Pasisir Parangkusuma

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sesawangan ing Parangkusuma

Parangkusuma inggih satunggaling pantai ingkang mapan wonten ing Kacamatan Dhépok, Kabupatèn Bantul, D.I Yogyakarta. Wonten ing sakilènipun Pasisir Parangtritis, Parangkusuma ugi dados objek ingkang boten kalah élok, satunggal prakawis ingkang ndadosaken daya saking Parangkusuma inggih menika bab lelembutipun, kathah sanget ritual ingkang katindakaken wonten ing Parangkusuma.

Kahanan[besut | besut sumber]

Gumuk pasir Parangkusuma
Gumuk Pasir Parangkusumo (3).jpg

Antawising papan ingkang taksih kagolong sakral, Parangkusuma leres taksih kathah pamitaya abangan, papan menika sampun kondhang dumugi mancanegara, katepung déning bulé, amargi wonten mitos ingkang nyariyosaken menawi Kangjeng Ratu Kidul pinanggih kalihan Panembahan Senapati. Cariyos mistis kasebut, nggambaraken kadigdayan Ratu Kidul. Ingkang kaangep nggadhahi kakiyatan gaib ugi minangka raja siluman, inggih menika Ratu saking para lelembut ing Pesisir Kidul. Perkawis menika ingkang kadhangkala ndadosaken cilakaning manungsa, pramila kanggé ngremenaken pera lelembut, saben taun, wonten ing surya 1 Sura kaadani adicara tradhisi Labuhan. Tradhisi menika dipunlampahi déning tiyang kathah, mliginipun saking Kraton, ananging samenika turut éwah gingsiring jaman, tradhisi menika ugi dipunlampahi déning turis mancanegara. Para kadang ingkang ndhèrèk tradhisi menika dumugi wonten ing Parangkusuma nalikanipun dalu utawi malem 1 Sura kalajengaken ritual sesarengan ing énjingipun inggih menika Ritual Labuhan ingkang kalaksanan wonten ing Cepuri Parangkusuma, papan nalikanipun Kangjeng Ratu Kidul pinanggih kalihan Panembahan Senapati. Wonten ing Cepuri, wonten Sela cemeng sela cacah kalih ingkang adhep pinadhep, sela ingkang sisih kidul kapitaya bilih minangka sasana lenggahipun Ratu Kidul, lajeng sela ingkang sisih lor inggih minangka sasana lenggahipun Panembahan Senapati. Wonten ing papan menika, para wisatawan saged nglampahi semèdi, kanthi mundhut sekar saha kemenyan ingkang  dipunseseli arta kangge tandha panuwun kalajengan badhe dipuncaosaken dhateng juru kunci. Donganipun inggih nyenyuwun berkah dhateng ruh leluhur. Nalikanipun ngunjukkaken dedonga, kalaksanan kanthi estu, satemah bilih wonten ingkang jumeneng kemawon, menika sampun kaangep ngresahi anggenipun donga. Menika salah satunggaling wujud unggah-ungguh saking para panyuwun dhateng ruh leluhur. Berkah ingkang kaajab inggih menika nyenyuwun supados saged mindhak pangkatipun, boten kaganggu dening makluk sanès, boten pikantuk rubeda, lancar anggenipun nyambut damel lan sapiturutipun.

Paugeran Pamaréntah[besut | besut sumber]

Utaminipun wonten ing bab pandayagunan, wisata mistis kalajengaken minangka tonggaking ekonomi, mliginipun tumrap tiyang ingkang nglampahi ritual saha tiyang sakiwatengening Parangkusuma. Satunggaling cara ingkang dipunlampahi saperlu kangge narik wasatawan inggih menika taksih tetep nguri-uri tata caraning tradhisi, amargi bab menika ingkang dados bab mligi ingkang boten sadaya masarakat anggadhahi. Satemah saged kawastanan bisnis mistis. Ananging sadèrèngipun dugi samenika, ritual tradhisi kalaksanan kanthi piyambakan, menika tamtu dados prakawis wigati awit turis ingkang dugi sansaya kathah ananging kedah nladeni satunggal mbaka satunggal, saking menika, kaprangguli cara enggal inggih menika ritual kanthi sesarengan utawi jama'ah. Ritual ingkang sadèrèngipun kalaksanan wonten ing papan ingkang sepi saha kramat, samenika kalaksanan wonten ing papan ingkang rame saha biasa supados boten ngresahi ugi ngrisak papan ingkang sajatosipun kangge ritual. Kanggé ngrembakakaken, ugi wonten cara sanès ingkang boten kalah saé inggih menika kanthi ngadani pentas seni ingkang criyosipun kaangit saking criyos ritual.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Jurnal, Suwardi Endraswara, Jurnal Humaniora Vol 12 no 1 April 2007 Lemlit UNY, ISSN 1421-4009 (2019-04-01). "Dunia Hantu, Mistik, dan Wisata Spiritual di Pesisir Selatan, Jurnal HUmaniora, Vol. 12. No. 1 April, 2007" (PDF). Jurnal.