Kembang mekar soré

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Kembang mekar soré
Mirabilis-jalapa-In-Different-Colors.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Caryophyllales
Famili: Nyctaginaceae
Génus: Mirabilis
Spésies: M. jalapa
Jeneng binomial
Mirabilis jalapa
L.

Kembang mekar soré (Mirabilis jalapa) ya iku sawijining jinis tuwuhan paès kang gampang ditemoni ing pekarangan omah lan dadi anggota spésies Mirabilis kang paling misuwur. jeneng elmiahe ya iku Mirabilis jalapa, tembung "jalapa" dijupuk saka jeneng sawijining kutha ing Meksiko, nagara kang diahgap dadi asal-usul tuwuhan iki. dikira-kira yèn kembang mekar sore disebarake saka wewengkon Andes ing Peru ing taun 1540 déning pedagang Spanyol.

kembang geger sore ing pinggir kali
4 o'clock blooms.jpg

tuwuhan iki uga asring karan kanthi jeneng kederat, segerat, tegerat, noja (Bali), pukul ampa (Minahasa), bunga tete apa, bunga-bunga parangghi (Makasar), bunga-bunga parengki (Bugis), lore laka (Timor), kupa oras (Ambon), Cako rana (Ternate), kembang asar (Lampung), kembang pagi sore, kempang pukul empat, bunga waktu kecil (Melayu). jeneng latin tandukan kembang mekar sore ya iku Mirabilis jalapa.Sinonime ing antarané Jalapa congestaNyctago jalapae (L.) DC., Mirabilis xalapaMirabilis suaveolens Billb. ex Beurl., lan Mirabilis planiflora Trautv. Moench, Noronha.[1]

Morfologi tuwuhan[besut | besut sumber]

Kembang mekar sore urip ing dataran endhek kang cukup éntuk padang srengéngé utawa urip ing laladan pabukitan. Minangka tuwuhan herba cilik kang dhuwure watara 20 cm – 80 cm, akèh ditandur wong kanggo tuwuhan hias ing pekarangan, duwé watang teles, wujud godhonge wujud jantung, warna ijo tuwa, dawa watara 2 cm – 11 cm, amba 8 mm – 7 cm, bonggol godhonge bunder, pucuk lancip, pinggiran rata, dumunung adhep-adhepan lan watanf godhonge dawane watara 6 mm – 6 cm. wujud kembange wujud terompet,manéka macem warna kaya ta: abang, putih, oranye, kuning, kombinasi/belang-belang.

Kembange mekar ing wayah sore lan mingkup manèh nalika ésuk. Wohe atos, wernane ireng, wujudé wujud endhog, llan isiné kang wujud putih bisa digawe wedhak. Kulit telane wernane coklat semu ireng, wujudé bunder dawa, dawane watara 7 cm – 9 cm kanthi dhiameter 2 cm – 5 cm, lan isiné wernane putih.

Kandhutan bahan kimia sajeroning kembang mekar sore ya iku Alkaloid trigonelia. Kembang iki duwé khasiat kanggo Anti inflamasi lan Diuretik.[2]

Kembang mekar sore kang mekar ing wanci sore

Kandhutan kimia lan efek farmakologis[besut | besut sumber]

tuwuhan kembang mekar sore duwé rasa legi, ora mamb, seger, lan sipate nétral. bahan-bahan kimia kang kandhut sajeroning woh kembang mekar sore ing antarané tepung-lemak (4,3%), zat asem lemak (24,4%), lan zat asem lenga (46,9%). saliyané iku ing pérangan oyot ngandhut xanthins. Efek farmakologis kang diduwèni tuwuhan kembang mekar sore ing antarané antiradang, ngluruhake air seni, nglancarake sirkulasi, lan ngilangake mampet aliran getih.[3]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]