Menyang kontèn

Kevin De Bruyne

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kevin De Bruyne
De Bruyne ing wawan wicara tim nasional Bèlgi
Katrangan priangga
Jeneng dawa Kevin De Bruyne[1]
Tanggal lair 28 Juni 1991 (umur 35)
Papan lair Drongen, Ghent, Bèlgi[2]
Dhuwur 1.81 m (5 ft 11 12 in)
Posisi main Midfielder
Karir nom
1997–1999 KVV Drongen
1999–2005 Gent
2005–2008 Genk
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2008–2012 Genk 97 (16)
2012–2014 Chelsea 3 (0)
2012–2013Werder Bremen (silihan) 33 (10)
2014–2015 VfL Wolfsburg 52 (13)
2015–saiki Manchester City 225 (60)
Karir tim nasional
2008–2009 BèlgiU18 7 (1)
2009–2010 Bèlgi U19 10 (1)
2010–2011 Bèlgi U21 2 (0)
2010–saiki Bèlgi 97 (25)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 14:43, 14 Januari 2023 (UTC).

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 1 Dhésèmber 2022

Kevin De Bruyne (Pocapan ing basa Walanda: [ˈkɛvɪn də ˈbrœynə]; lair ing Drongen, Bèlgi, 28 Juni 1991; umur 35 taun) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Bèlgi ingkang samenika main ing Liga Primer Inggris klub Manchester City lan Tim Nasional Bèlgi.[3] Brunye main ing posisi gelandhang serang lan gelandhang sayap.[3]

Karièr Klub

[besut | besut sumber]

Wekdal taun 1997, Bruyne gabung kaliyan klub lokal, KVV Drongen lan kalih taun salajengipun gabung kaliyan klub Bèlgi K.A.A. Gent.[3] De Bruyne nglajengaken kariripun ing klub Racing Genk ing taun 2005. Usaha De Bruyne dados kasil awit dipunpilih mlebet skuad tim utami Racing Genk ing taun 2008.[3]

Taun 2009, De Bruyne gabung kaliyan tim senior Racing Genk, lan tetandhingan mengsah Charleroi ing tanggal 9 Mei 2009 dados tetandhingan De Bruyne ingkang kapisan.[3] Pertandhingan kasebat dipunmenangaken Charleroi kanthi skor 3-0.[3]

De Bruyne nyithak gol kang kawitan kanggé Racing Genk ing tanggal 7 Februari 2010 ing pertandhingan mengsah Standard Liege, ing pundi dipunmenangaken déning Racing Genk 1-0.[3] Racing Genk dados juwara Bèlgin Pro League mangsa 2010-2011, lan De Bruyne kasil nyumbang gangsal gol saking 13 tetandhingan ing liga wau.[3] De Bruyne nyithak hattrick kanggé wekdal kawitan ing tetandhingan Racing Genk mengsah klub Brugge ing tanggal 29 Oktober 2011. Tetandhingan kasebat dipunmenangaken Racing Genk kanthi skor 5-4.[3]

Ngantos pitung taun De Bruyne main ing klub Racing Genk, lajeng pindhah nilaraken Bèlgi. Piyambakipun pindhah dhateng klub Inggris, Chelsea.[4]

Namung setaun ing klub Chelsea, De Bruyne pindhah dhateng Jerman kanggé main ing klub Werder Bremen ing wulan Agustus 2012.[4] Lajeng De Bruyne nggabung ing klub Wolfsburg sacara permanen ing taun 2014.[4] Ing pertengahan taun 2015, De Bruyne wangsul malih dhateng Inggris amargi dipunrékrut klub Manchester City.[4]

De Bruyne dipunkontrak enem taun lan dipunboyong kanthi nilai transfer 55 yuta euro.[5] Regi kasebat ndarosaken De Bruyne dados juru main paling awis nomer kalih ing Liga Inggris sasampunipun Angel Di Maria ingkang dipuntumbas Manchester United.[5]

Jroning Angka

[besut | besut sumber]
Panampilan lan gol adhedhasar klub, mangsa lan kompetisi
Klub Mangsa Liga Piyala Nasional Piyala Liga Eropah Liyané Gunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Genk 2008–09 Dhivisi Utama Belgia 200020
2009–10 Liga Pro Belgia 353202010403
2010–11 Liga Pro Belgia 325003100356
2011–12 Liga Pro Belgia 288106010368
Gunggung 9716301112011317
Werder Bremen (silih) 2012–13 Bundesliga 3310103410
Chelsea 2013–14 Liga Primèr Inggris 3000303090
VfL Wolfsburg 2013–14 Bundesliga 16320183
2014–15 Bundesliga 3410611155116
2015–16 Bundesliga 20111041
Gunggung 521392115107320
Manchester City 2015–16 Liga Primèr Inggris 25711551034116
2016–17 Liga Primèr Inggris 366501071497
2017–18 Liga Primèr Inggris 3783142815212
2018–19 Liga Primèr Inggris 19242524000326
2019–20 Liga Primèr Inggris 3513213072104816
2020–21 Liga Primèr Inggris 2563140743910
Gunggung 1774218622943101026167
Gunggung karir 36281318259681640490114
Panampilan lan gol adhedhasar tim nasional lan taun
Tim nasionalTaunPanampilanGol
Belgia 201010
201110
201261
2013113
2014114
201584
2016121
201780
2018102
201964
202041
202121
Gunggung8021

Gol Internasional

[besut | besut sumber]
Dhaptar gol internasional dicithak déning Kevin De Bruyne
Nomer Surya Papan Main Mungsuh Angka Asil Kompetisi
1 12 Oktober 2012Stadhion Crvena Zvezda, Belgrade, Sèrbia6Flag of Sèrbi Sèrbi2–03–0Kuwalifikasi Piyala Donya 2014
2 22 Maret 2013Philip II Arena, Skopje, Makédonia10Flag of Républik Makédonia Lor Makédonia1–02–0
3 7 Juni 2013Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia13Flag of Sèrbi Sèrbi1–02–1
4 15 Oktober 201317Flag of Wales Wales1–01–1
5 26 Mèi 2014Cristal Arena, Gènk, Bèlgia21Luksembrug5–15–1Kekancan
6 1 Juli 2014Arena Fonte Nova, Salvador, Brasil25Flag of Amérika Sarékat Amérika Sarékat1–02–1Piyala Donya 2014
7 10 Oktober 2014Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia28Flag of Andhorra Andhorra1–06–0Kuwalifikasi Euro 2016
8 2–0
9 3 Sèptèmber 201534Flag of Bosni lan Hérzégowina Bosni lan Hérzégowina2–13–1
10 10 Oktober 2015Estadi Nacional, Andorra la Vella, Andorra36Flag of Andhorra Andhorra2–04–1
11 13 Oktober 2015StadhionKing Baudouin , Brussels, Bèlgia37Flag of Israèl Israèl2–03–1
12 13 Novèmber 201538Flag of Itali Itali2–13–1Kekancan
13 28 Mèi 2016Stade de Genève, Lancy, Swis39Flag of Switserlan Switserlan2–12–1
14 27 Maret 2018Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia59Flag of Arab Saudi Arab Saudi4–04–0
15 6 Juli 2018Kazan Arena, Kazan, Ruslan66Flag of Brazil Brazil2–02–1Piyala Donya 2018
16 11 Juni 2019Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia70Flag of Sekotlan Sekotlan3–03–0Kuwalifikasi Euro 2020
17 9 Sèptèmber 2019Hampden Park, Glasgow, Sekotlen724–04–0
18 19 Novèmber 2019Stadhion King Baudouin, Brussels, Bèlgia74Flag of Siprus Siprus2–16–1
19 3–1
20 18 Novèmber 2020Den Dreef, Leuven, Bèlgia78Flag of Dhènemarken Dhènemarken4–24–22020–21 UEFA Nations League A
21 24 Maret 202179Flag of Wales Wales1–13–1Kuwalifikasi Piyala Donya 2022

Pranala njawi

[besut | besut sumber]

(ing basa Indonésia) Kevin De Bruyne[pranala mati permanèn]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. "Barclays Premier League Squad Numbers 2013/14". Premier League. 9 Januari 2018. Diarsip saka sing asli ing 9 Januari 2018. Dibukak ing 9 Januari 2018. {{cite news}}: Unknown parameter |deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  2. "Kevin De Bruyne" (ing basa Jérman). weltfussball.de. Dibukak ing 9 Januari 2018.
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 "Kevin De Bruyne - Bola.net". Bola.net. Dibukak ing 2018-01-19.[pranala mati permanèn]
  4. 1 2 3 4 Bhaktinusa, PT. Uninet. "Profil Singkat Karier Kevin De Bruyne". Juara.bolasport.com (ing basa Inggris). Dibukak ing 2018-01-19.
  5. 1 2 "RESMI: Kevin De Bruyne Milik Manchester City | Goal.com". www.goal.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-01-19.