Lumut godhong

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Lumut Godhong)

Lumut Godhong

Lumut daun
Kalamangsa: Carboniferous[1] – sekarang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Bryophyta
Schimp.
Classes[2]

Lumut sajati utawa ingaran uga Lumut godhong utawa Bryophyta uga jeneng ya iku Musci ya iku anggota tanduran kang ora ana pembuluhé lan spora kang kalebu sajeroning superdivisi wit-witan lumut utawa Bryophyta. Lumut iki ingaran minangka lumut sajati, amarga wujud awaké kaya wit cilik kang duwé bagiyan oyod (rizoid), kayu, lan godhong. Lumut iki arupa kelompok lumut paling akèh dibandingkan lumut liyané, ya iku sekitar 10 èwu species.[3] Kurang luwih ana 12.000 jinis lumut godhong kang ana ing alam iki. lumut godhong arupa wit-witan cilik kang duwé batang semu lan uripé ngadeg. Lumut iki ora nempèl ing substraté, ananging duwé rizoid kang nèmpèl ing panggonan uripé. Wujud godhongé arupa lembaran kang kasusun spiral. Contoné species lumut godhong kang terkenal ya iku lumut gambut utawa Sphagnum sp. [3] nutup paling ora 30% lumah daratan ing bumi, kanti kerapatan paling duwur turah ing kutub utara. Gambut ing lapisan lemah gambut kang kandel bisa ngiket senyawa karbon organik lan mekanisme iki wigati banget kanggo nyetabilaké konsèntrasi karbondioksida ing atmosfer bumi, saéngga ngurangi dampak èfèk rumah kaca.[4]

Habitat[besut | besut sumber]

Lumut godhong bisa thukul ing lemah-lemah gundul kang kanthi periodik ngalami gegaringan, ing sak nduwur pasir obah, ing antarané suket-suket, ing nduwur watu cadas, pang wit, ing rawa-rawa, lan sithik kang ana sajrone banyu.[5] akéhé lumut iki tukul ing rawa-rawa kang minangka rumpun utawa bantalan kang saben taun katon tambah amba wondené bagiyan ngisor kang ana ing banyu mati berubah dadi gambut kang minangka lemah gambut. Jinis lemah iki bermanfaat kanggo nggemburaké medium ing wit-witan pot lan bisa dimanfaataké minangka bahan bakar. Amerga habitaté amba banget, mangka thukulé bisa dadi werna-werna jinis.[3]

Ing daerah garing, lumut iki bisa awujud kaya bantalan, wondéné kang urip ing lemah alas bisa awujud kaya lapisan permalani. Lumut ing daerah lahan gambut bisa nutupi lemah nganti punjul sewu kilomèter.

Lumut iki mèh ora pernah nyedot banyu saka jero lemah, ananging justru akèh nglindungi lemah saka penguapan banyu kang gedhé. Lumut godhong arupa wit kang ngaseg jejeg, cilik, lan panggonan godhongé kasusun teratur ngubengi kembangé kaya spiral.

Réproduksi[besut | besut sumber]

Ing lumut godhong, piranti-piranti kelaminé kumpul ing pucuk wité utawa pucuk pang-pangé, lan diubengi déning godhong-godhong kang panggonane paling nduwur. ana lumut godhong kang sipaté banci utawa berumah satu, ya iku yèn ana anteriingum dan arkegonium, wondéné kang bersifat berumah loro yèn kumpulan anteridium lan arkegonium kapisah ononé pang. Yèn anteriingum iki wis mateng, mangka bakal mbukak ing pucuke, perihal iki kadadéan amarga sèl-sèl kang panggonane ing pucuk dadi nglendir lan mengembang saéngga kutikule pecah. Hal kasebut udga kedadean ing arkegonium kang sèl endige wis siyap kanggo dibuahi. ing arkegonium, tepi bagiyan njabane kabukak lan bakal mbengkok marang njaba lan minangka kaya corong. Yèn ana udan, banyu iki membantu spermatozoid nuju sèl telur, lan sèl telur iki nghasilake sakarose kanggo narik spermatozoid lan gerakane ingaran minangka obah kemotaksis. Sawisé kadadéan pembuahan, bakal awujud zigot, sebajuré bakal ngrembaka dadi embrio banjur ngrembaka dadi sporofit.[3]

Conto[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Wigati: Cithakan iki ({{cite doi}}) wis lawas. Saperlu nyitir terbitan sarana doi:10.1130/G33122.1, anggonen waé {{cite journal}} kanthi wuwuhan |doi=10.1130/G33122.1.
  2. ^ Goffinet, Bernard; William R. Buck (2004). "Systematics of the Bryophyta (Mosses): From molecules to a revised classification". Monographs in Systematic Botany. Molecular Systematics of Bryophytes (Missouri Botanical Garden Press) 98: 205–239. ISBN 1-930723-38-5.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)
  3. ^ a b c d Buku sekolah elektronik [Kistinnah, Enlang Sri Lestari] (2009). Biologi 1 : Makluk Hidup lan Lingkungannya Untuk SMA/MA Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Wiyata Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no. jilid lengkap) / ISBN 978-979-068-131-6.  Priksa gandra |author-link1= (pitulung)
  4. ^ Buku sekolah elektronik [Anshori, Djoko Martono] (2009). Biologi 1 : Untuk Sekolah Menengah Atas (SMA)-Madrasah Aliyah (MA) Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Wiyata Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 ( no.jil.lengkap) / ISBN 978-979-068-130-9.  Priksa gandra |author-link1= (pitulung)
  5. ^ a b c d e f g h i j k Ardianrisqi Kelas Lumut sejati. gka thukulé uga duwé ,(Kaunduh 23/11/12)