Lingsang tutul
Lingsang tutul[1] | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Carnivora |
Famili: | Viverridae |
Subfamili: | Prionodontinae |
Génus: | Prionodon |
Spésies: | P. pardicolor |
Jeneng binomial | |
Prionodon pardicolor Hodgson, 1842 | |
Sebaran lingsang tutul |
Lingsang tutul (Prionodon pardicolor) ya iku lingsang kang ana ing Asia Kidul-wétan. Kéwan iki sumebar amba sanajan cacahé mung sethithik lan arang kacathet, lan kalebu Ora Nyamari dening IUCN.[2]
Wedharan
[besut | besut sumber]Lungsang tutul saèmper karo lingsang lorèk, kanthi awak kang dawa, awak langsing, lan buntut dawa. Ulesé soklat kluwus.[3] Boboté udakara 1 lb (0.45 kg) lan dawané saka 14–15 in (360–380 mm), lan buntut 12–13 in (300–330 mm). Déné dhuwuré watara 5–5.5 in (130–140 mm).[4]
Sebaran lan habitat
[besut | besut sumber]Sebaran lingsang tutul kalebu ana ing wétan Nepal, Sikkim, Assam lan Bengali ing India, Bhutan, Myanmar sisih lor, Thailand sisih lor, Laos, Vietnam sisih lor, lan kulon Sichuan, Yunnan Guizhou lan kidul-kulon Guangxi ing Cina sisih kidul. Ing laladan kang amba kuwi, lingsang tutul arang ditemokaké lan pinuju langka. Lingsang tutul arang ditemokaké ing lor Bengal.[5]
Ékologi lan prilaku
[besut | besut sumber]Lingsang tutul kalebu kéwan nokturnal lan urip dhéwékan. Susuhé ana ing bolongan wit, kanggo ngaso lan sèlèh anak. Lingsang tutul bebedhag ing lemah lan sadhuwuré wit-witan lan mangan tikus, kodhok lan ula. Lingsang tutul uga mangan bathang.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Wozencraft, W. C. (2005). "Order Carnivora". Ing Wilson, D. E.; Reeder, D. M. (èd.). Mammal Species of the World: A Taxonomic and Geographic Reference (édhisi ka-3). Johns Hopkins University Press. kc. 532–628. ISBN 978-0-8018-8221-0. OCLC 62265494.
- ↑ a b Duckworth, J.W.; Lau, M.; Choudhury, A.; Chutipong, W.; Timmins, R.J.; Willcox, D.H.A.; Chan, B.; Long, B. & Roberton, S. (2016). "Prionodon pardicolor". The IUCN Red List of Threatened Species. IUCN. 2016: e.T41706A45219917. doi:10.2305/IUCN.UK.2016-1.RLTS.T41706A45219917.en. Dibukak ing 15 Januari 2018.
- ↑ Van Rompaey, H. (1995). The Spotted Linsang, Prionodon pardicolor. Small Carnivore Conservation 13: 10–13.
- ↑ Hodgson, B. H. (1847). Observations on the manners and structure of Prionodon pardicolor. Calcutta Journal of Natural History 8: 40–45.
- ↑ Choudhury, A. U. (1999). Conservation of small carnivores (mustelids, viverrids, herpestids and one ailurid) in north Bengal, India. Small Carnivore Conservation 20: 15–17.