Kreteg Ampera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Jembatan Ampera)
Kreteg Ampera
Kreteg Ampera
Jeneng resmi Kreteg Ampera
Ngangkut 4 lajur
Ngliwati Sungai Musi
Lokasi Kota Palembang, Provinsi Sumatera Selatan
Gunggung rentangan 1 (kreteg utama)
1 (keseluruhan)
Rentangan paling dawa 75 metres (246 ft)
Dawa total 1,117 metres (3,665 ft)
Lebar 22 metres (72 ft)
Dhuwur 63 metres (207 ft)
Bagian vertikal 11.5 metres (38 ft)
Koordinat 7°11′3″S 112°46′48″E / 7.18417°S 112.78000°E / -7.18417; 112.78000Koordhinat: 7°11′3″S 112°46′48″E / 7.18417°S 112.78000°E / -7.18417; 112.78000

Kreteg Ampera inggih punika sawijining kreteg ingkang dumunung ing Kota Palembang, Provinsi Sumatera Kidul, Indonésia. Kreteg Ampera, ingkang sampun dados sajinising lambang kutha, papan dunungipun ing tengah-tengah kutha Palembang, nggayutaken antawising laladan Seberang Ulu saha Seberang Ilir ingkang kapisah déning Kali Musi.

Struktur[besut | besut sumber]

Dawa: 1.117 m (pérangan tengah 71,90 m) Amba: 22 m Inggil: 11.5 m saking lumah toya Inggil Menara: 63 m dari lumah lemah Jarak antawis menara: 75 m Bobot: 944 ton

Sajarah[besut | besut sumber]

Ide saperlu manunggalaken kalih daratan ing Kota Palembang ”Seberang Ulu lan Seberang Ilir” kanthi kreteg, saestunipun sampun wonten wiwit jaman Gemeente Palembang, taun 1906. Nalika kalungguhan Walikota dipuncepeng déning Le Cocq de Ville, taun 1924, gagasan punika medal saha dipuntindakaken kathah usaha saperlu ngrealisasikaken. Ananging, dumugi mangsa pamaréntahan Le Cocq pungkasan, ugi nailka Walanda sampun boten jajah Indonésia, proyék punika boten naté dipunadani.

Nalika mangsa kamardikan, gagasan punika medal malih. DPRD Peralihan Kota Besar Palembang ngusulaken malih pambangunan kreteg nalika punika dipunsebut Kreteg Musi kanthi ngrujuk nama Kali Musi ingkang dipunlangkungi, nalika sidang pléno ingkang kaadanan 29 Oktober 1956. Pamanggih punika saéstunipunkagolong nekad amargi dana wiwitan anung antawis Rp 30.000,00. Ing taun 1957, dipunbentuk panitia pambangunan, ingkang kasungsun saking Penguasa Perang Komando Laladan Militer IV/Sriwijaya, Harun Sohar, saha Gubernur Sumatera Selatan, H.A. Bastari. Pandampingipun, Walikota Palembang, M. Ali Amin, saha Indra Caya. Tim punika nindakaken pendekatan dhumateng Bung Karno saperlu nyengkuyung rencana punika. Usaha ingkang dipuntindakaken Pamaréntah Provinsi Sumatera Selatan saha Kota Palembang, ingkang dipunsengkuyung déning Kodam IV/Sriwijaya punika salajengipun pikantuk kasil. Bung Karno lajeng sarujuk babagan pambangunan Kreteg punika. Amargi rencana dipunyasa kanthi sukunipun wonten ing kawasan 7 Ulu lan 16 Ilir, ingkang ateges posisinipun ing punjer kutha, Bung Karno lajeng nyuwun syarat. Inggih punika penempatan boulevard utawi taman kabikak ing kekalih pucuk kreteg punika. Lajeng katindakaken panunjukkan perusahaan pelaksana pambangunan, kanthi penandatanganan kontrak ing tanggal 14 Dhésèmber 1961, kanthi béya USD 4.500.000 (kurs nalika iku, USD 1 = Rp 200,00).

Pambangunan kreteg punika kawiwitan ing wulan April 1962, sabibaripun pikantuk psarujukan saking Présidhèn Soekarno. Béa pambangunanipun kanpendhet saking dana pampasan perang Jepang. Boten namung béya, kreteg punika ugi ngginkaken tenaga ahli saking nagara mau.[1]

Nalika wiwitan, kreteg punika dipunsukani nama, Kreteg Bung Karno. Miturut sejarawan Djohan Hanafiah, nama mau minangka wujud pangaji-aji dhumateng Présidhèn RI ingkang angka pisan mau. Bung Karno kanthi saéstu memperjuangaken punpa ingkang dados pepenginan warga Palembang, saperlu kagunan sawijining kreteg ing inggil Kali Musi.[2]

Peresmian panganggo kreteg dipunadani ing taun 1965, ugi ngukuhaken nama Bung Karno minangka nama kreteg. Nalika iku, kreteg punika minangka kreteg paling dawa ing Asia Tenggara.[3] Sasampunipun wonten pergolakan pulitik ing taun 1966, nalika obahan anti-Soekarno santer, nama kreteg punika dipunéwahi dados Kreteg Ampera (Amanat Penderitaan Rakyat).[4]

Antawis taun 2002, wonten wacana saperlu mbangsulaken nama Bung Karno minangka nama Kreteg Ampera punika. Ananging, pamanggih punika boten pikantuk dukungan saking pamaréntah saha sapérangan masarakat.[1]

Keistimewaan[besut | besut sumber]

Wiwitanipun, pérangan tengah badan kreteg punika saged kaangkat minggah supados tiang kapal ingkang lumantar ing sangandhapipun boten kasangkut badan kreteg. Pérangan tengah kreteg saged kaangkat kanthi piranti mekanis, kalih bandul pemberat piyambak-piyambak kanthi bobot antawis 500 ton ing kekalih menaranipun. Kecepatan pengangkatanipun antawis 10 mèter per menit kanthi total wekdal ingkang dipunbetahaken saperlu ngankat dangunipun antawis 30 menit. Nalika pérangan tengah kreteg kaangkat, kapal kanthi ukuran amba 60 mèter saha kanthi inggil total 44,50 mèter, saged lumantar ing Kali Musi. Manawi pérangan tengah kreteg punika kaangkat, inggil total kapal ingkang ngandhap kreteg namung 9 mèter saking nginggil toya kali.[5]

Wiwit taun 1970, aktivitas kreteg punika sampun boten dipuntindakaken malih. Alasanipun, wekdal ingkang dipunbetahaken saperlu ngangkat pérangan tengah dipunraosaken nganggu lalu lintas ing sanginggilipun kreteg.

Nalika taun 1990, kekalih bandul ing menara kreteg dipunandahapaken saperlu ngindhari dhawahing beban pemberat kekalih punika.[1]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c "Dibiayai Jepang, Kreteg Ampera Dulu Bernama Bung Karno". Detik.com. 6 Agustus 2007. Dijupuk 9 Dhésèmber 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  2. ^ "33 Tahun Sudah Kreteg Ampera Tak Bisa Naik Turun Lagi". Kompas. 19 April 2003. Dijupuk 9 Dhésèmber 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  3. ^ "Pariwisata Palembang". bumisriwijaya.com. Dijupuk 9 Dhésèmber 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)
  4. ^ [1]
  5. ^ "Menunggu Wajah Baru Kreteg Ampera". Tempo. 31 Maret 2005. Dijupuk 9 Dhésèmber 2012.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Médhia magepokan Ampera Bridge ing Wikimedia Commons