Mahmoed Joenoes

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Mahmud Yunus
Junus Mahmud, Pekan Buku Indonesia 1954, p181.jpg
Lair (1899-02-10)Fèbruari 10, 1899
Flag of the Netherlands.svg Nagari Sungayang, Tanah Datar, Minangkabau
Pati Januari 16, 1982
Flag of Indonesia.svg Jakarta, Indonésia
Warga nagara Flag of Indonesia.svg Indonésia
Pakaryan Pendidik
Kondhang ing Ahli pendidikan Islam, ahli tapsir al-Qur'an
Wong tuwa Yunus (ayah)
Hafsyah (ibu)

Prof. Dr. H. Mahmud Yunus (ejaan lama: Mahmoed Joenoes, lair ing Sungayang, Tanah Datar, Minangkabau, 10 Fèbruari 1899 – pati ing Jakarta, 16 Januari 1982 ing umur 82 taun) ya iku ulama, ahli tapsir, lan ahli pendhidhikan Islam asal Indonésia.

Kehidupan[besut | besut sumber]

Jaman cilik[besut | besut sumber]

Mahmud Yunus lair nalika 10 Fèbruari 1899 [Kalender Hijriyah: 30 Ramelan 1316] ing Sungayang, salah sijiné kenagarian kang anan ing kiwa-tengené 7ékm saka Batusangkar, Tanah Datar.[1] Dhèwèké asalé saka kulawarga Minangkabau prasaja kang tangat nglakokaké ajaran agama Islam. Bapaké, Yunus bin Incek ya iku pawongan wong tani, lan ibuné, Hafsyah binti Imam Sami'un ya iku pawongan penenun kain.[2][3] Dhèwèké wujud siji-sijiné anak lanang sajeroning kulawarga iku, lan dhèwèké amung duw ésiji adik wédok.[4] Diwulang dhasar-dhasar Islam déning keluargané awit cilik, dhèwèké gedhé minanagka anak kang kerep luru ngèlmu agama.[5] Nanging bapaké séda nalika dhèwèké isih umur anak-anak, saéngga dhèwèké gedhé bebarengan kulawarga ibuné.[6]

Sanajan ora akèh éntuk bimbingan lan dhidhikan saka bapaké kang séda nalika dhèwèké isih umur telu taun, dhèwèké bisa éntuk pendhidhikan nganti tekan pawiyatan luhur berkat bantuan sadulur ibune, Ibrahim Datuk Sinaro Sati.[7] awit umur pitung taun, dhèwèké wis sinau ngaji marang pira-pira surau ing kiwa-tengené panggonan dhèwèké kyadene lumrahé anak lanang ing Minangkabau nalika wektu iku.[8] Ing awalé, dhèwèké sianu ing Surau Talang marang Muhammad Thaher, kang wujud sadulur lanang ibune dewe, lan sawisé khatam al-Qur'an, dhèwèké dipercaya déning guruné kanggo bantu mulng dhasar-dhasar al-Qur'an ing surau mau.[9]

Jaman enom[besut | besut sumber]

Nalika taun 1917, sawisé suwi meloni wulangan ing Madras School, dhèwèké tinanggenah ganteni guruné kang lagi gerah kanggo mulang lan mimpin Madras School.[10] Sakdurnge, dhèwèké sempat dadi guru pembantu saka taun 1913.[11] Kedudukane minangka pemimpin Madras School, gawé dhèwèké aktif karo obahan pembaruan Islam kang digagas déning Abdullah Ahmad, Abdul Karim Amrullah, lan Mohammad Djamil Djambek. Dhèwèké wiwit terlibat karo obahan mau nalika makili guruné kang lagi gerah, Muhammad Thaib Umar (1874–1920) kanggo nekani pertemuan alim ulama sekabehane Minangkabau nalika taun 1919 ing Surau Kreteg Besi, Padang Panjang.[12]

Nalika taun 1924, sawisé ana kesempatan nglakokaké ngibadah haji marang Makkah, dhèwèké lunga marang Mesir kanggo ndaftar marang Universitas Al-Azhar ing Kairo.[13] Sajrone setahun, dhèwèké kasil éntuk ijazah paing dhuwur saka Universitas Al-Azhar wektu iku ya iku Syahadah Alimiyah (setara karo magister).[12]

Masjid Baiturrahman Sungayang sawisé rampung diyasa nalika taun 2011. Sakbaliné saka Mesir, Mahmud Yunus kerep nganakaké kegiyatan keagamaan ing masjid iki

Karir[besut | besut sumber]

Nalika ahir taun 1945, teka bala Sakuthu liwat pelabuhan Teluk Bayur kanggo nguwasani Kota Padang ngakibataké sekolah-sekolah Islam kang ana ing kutha iku kaancem, kalebu Normal Islam School kang diyasa. Normal Islam School terpaksa ditutup nalika iku uga amarga sapérangan gedhé guru lan murité ngungsi marang Kota Bukittinggi.[14] Ing tengah situasi mau, dew ké bebarengan pira-pira guru alika wulan September 1946 sepakat nedegaké Sekolah Menengah Islam (SMI) ing Bukittinggi minangka ganti saka Normal Islam School; kabèh piranti-piranti pembelajaran kaya kursi, méja, piranti-piranti praktikum, péta, lan liya-liya banjur digawa marang Bukittinggi dienggo ing SMI.[15] dhèwèké mimpin sekolah iki kanthi langsung, nanging naliak wulan Dhésèmber 1947, dhèwèké pindah marang Pematangsiantar lan kepemimpinan SMI dipercayakaké marang Bustami Abdul Gani.[16] Sakwéné ing Pematangsiantar, dhèwèké dadi kepala pérangan Islam ing jawatan agama ing Sumatera Utara lan dadi anggota Komite Nasional Sumatera. Sawisé Pematangsiantar diserang lan dikuasai déning Walanda, disusul karo pindahan kutha krajan provinsi Sumatera marang Bukittinggi, dhèwèké balik tugas ing Bukittinggi.[17]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Yunus 1982, kk. 5.
  2. Rina 2011, kk. 170.
  3. Yunus 1982, kk. 6.
  4. Rina 2011, kk. 173.
  5. Rina 2011, kk. 172.
  6. Masril, dkk 2011, kk. 135.
  7. Ibrahim 2008, kk. 8.
  8. Rina 2011, kk. 174.
  9. Masril, dkk 2011, kk. 136.
  10. Nata & Nasuhi 2002, kk. 48.
  11. Yunus 1982, kk. 16.
  12. a b Rina 2011, kk. 175.
  13. Yunus 1982, kk. 22.
  14. Yunus 2008, kk. 21.
  15. Rina 2011, kk. 181.
  16. Ramayulis & Nizar 2005, kk. 336.
  17. Yunus 2008, kk. 131.


Didhisiki déning:
Tidak ada
{{{jabatan}}}
1 Juni 19571960
Diganti déning:
Prof. Mr. R.H.A. Soenarjo
Didhisiki déning:
Tidak ada
{{{jabatan}}}
19671970
Diganti déning:
?