Menyang kontèn

Kaká

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaká
Kaká
Kaká ing pérangan wawancara kalawan juru warta ing MLS
Katrangan priangga
Jeneng dawa Ricardo Izecson dos Santos Leite
Dhuwur 1.88 m (6 ft 2 in)
Posisi main Glandhang serang
Katerangan klub
Tim saiki
Real Madrid
Angka 8
Karir nom
1994–2000 São Paulo
Karir klub*
Taun Tim Main (Gul)
2001–2003
2003–2009
2009–2013
2013-2014
2014-2018
São Paulo
Milan
Real Madrid
Milan (silihan)
Orlando City
59 (23)
193 (70)
32 (10)
Karir tim nasional
2002–2014 Flag of Brazil Brazil 82 (27)

* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 6 Fèbruari 2011.

‡ Gunggung main lan gul ing tim nasional iki patitis per pukul 2 Juli 2010
Kaká

Kaká kang jeneng asliné Ricardo Izecson dos Santos Leite (lair ing Brasília, 22 April 1982; umur 43 taun) ya iku juru main tengah bal-balan Brasil sing saiki maen ana ing Real Madrid lan tim nasional Brasil[1]. Kaka wiwit karir bal-balan umur wolung taun, wektu iku dhèwèké miwiti karier ana ing klub lokal[1]. Wektu iku dhewekè uga maen tenis, lan durung nganti dhewekè pindhah ing Sao Paulo FC lan nandatangani kontrak profésional sing kapisan dhewekè milih fokus ana ing bal-balan[1].Kaká padatan main ing posisi glandhang serang utawa penyerang[1]. Kaká misuwur duwé dribble sing apik sarta umpan-umpan sing akurat[1]. Dhuwure 186 cm[1]. Taun 2003 dhewekè kègabung ana ing AC Milan kanthi biaya € 8,5 yuta[1]. Sawisé sukses karo Milan, Kakà kagabung karo Real Madrid kanthi biaya £ 56.000.000, ngalahake rekor sadurungé Zidane, £ 49 juta[2]. Rekor Kaká banjur dikalahake déning Cristiano Ronaldo nalika dhewekè nggabung karo Real Madrid kanthi biaya £ 80 juta[1].Saliyané konstribusi, Kaká uga misuwur ana ing babagan kemanusiaan[2]. Taun 2004 dhewekè dadi duta paling enom saka PBB World Food[2].

Rikala cilik

[besut | besut sumber]

Kaká lair ing Brasília, Brazil tanggal 22 April 1982, anak saka pasangan Simone Cristina dos Santos Leite dan Bosco Izecson Pereira Leite[2]. Kaká duwé adhi lanang, Rodrigo, kang misuwur minangka Digão, sing mèlu langkahe maen bal-balan ing Italia[2]. September 2000, nalika umuré wolulas taun, Kaká ngalami anceman saka kariere amarga kacilakan bèji sing nyababaké dhewekè tugel balung burine lan kemungkinan bisa lumpuh[2]. Nanging lumpuh iku ora kadadéan[2]. Dhewekè ngucap syukur marang Gusti lan awit iku dhewekè nyumbangakè asile kanggo gerejane[2].

Karir klub

[besut | besut sumber]

Kaká nandhatangani kontrak karo São Paulo nalika umur 15 taun lan mimpin tim juniorè ana ing kemenangan ‘Copa de Juvenil’[2]. Dhewekè wiwit karire ing São Paulo FC taun 2001 nalika dhewekè isih umur wolulas taun. Ing mangsa kapisan, dhewekè ngoleksi 12 gol ing 27 tetandhingan lan 10 gol ing 22 tetandhingan ana ing mangsa sabanjuré[2].Nalika umur 17 taun, nalika semana dhewekè isih ing tim junior, São Paulo duwé niyat ngedol Kaká marang tim saka Liga divisi 1 Turki, Gaziantepspor[1]. Transaksi ora kadadéan, amarga manajer Gaziantepspor, Nurullah Sağlam, lan dewan pengurus tim iku nolak bayar $1.5m kanggo nom-noman 17 taun iku[1]. Sawisé kagabung karo tim senior São Paulo FC, Kaká gawé kesengsem klub-klub Éropah[1]. Dhewekè kagabung karo AC Milan kanthi bayaran US $8.5 m, jumlah sing dianggep sithik déning sing duwé klub Silvio Berlusconi[3]. Ana ing sewulan, dhewekè wis lumebu tim utama lan awit saka iku dhewekè dadi starter[3]. Debute ing Serie A ya iku nalika Milan nglawan A.C. Ancona, menang 2-0[3].Dhewekè ngasilakè 10 gol ing 30 tetandhingan nalika mangsa iku, menangke Serie A lan Piala Super Italia[3].

Kaká iku pérangan inti saka lima juru main tengah ana ing mangsa 2004-2005, biyasa main ing posisi penyerang bayangan ing buri striker Andriy Shevchenko[2]. Dhewekè ngoleksi 7 gol ing 36 tetandhingan liga lan uga menangakè Piala Super Italia karo klubè[2]. Milan duwé posisi kapindho sawisé Juventus ing Serie A lan ana ing parté final karo Liverpool nalika adu penalti ing Piala/Liga Champions.[2]

Salah sawijining gol Kaká sing paling apik ya iku nalika nglawan Fenerbahçe SK ing tetandhingan pisanan AC Milan ana ing Piala/Liga Champions 2005-06, Rossoneri menang 3-1[3]. Gol iku ndadekakè dhewekè dipadhakakè karo Diego Maradona, amarga Kaká wiwit playune saka tengah lapangan lan ngliwati telung ganjelan sadurungé lumebu laladan penalti lan ngrampungakè karo shot endhek ing ngisor kiper Fenerbahçe,Volkan Demirel[3].

Tanggal 3 Juni 2009, Football Italia nglaporakè yèn wis kepilih Kaká dadi juru main Real Madrid,présidhèn Florentino Pérez wis nawani Milan € 68,5 juta kanggo Kaká[4]. Kaká nglakoni debut resminé tanggal 7 Agustus 2009, ing tetandhingan persahabatan menange 5-1 nglawan Toronto FC [3].Dhewekè nyetak gol pertamane kanggo Madrid saksuwene tetandhingan pra-mangsa tanggal 19 Agustus 2009, ing kemenangan 5-0 nglawan Borussia Dortmund [4]. Kaká banjur nglakokakè debut liga ing 29 Agustus 2009 menang 3-2 nglawan Deportivo La Coruña [4]. Dhewekè nyetak gol kapisan, tendangan penalti,tanggal 23 September, ya iku ana ing 2-0 nglawan Villarreal [3]. 5 Agustus 2010, Real Madrid ngumumakè yèn Kaká wis sukses operasi dhengkul kiwa. Kaká gladhèn manèh sawisé suwé lay-off, Dhewekè mbantu Cristiano Ronaldo ana ing kemenangan 4-2 nglawan Villareal (9 Januari)[4].Manajer Jose Mourinho ngomong yèn Kaká duwé panapakan asma anyar[4].

Ana ing Maret 2011 Kaká lara sindrom band Iliotibial sing banjur gawé dhewekè absen kanggo sakwetara[4]. Nyatane salawase Kaka main ing Real Madrid, dhèwèké malah asring dadi pangisi bangku cadhangan tinimbang dimainake ana lapangan, kamangka Madrid nuku mantan pemain Milan kuwi kanthi rega larang. Banjur ing taun 2013 Kaka bali disilihake Real Madrid menyang AC Milan kanggo semusim.

[besut | besut sumber]

Statistik Karir

[besut | besut sumber]
Club Season Domestic
league
Domestic
cups
Continental
competitions1
Other
tournaments2
Total
AppsGoalsAssistsAppsGoalsAssistsAppsGoalsAssistsAppsGoalsAssistsAppsGoalsAssists
São Paulo 200127120710500--- 33 14 0
2002229096------- 22 9 0
20031020500------ 20 7 0
Total592301170500---131[5]48[5]0
Milan 2003–04301044001041100 45 14 5
2004–0536751001322100 51 9 7
2005–06351432011251--- 49 19 5
2006–07318620015103--- 48 18 9
2007–08301510000932210 41 19 12
2008–09 31 16 9 1 0 0 4 0 1 - - - 36 16 10
Total193703710016324104102709548
Real Madrid 2009–102586100712--- 33 9 8
2010–11941300201--- 14 4 2
Total34127400913---471310
Career totals 286 105 44 23 7 1 77 25 13 4 1 0 448 156 58

Statistics accurate as of 13 April 2011.[6]
1Continental competitions include the Copa Libertadores, UEFA Champions League, UEFA Super Cup and UEFA Cup
2Other tournaments include the Supercoppa Italiana, Intercontinental Cup and FIFA Club World Cup

Source:Realmadrid.com - Kaká

Gol Internasional

[besut | besut sumber]
#DateVenueOpponentScoreResultCompetition
1.Maret 7, 2002Cuiabá, BrazilFlag of Èslan Èslan6–1WinFriendly
2.Juli 19, 2003Miami, USAFlag of Kolombia Kolombia2–0WinCONCACAF Gold Cup 2003
3.Juli 19, 2003Miami, USAFlag of Kolombia Kolombia2–0WinCONCACAF Gold Cup 2003
4.Juli 23, 2003Miami, USAFlag of Amérika Sarékat Amérika Sarékat2–1WinCONCACAF Gold Cup 2003
5.September 7, 2003Barranquilla, ColombiaFlag of Kolombia Kolombia1–2WinFIFA World Cup Qualification 2006
6.Oktober 11, 2003Curitiba, BrazilFlag of Uruguay Uruguay3–3DrawFIFA World Cup Qualification 2006
7.April 28, 2004Budapest, HungaryFlag of Honggari Honggari1–4WinFriendly
8.Oktober 10, 2004Maracaibo, VenezuelaFlag of Vènezuéla Vènezuéla2–5WinFIFA World Cup Qualification 2006
9.Oktober 10, 2004Maracaibo, VenezuelaFlag of Vènezuéla Vènezuéla2–5WinFIFA World Cup Qualification 2006
10.Maret 27, 2005Goiânia, BrazilFlag of Pèru Pèru1–0WinFIFA World Cup Qualification 2006
11.Juni 29, 2005Frankfurt, GermanyFlag of Argèntina Argèntina4–1WinFIFA Confederations Cup 2005
12.November 10, 2005Abu Dhabi, United Arab EmiratesFlag of Kaamiran Arab Manunggal Kaamiran Arab Manunggal0–8WinFriendly
13.Juni 4, 2006Geneva, SwitzerlandFlag of Niu Sélan Niu Sélan4–0WinFriendly
14.Juni 13, 2006Berlin, GermanyFlag of Kroasia Kroasia1–0WinFIFA World Cup 2006
15.September 3, 2006London, EnglandFlag of Argèntina Argèntina3–0WinFriendly
16.Oktober 10, 2006Stockholm, SwedenFlag of Ékuador Ékuador2–1WinFriendly
17.November 15, 2006Basel, SwitzerlandFlag of Switserlan Switserlan1–2WinFriendly
18.Maret 24, 2007Göteborg, SwedenFlag of Cilé Cilé4–0WinFriendly
19.September 12, 2007Foxborough, USAFlag of Mèksiko Mèksiko3–1WinFriendly
20.Oktober 17, 2007Rio de Janeiro, BrazilFlag of Ékuador Ékuador5–0WinFIFA World Cup Qualification 2010
21.Oktober 17, 2007Rio de Janeiro, BrazilFlag of Ékuador Ékuador5–0WinFIFA World Cup Qualification 2010
22.November 18, 2007Lima, PéruFlag of Pèru Pèru1–1DrawFIFA World Cup Qualification 2010
23.Oktober 11, 2008San Cristobal, VenezuelaFlag of Vènezuéla Vènezuéla4–0WinFIFA World Cup Qualification 2010
24.Juni 6, 2009Montevideo, UruguayFlag of Uruguay Uruguay4–0WinFIFA World Cup Qualification 2010
25.Juni 15, 2009Bloemfontein, South AfricaFlag of Mesir Mesir4–3Win2009 FIFA Confederations Cup
26.Juni 15, 2009Bloemfontein, South AfricaFlag of Mesir Mesir4–3Win2009 FIFA Confederations Cup
27.Juni 7, 2010Dar es Salaam, TanzaniaCithakan:Country data TAN1–5WinFriendly

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 www.kaskus.us[pranala mati permanèn]
  2. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 [pranala mati permanèn]
  3. 1 2 3 4 5 6 7 8 www.acmilan-online.com
  4. 1 2 3 4 5 6 bola.kompas.com
  5. 1 2 "São-paulino Kaká é eleito melhor do mundo". Saopaulofc.net. 2007-12-17. Diarsip saka sing asli ing 2013-12-16. Dibukak ing 2010-12-12.
  6. "Kaká". ESPN soccernet. Diarsip saka sing asli ing 24 January 2010. Dibukak ing 21 January 2010.