Masjid Agung Banten
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Masjid Agung Banten inggih punika salah satunggaling masjid ing Indonésia ingkang minangka asiling tilaran sujarah saking Kesultanan Banten. Masjid punika dipunyasa déning Sultan Maulana Hasanuddin ingkang minangka putranipun Sunan Gunung Jati nalika taun 1522 M – 150 M.[1] Masjid Agung Banten punika kalebet salah satunggaling masjid ingkang paling sepuh ing Indonesia ingkang gadhah aji sujarahipun. Saben dintenipn, masjid punika rame dipunrawuhi déning para peziarah ingkang asalaipun boten naming saking Banten nanging ugi kathah saking mapinten-pinten tlatah ing Indonesia, mliginipun tlatah-tlatah ing Pulo Jawa. Masjid Agung Banten mapan wonten ing Désa Banten Lama, udakawis 10 km saking sisih lor kitha Serang.
Khasipun
[besut | besut sumber]Masjid Agung Banten punika gadhah daya tarik piyambak amargi gadhah mapinten-pinten khasipun. Salah satunggaling titikan ingkang khas saking masjid punika inggih saking atap yasan ingkang paling wigati ingkang tumpuk gangsal, kados pagoda Cina ingkang minangka asiling karya saking arsitèk Cina ingkang gadhah nama ‘’Tjek Ban Tjut’’. Wonten ugi kalih srambi ingkang dipunyasa kanggé njangkepi pérangan masjid ing sisih lor saha kidul yasan utamanipun.
Kompleks Masjid
[besut | besut sumber]Ing sakitering masjid agung Banten punika, kejawi saking wontenipun yasan utama masjid kanthi wujud segi empat, ugi wonten sapérangan makam-makam saking sultan –sultan Banten saha kulawarganipun. Wonten ing srambi masjid sisih kering, ingkang papanipun ing pérangan lor masjid, wonten makam-makam Sultan Banten sah kluwarganipun, kados ta makam Maulana Hasanuddin saha garwanipun,Sultan Ageng Tirtayasa, saha Sultan Abu Nashr Abdul Qahhar. Déné ing pérangan lebet srambi sisih tengen ingkang mapan wonten ing pérangan kidul masjid wonten ugi makam –makam Sultan, kados ta makam Sultan Maulana Muhammad, Sultan Zainul 'Abidin, lan sapanunggalanipun.[2] Wonten ing pérangan undhak-undhakan masjid, gadhah model arsitèktur kados guwa ingkang miturut sujarahipun, dipunyasa awit saking biyantunipun satunggaling arsitèktur ingkang asalipun saking Mongolia ingkang gadhah nama ‘’Cek Ban Cut’’. Déné ing sisih wétan masjid kasebat wonten satunggaling menara ingkang dhuwuripun kirng langkung 30 mèter kanthi diameter pérangan ngandhap kirang langkung 10 mèter. Menara punika kala rumiyin dipun-ginakaken kanggé papan adan ugi kanggé ningali saha ngawasi kaanan perairan laut. Miturut sujarahipun, menara [punika dipunyasa nalika jumeneng nata Sultan Haji nalika taun 1620 M déning arsitek Walanda, inggih punika Hendrik Lucazoon Cardeel. Ing wekdal punika, Cardeel mbiyantu saha njurung pihak Banten lajeng dipunparingi gelar Pangeran Wiraguna. Ing pérangan menara kasebat wonten satunggaling undhak-undhakan kanggé tumuju dhateng nginggil. Undhak-undhakan punika wujudipun mbunderi menara kanthi ing pérangan pinggiripun lebet naming kados lorong sempit ingkang namung saged dipunlangkungi satunggal tiyang kemawon. Lan ugi boten saged dipunlangkungi tiyang kanthi badan ageng. Saking nginggil menara saged dipuntingali lautan lepas pasisir kanthi wonten prau-prau]nipun para warigaluh. Jarak ing antawisipun menara kaliyan pasisir boten tebih namung kirang langkung 1,5 km, dados cetha manawi dipun-ginakaken kanggé ningali kaanan laut Banten.