cariyos cekakipun sampun dipunamot wonten ing kalawarti Kisah, Mimbar Indonesia lan kalawarti Siasat.

Pakurmatan[besut | besut sumber]

Sawetawis pakurmatan sampun naté dipuntampi, ing antawisipun minangka pamenang Lomba Penulisan Naskah Skenario kanggé Sandhiwara Radhio sa Jawa Tengah (1955), bebungah pertama Lomba Penulisan Carios Cekak ing basa Prancis (1988), bebungah seni saking Kementerian P&K kanggé babagan Sastra (1989), Piagam Penghargaan Upapradhana (1991) lan pakurmatan saking pamaréntah Thailand wujud SEA Write Award ing babagan sastra.

Karya[besut | besut sumber]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Hudiono, Esthi Susanti; Bodjawati, Seruni (2019). Perempuan-Perempuan Menggugat (Literasi Rupa Sejarah Perempuan Indonésia). Yogyakarta: Media Pressindo bekerjasama dengan Komunitas Inklusi Sosial dan Perdamaian Indonésia. kc. 109–113. ISBN 978-623-7254-10-2.

Pranala njawi[besut | besut sumber]