Menyang kontèn

Labuhan Handadénta

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Yeyasan Handadénta nalika upacara labuhan ing Parangkusuma.

Labuhan Handadénta punika salah satunggaling tradhisi ingkang ngrembaka ing tlatah Ngayogyakarta. Tradhisi punika dipun-leksanakaken déning Yeyasan Handadénta. Labuhan punika kalampahan saben tanggal 15 Sura.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Labuhan yaiku upacara caos sesaji marang roh utawi mbahureksa ing satunggaling papan. Labuhan dicuplik saking tembung labuh yaiku buang samubarang ing toya lèpèn utawi sagara.[1] Labuh menika gadahi arti kang sami kalian larung inggih punika buang samubarang wonten ing toya sagara dhumateng roh ing satunggaling papan. Labuhan sampun dados tradhisi ing Kasultanan Ngayogyakarta saking jaman Mataram nalika Panembahan Senapati jumeneng nata.[1] Upacara labuan menika dilaksanakaken wonten ing satunggaling wayah lan mboten namung buang barang wonten ing lèpèn utawi sagara, nanging uga wonten ing gunung utawi papan-papan kusus sak panunggalane.

Tradhisi Labuhan Handadenta punika dipun wiwiti dening Yeyasan Handadènta Ngayogyakarta. Tradhisi labuhan punika dileksanakaken dening trah Handadènta kang kasebar wonten ing kitha-kitha Jawi Tengah lan Jawi Wétan.[2] Labuhan Handadènta dileksanakaken tanggal 15 Suro saben taunipun.[3]

Tata cara

[besut | besut sumber]

Saderengipun Labuhan Handadènta digelar, setunggal wengi saderengipun dipun wonteni tanggapan wayang. Lajeng wonten dinten sabanjuripun diwonteni kirab kang diwiwiti saking Pendhapa Parangtritis. Kanthi migunakaken busana Jawa para panyarta kegiatan punika mlampah iring-iringan ing Pante Parangkusumo.[4] Urutanipun baris paling ngajeng inggih punika Bregada Paksi Katon lajeng ing wingkingipun para wanita kang mbeto sesajèn lan wingkingipun barisan sak tunggalane.

Mboten kentun ugi gunungan kasil bumi kang diarak lan mangke banjur direbutaken dening para penonton sakbibaripun acara. Dumugi wonten ing Parangkusumo sedaya panyarta labuhan banjur sila ngadhep sagara kanthi barisan kang pun ditentukaken. Para wanita kang mbeta sesajèn lungguh ing ngajeng dipun naungi payung tandha kebesaran. Baris saklajengipun inggih punika para wanita kang mbeta kembang tabur. Barisan saklajengipun dipun isi dening panyarta labuhan kang rawuh saking mawarni-warni dhaérah saking Jawi Tengah lan Jawi Wètan.[2]

Sabanjuripun para panyarta lenggah wonten in barisan kang dipuntentukaken, acara labuhan diwiwiti kanthi maos donga sesarengan. Acara ingkang sabanjuripun inggih punika maos riwayat hadegipun Yeyasan Handadènta lan tujuan labuhan kang dipun laksanaaken ing sasi Sura punika. Acara saklajengipun inggih punika ngungjukaken dongan marang Gusti Kang Maha Tunggal kang dipimpin dèning juru kunci Pasisir Parangkusuma.[2]

Acara donga kasebat banjur dilanjengaken ritual caos dhahar kang dipun wakili dening perwakilan Yeyasan Handadènta lan perwakilan saben kitha kados Ngayogyakarta, Surakarta, Madiun, Kadhiri, Panaraga, Bantul, lan kitha-kitha sakpanunggalipun. Acara banjur dilajengaken tabur kembang kalian para wanita kang mbeta kembang tabur. Tabur kembang dileksanakaken ing pinggir Pasisir Parangkusuma. Ingkang pungkasan inggih punika acara larung uba rampé lan sesajen kang dados pucukipun acara Labuhan Handadènta.[5]

Manfaat Labuhan

[besut | besut sumber]

Labuhan menika gadhah manfaat dhumateng masyarakat sedaya ing gesangipun manungsa. Tiyang Jawi menika gadhahi pandhang menawi kasunyatan mboten pisah setunggal lan panunggalipun, nanging dados setunggal lan wutuh.[6] Masyarakat kang nindakaken labuh luwih saget kanthi laku, prihatin, lan tapa.

  1. Manfaat ing Agami. Masyarakat tambah pitados menawi labuhan menika bakal dados dalan kangge mujudaken pepinginan manungsa, utaminipun kagem Muslim kang nyobi ngubungaken labuhan dhumateng sesepuhipun kados para Walisanga nalika nyebaraken agami Islam migunakaken wayang. Kagem agami sanesipun saget dados sarana nyebaraken agami lan nyokong antawisipun setunggal lan liyanipun.
  2. Manfaat ing Ékonomi. Masyarakat tambah pitados menawi labuhan menika saget nambah ing kasil tani lan rejeki kados dagang lan pados mina.
  3. Manfaat ing Kamanan. Masyarakat menawi nglajengaken labuhan bakal dijaga kaliyan Kanjeng Ratu Kidul. Kanthi kapitadosan punika masyarakat pitados menawi Kanjeng Ratu Kidul namung dados lantaran tumuju ing Gusti Kang Maha Tunggal. Masyarakat ugi pitados menawi Kanjeng Ratu Kidul ingkang paring kamanan lan katentreman.[7]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b Safitri, Febi Nurul (2022-05-24). "Upacara Labuhan, Tradisi Panembahan Senopati yang Masih Lestari". Kompas. Dibukak ing 2023-02-11.
  2. a b c "Upacara Adat: Labuhan Hondodento". Pemerintah Kabupaten Bantul Dinas Kebudayaan. 2020-11-23. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 2023-02-11.
  3. "Labuhan Hondodento di Parangkusumo, Kamis (24/1)". Kabupaten Bantul. 2008-01-22. Dibukak ing 2023-02-11.
  4. "Labuhan Hondodento di Parangkusumo, (24/1)". 2008-01-22. Dibukak ing 2023-02-11.
  5. "Upacara Adat: Labuhan Hondodento". Pemerintah Kabupaten Bantul: Dinas Kebudayaan. 2020-11-23. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-26. Dibukak ing 2023-02-11.
  6. Jalil, Abdul (2015). "Memaknai Tradisi Upacara Labuhan dan Pengaruhnya Terhadap Masyarakat Parangtritis" (PDF). el- Harakah. 17(1): 110.
  7. Jalil, Abdul (2015). "Memaknai Tradisi Upacara Labuhan dan Pengaruhnya Terhadap Masyarakat Parangtritis" (PDF). el-Harakah. 17(1): 110–111.

Wacan bacutan

[besut | besut sumber]

Buku

  • Quinn, George (2019). Bandit Saints of Java: How Java's Eccentric Saints are Challenging Fundamentalist Islam in Modern Indonesia. Selangor: Monsoon Books. ISBN 978-191-2049-45-5.
  • Quinn, George (2021). Wali Berandal Tanah Jawa. Jakarta: Kepustakaan Populer Gramedia. ISBN 978-602-4815-24-0.

Buku lawas

  • Pengurus Pusat Yayasan Hondodento (1989). Loka Moksa Sang Prabu Sri Aji Jayabaya dan Sendang Tirtokamandanu. Yogyakarta: Yayasan Hondodento.
  • Pengurus Pusat Yayasan Hondodento (2004). Perjalanan Yayasan Hondodento. Yogyakarta: Kelompok Malam Seton (Yogyakarta).
  • Yudoyono, Bambang (1984). Sang Prabu Sri Adji Djajabaja, 1135–1157. Yogyakarta: Karya Unipress.

Jurnal

Pranala jaba

[besut | besut sumber]