Menyang kontèn

Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon.

Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon (Carakan: ꦩꦸꦱꦶꦪꦸꦩ꧀ꦥꦣꦺꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂꦏꦫꦲꦪꦺꦴꦤ꧀; basa Indhonésia: Museum Padepokan Sumber Karahayon) inggih punika musiyum ingkang dumunung wonten ing Padhekahan Tegal, Kalurahan Jambidan, Kapanéwon Banguntapan, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Musiyum punika dipun pandegani déning Ki Wiryodikarso utawi Mbah Pleret lan rumiyin dipun wastani Padhépokan Sumber Karahayon. Ing tanggal 1 Oktober 1980, gedhong kasebut dipun paringaken dhumateng Pamaréntah Kabupatèn (Pemkab) Bantul lan dipun tampi déning Bupati Bantul nalika semanten, R. Soetomo Mangkoesasmito. Musiyum punika sapunika dipun lestantunaken déning anggota Yeyasan Handadénta.

Sajarah yasan

[besut | besut sumber]

Gedhong Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon dumunung wonten ing Padhekahan Tegal, Kalurahan Jambidan, Kapanéwon Banguntapan, Kabupatèn Bantul, Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta. Sadèrèngipun dipun tetepaken dados musiyum déning Dinas Kabudayan Kabupatèn Bantul, gedhong punika rumiyin minangka dalemipun Ki Wiryodikarso (langkung asring dipun sebat Mbah Plèrèt) saha dipun wastani Padhépokan Sumber Karahayon.[1][2] Tanggal 1 Oktober 1980, papan dalem lan saisinipun lajeng dipun sukakaken dhumateng Pamaréntah Kabupatèn Bantul kanthi kersanipun piyambak lan dipun tampi déning Bupati Bantul nalika semanten, R. Soetomo Mangkoesasmito. Asma wewangunan kasebut lajeng dipun gantos dados Musiyum Padhépokan Sumber Karahayon utawi Musiyum Sumber Karahayon.[3]

Kolèksi ing musiyum punika arupi barang-barang sajarahipun Wiryodikarso inggih punika reca, poto, mobil, sandhangan, lan sanès-sanèsipun.[4] Endang Sawitri, salah satunggalipun pengurus Musiyum Sumber Karahayon jlèntrèhaken, menawi dipun pirsani saking nginggil, wewangunan musiyum punika katon kados déné tiyang tilem, menthang saking kilèn ngantos dumugi wétan kanthi prenah miring madhep kidul. Sacara filosofis, pérangan-pérangan wonten ing musiyum punika dipun ibarataken kados buku, inggih punika wujudipun saged dipun waos.[3]

Babading priyantun ingkang ngyasa

[besut | besut sumber]
Yeyasan Handadénta.

Sawitri ngendikan bok bilih Wiryodikarso punika salah satunggal pejuang nasional ingkang tumut ngrebat lan mbéla kamardikan Indhonésia nglawan Walanda. Piyambakipun miyos ing Gebayanan, Kemantrèn Mantrijeron, Kutha Ngayogyakarta tanggal 8 Januari 1904. Nalika taksih anèm, piyambakipun dados anggota Vatvinder (Pramuka) Budi Utomo. Karemenanipun marang jagat pulitik ndadosaken piyambakipun mlebet ing Parté Nasional Indhonésia (PNI). Awit punika, piyambakipun tumut kursus-kursus pulitik ingkang dipun wulang déning Soekarno, lan dados kanca caket Ali Sastroamidjojo lan Gatot Mangkoepradja. Papanggihan pungkasan piyambakipun kaliyan Soekarno dumados ing taun 1962 wonten Istana Nagari.[3]

Wiryodikarso ugi dados pangyasa Yeyasan Handadénta ingkang mlampah ing bagéan kabudayan.[3] Yeyasan punika dipun ayomi déning Dinas Kabudayan Propinsi Dhaérah Istiméwa Ngayogyakarta.[5] Boten namung nganggit Patilasan Sri Aji Jayabaya lan Sendhang Tirta Kamandhanu ing Kabupatèn Kadhiri,[6][7][8][9] yeyasan punika ugi rutin ngawontenaken upacara labuhan ing Parangkusuma.[10] Ritual punika awujud rasa syukur sedaya anggotanipun.[11]

Ritual tradhisional punika dipun tindakaken déning Yeyasan Handadénta lan Karang Taruna Unit Krebet ingkang dados pamangku upacara. Labuhan punika dipun tindakaken kapisan namung kagem kulawarga Yeyasan Handadénta wiwit taun 1974.[12] Labuhan Handadénta sapunika dados kagiyatan pariwisata taunan ing Bantul saben tanggal 15 Sura, pananggalan Jawi.[13][14][15]

Uga pirsani

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Museum Padepokan Sumber Karahayon". Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul. Diarsip saka sing asli ing 2019-08-30. Dibukak ing 2019-08-31.
  2. Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul (2019). Kajian Length of Stay Kabupaten Bantul 2019 (Laporan Akhir) (PDF). Bantul: Dinas Pariwisata Kabupaten Bantul. kc. 7. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2021-06-02. Dibukak ing 2019-08-31.
  3. a b c d "Museum Sumber Karahayon, Simpan Aneka Koleksi". Sketsindo. Diarsip saka sing asli ing 2023-02-02. Dibukak ing 2022-05-28.
  4. "Museum Padepokan Sumber Karahayon". Bantulpedia. Diarsip saka sing asli ing 2023-01-13. Dibukak ing 2023-02-02.
  5. "Labuhan Hondodento". Jogja TV. Dibukak ing 2023-02-02.
  6. "Kirab Ritual 1 Sura Kabupaten Kediri, Mengenang Kebesaran Sosok Sri Aji Jayabaya". Times Indonesia. Dibukak ing 2023-02-02.
  7. "1 Sura, Momentum Masyarakat Kediri Telusuri Jejak-Jejak Sri Aji Jayabaya". Hallo Lifestyle. Dibukak ing 2023-02-02.
  8. "Pengaruh Petilasan Sri Aji Jayabaya dan Sendang Tirta Kamandanu terhadap Budaya dan Tradisi Masyarakat Desa Menang". Syair Karya Literasi. Dibukak ing 2023-02-02.
  9. "Menjelang Pemilihan Legislatif, Sendang Tirto Kamandanu Kediri Dikunjungi Sejumlah Caleg". Super Radio. Dibukak ing 2023-02-02.
  10. Tempo Publishing (2020). Menelusuri Kota Lama Kerajaan Majapahit. Jakarta: Tempo Publishing. kc. 39. ISBN 978-623-2625-63-1.
  11. "Upacara Adat: Labuhan Hondodento". Dinas Kebudayaan Kabupaten Bantul. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 2023-02-02.
  12. "Wisata Jogja dalam Upacara Adat Labuhan Hondodento". Portal Yogyakarta. Dibukak ing 2023-02-02.
  13. "Mengikuti Labuhan Hondodento Bulan Sura di Pantai Parangkusumo". Merdeka. Dibukak ing 2023-02-02.
  14. "Ribuan Orang Ikuti Labuhan Hondodento". Radar Jogja. Dibukak ing 2023-02-02.
  15. "Labuhan Hondodento di Parangkusumo". Pemerintah Kabupaten Bantul. Dibukak ing 2023-02-02.

Waosan lajengan

[besut | besut sumber]

Buku

  • Quinn, George (2019). Bandit Saints of Java: How Java's Eccentric Saints are Challenging Fundamentalist Islam in Modern Indonesia. Selangor: Monsoon Books. ISBN 978-191-2049-45-5.
  • Quinn, George (2021). Wali Berandal Tanah Jawa. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia. ISBN 978-602-4815-24-0.

Buku lami

  • Pengurus Pusat Yayasan Hondodento (1989). Loka Moksa Sang Prabu Sri Aji Jayabaya dan Sendang Tirtokamandanu. Yogyakarta: Yayasan Hondodento.
  • Pengurus Pusat Yayasan Hondodento (2004). Perjalanan Yayasan Hondodento. Yogyakarta: Kelompok Malam Seton (Yogyakarta).
  • Yudoyono, Bambang (1984). Sang Prabu Sri Adji Djajabaja, 1135–1157. Yogyakarta: Karya Unipress.

Jurnal

Pranala jawi

[besut | besut sumber]