Ketapang (tuwuhan): Béda antara owahan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konten dihapus Konten ditambahkan
Top4Bot (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan using AWB
BeeyanBot (parembugan | pasumbang)
c →‎top: éjaan, replaced: yaiku → ya iku using AWB
Larik 19: Larik 19:


[[‎Image:Desi Badam (Terminalia catappa) branches with new leaves & flower spikes in Kolkata W2 IMG 3260.jpg‎|thumb|left| Pang lan godhong Ketapang ing [[Kalkuta]], [[India]]. ]]
[[‎Image:Desi Badam (Terminalia catappa) branches with new leaves & flower spikes in Kolkata W2 IMG 3260.jpg‎|thumb|left| Pang lan godhong Ketapang ing [[Kalkuta]], [[India]]. ]]
Kembangé ana loro yaiku lanang lan wadon ing wit sing padha. Kaloroné nduwèni diamèter 1 cm, werna putih rada ijo. Wohé dawané 5–7 cm lan ambané 3-5.5 cm, ijo nalika isih enom banjur malih dadi kuning lan pungkasané abang nalika wis mateng, kanthi wiji tunggal.
Kembangé ana loro ya iku lanang lan wadon ing wit sing padha. Kaloroné nduwèni diamèter 1 cm, werna putih rada ijo. Wohé dawané 5–7 cm lan ambané 3-5.5 cm, ijo nalika isih enom banjur malih dadi kuning lan pungkasané abang nalika wis mateng, kanthi wiji tunggal.


=== Khasiat ===
=== Khasiat ===

Révisi kala 26 Maret 2016 14.35

Terminalia catappa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Myrtales
Famili: Combretaceae
Génus: Terminalia
Spésies: T. catappa
Jeneng binomial
Terminalia catappa
L.

Ketapang utawa Terminalia catappa iku sawijining tuwuhan gedhé tropis sing klebu family Combretaceae. Asalé wit Kepatang isih dadi kontroversi, bisa uga saka India, Ujung Malaya, utawa Nugini. Jeneng umum antara liya Indian almond, Bengal almond, Singapore almond , Malabar almond, Tropical almond, Sea almond, lan Umbrella tree.

godhong Ketapang sadurungé gugur ing Kalkuta, Bengali Kulon, India.

Wit iki tuwuh dhuwuré nganti 35 m, kanthi tajuk kang tegak simètri lan pang-pangé horisontal. Yèn wité wis rada tuwa, tajuké dadi rata awangun vas. Godhong-godhongé amba, dawané 15–25 cm lan ambané 10–14 cm, lonjong, werna ijo tuwa mengkilap. Wit iki godhongé padha gugur ing mangsa panas; sadurungé rontok, wernané dadi semu abang utawa kuning-coklat, amarga anané dat pigment kaya violaxanthin, lutein, lan zeaxanthin.

Pang lan godhong Ketapang ing Kalkuta, India.

Kembangé ana loro ya iku lanang lan wadon ing wit sing padha. Kaloroné nduwèni diamèter 1 cm, werna putih rada ijo. Wohé dawané 5–7 cm lan ambané 3-5.5 cm, ijo nalika isih enom banjur malih dadi kuning lan pungkasané abang nalika wis mateng, kanthi wiji tunggal.

Khasiat

Terminalia catappa tuwuh ing tlatah tropis minangka tanduran hias, kanthi tajuk godhong sing rimbun. Wohé rada kecut rasané.

Kayuné awarna abang, atos lan tahan banyu. Ing tlatah Polynesia kayu iki digawé prau.

Godhongé ngandhut sawetara flavonoid (kaya kamferol utawa quercetin), sawetara tannin (kaya punicalin, punicalagin utawa tercatin), saponine lan phytosterol. Amarga sugih dat kimia, godhongé dianggo werna-werna pangobatan tradhisional. Contoné, ing Taiwan godhong sing tiba dipigunakaké kanggo obat penyakit liver. Ing Suriname, tèh sing digawé saka godhong Ketapang dianggo tamba lara désèntri lan lara weteng. Uga ana sing nyangka yèn godhong Ketapang ngandhut dat sing bisa nyegah kanker (senadyan ora ditemokaké karakteristik dat antikarsinogin) lan antioksidan uga anticlastogenic.

Tumraping pamiyara iwak, godhong Ketapang dipigunakaké kanggo ngudhunanké ph lan kadhar logam jroning banyu. Cara iki wis dipigunakaké déning Betta Breeders ing Thailand mataun-taun.

Galeri