Menyang kontèn

Jameed

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Jameed, utawa dadih Arab (Arab: جميد, Carakan: ꦗꦩꦷꦢ꧀, IPA: /d͡ʒa.miːd/, sacara harfiah ateges "atos" utawa "wêku") minangka panganan asal Yordania (utamane ing Asia, Arab, Irak, Balochistan lan Afghanistan) kanthi bahan awujud yogurt saring sing atos lan garing, sing digawe saka susu wedhus[1] utawa susu kewan ternak sing liyane.[2] Susu sing iku diselehake ing tenunan kasa kanggo nggawe yogurt anyar sing luwih kenthel kanthi nambahake uyah saben dina lan kanthi mbilas banjuran ing njaba kasa kasebut nganggo banyu supaya bisa ngintasi whey sing isih ana. Sawise pirang-pirang dina dimenengake, adonan iku bakal dadi kenthel lan bisa dicopot saka kasane kasebut. Pungkasane, miwiti mbentuk adonan sing iku dadi bunder lan garingake sawetara dina ing wilayah sing adoh saka basah-basahan lan sinar matahari kanggo njaga warna lan kualitase. Jameed minangka bahan utama sing digunakake kanthi akeh masakan Wétan Tengah kaya mansaf, utawa wedhus dadiah, yaiku sajian daerah saka Yordania.

Jameed
Jameed ing ngarep toko
Sing luwih tepat, Jameed bisa ditulis minangka mung jamid.
JinisPalengkap
Tlatah utawa prajaYordania
Panganan sairibDadih[3]
Buku masakan: Jameed  Médhia: Jameed

Biasane, wong Badui Arab nyedhiyakake pasar Yordania kanthi pinten-pinten produk sajinis susu wedhus, lan kalebu ing jerone yaiku Jameed. Jameed kasebut digunakake ing akeh masakan Yordania kayata fatteh, simbah zukini, wedhus dadiah, lan sing liyane, sarta terakhir uga dadi panganan daerah Yordania kaya sing kasebut sadurunge.[4]

Referensi

[besut | besut sumber]
  1. Albala, Ken (2011-05-25). Food Cultures of the World Encyclopedia [4 volumes]: [Four Volumes] (ing basa Inggris). ABC-CLIO. ISBN 9780313376276.
  2. "Obrolan ChatGPT: Jamīd dari Susu Sapi". Dibukak ing 2025-05-30.
  3. "Obrolan Poe: Hidangan Indonesia Mirip Jamīd". Dibukak ing 2025-05-29.
  4. "ارتفاع الأسعار يفتح قاموس الأكلات الشعبية في الكرك". وكالة عمون الاخبارية (Ammon News Agency) (ing basa Arab). Diarsip saka sing asli ing 2016-04-06. Dibukak ing 2016-03-26.